223. GUMEBYAR !
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )
Gumebyar ! Gumebyar ! Lintang wetan sumunar.
Pra Pujanggasaking wetan madosi Putra kaswargan
ing kang sampun binabar.
2. Betlehem ! Betlehem ! Pujinen Ratu Salem !
Linuhurna Hyang Makwasa !
Tentrem - rahajeng neng bumi,
manungsa sinarjonan !
3. Sangsara, sangsara rawuhe Sang Pamarta.
Nging nggih niku kang pinuji
ing golongan bala swarga.
Nggih niku Gusti kula.
4. Dhuh Gusti, dhuh Gusti ! Kawula saos bekti.
Ryadin m'nika, mugi kula
wilulanga andedonga,
sowan mring Sang Ginusti.
Rabu, 28 Februari 2018
224. GUSTI, RAMA ING SWARGA
224. GUSTI, RAMA ING SWARGA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )
Gusti, Rama ing swarga kawula nglenggana,
de kadya Zakharia, tan mantep pracaya
maring dhawuhing Allah denya paring berkah.
2. Gusti Yesus Sang Kristus, kanthi manah tulus,
kadya Yusuf lan Maria sumarah mring Allah
Mugi Natal punika ngekahna pracaya
3. Putreng Allah sejati, kawula memuji
sesarengan malaekat memuja tan kendhat.
Mugi Natal punika babaring sih- tresna.

Jumat, 16 Februari 2018
225.HALELUYA ! YESUS KRISTUS
225.HALELUYA ! YESUS KRISTUS
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )
Haleluya ! Yesus Kristus ngrawuhi manungsa.
Padhanging kamulyanipun kawuryan neng donya.
2. Haleluya ! Rawuhipun awit welasipun
mring para umat sadarum, amrih gesangipun.
3. Haleluya ! Yesus Kristus dados Juru Slamet,
Panuntun kang setya tuhu Ratu Langgeng.
4. Haleluya ! Haleluya ! Putranipun Allah
sampun miyos ing Betlehem. Pinujia tansah !

226. HOSIANA, GUSTIKU
226. HOSIANA, GUSTIKU
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )
Hosiana, Gustiku rawuh saking ngaluhur.
Hosiana, Gustiku rawuh saking ngaluhur.
Pra manungsa sajagad den paringi sih rahmat,
gedhe cilik ywa kliwatan. Payo muji Pangeran.
2. Hosiana, Gustiku rawuh saking ngaluhur.
Hosiana, Gustiku rawuh saking ngaluhur.
Pra manungsa sadonya samya amanembrama;
samangkya sajagad bingah, wit katresnaning Allah.
3. Hosiana, Gustiku rawuh saking ngaluhur.
Hosiana, Gustiku rawuh saking ngaluhur.
Pra manungsa sabumi samya atur pamuji;
samangkya samya ngabekti maring Sang Kristus Gusti.

227. IBA ENDAH CAHYENG RATRI
227. IBA ENDAH CAHYENG RATRI
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )
Iba endah cahyeng ratri kang nyunari jagad rat;
duk praduta swarga prapti ngundhang aken sih rahmat.
Raharja, prajalma kang sinungan kawaluyan,
lantaran Sang Pamarta, lantaran Sang Pamarta.
2. Puji konjuk Hyang Maluhur kang melasi mring jalma;
nglepataken saking ukum, mitulungi raharja.
Pra jalma sayogya ndherek muji Hyang Masuci,
langgeng ing salaminya, langgeng ing salaminya.

228. ING BETLEHEM KANG TAN AJI
228. ING BETLEHEM KANG TAN AJI
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )
Ing Betlehem kang tan aji wus miyos Sang Bayi.
Kang kadya wus kaweca aneng Kitab Suci.
Reff.
Suraka, ya suraka ! Kanthi suka rena,
"Sang Pamarta wus manjalma nunggil klayan kita !"
2. Bayi papa kang kaweca agung pangwasanya;
mbirat salir sangsara wah pangrehing dosa.
Reff......
3. Bayi suci kang ginusti tumedhak sing swarga;
ambabar asih-tresna, yogya tinuladha.
Reff......
4. Bayi adya wah sampurna tumedhak mring jagad,
nedya sung karaharjan, wit gung ing sih-rahmat.

229. KABINGAHAN KANG SEJATI
229. KABINGAHAN KANG SEJATI
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )
Kabingahan kang sejati ing riyadi natal niki
pasamuwan regeng yekti sesarengan angabekti
memuja, misungsung, ngakendosa, lan nyenyuwun,
bingah-bingah trus ing manah.
Sung kabegjan dhateng liyan numrahna !
Raharja wit wus prapta Sang Pamarta.
2. Kabingahan kang sejati ing riyadi natal niki
brayat sami tetunggilan wah ngabekti sesarengan
ngundhangna Injilnya mrih salir tyang gesang nyata.
Ngluwarana tyang sangsara wah mbelani tyang prihatin,
mrih samya rahayu, wit Sang Kristus sampun rawuh.
3. Kabingahan kang sejati ing riyadi natal niki,
pepanggihan lan pra mitra sesarengan aneng greja
memuji mring Gusti wah leladi mring sesami,
angrukunna tyang congrahan wah nyirnakna kamitegan,
ngegungna sih-tresna. Kristus Gusti sampun prapti.

230. KABINGAHAN KANG SEJATI
230. KABINGAHAN KANG SEJATI
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )
Kabingahan kang sejati sumrambah
sa bumi. Ratu Adil sampun prapta,
sinung gesang mulya, sinung gesang mulya,
sinung, sinung gesang mulya
2. Kaslametan wit sih-rahmat sinrahken mring jagad
Sang Pamarta wus manjalma ngrembat sagung dosa:
ngrembat sagung dosa, ngrembat , ngrembat sagung dosa.
3. Karaharjan kang sanyata pinaringken jalma.
Kristus prapta olah-tresna, tentrem kang pinanggya,
tentrem kang pinanggya, tentrem, tentrem kang pinanggya.
4. Warta adi kang satuhu saking Kang Makwasa.
Kristus Gusti mbikak swargi, begja tyang pracaya,
begja tyang pracaya, begja, begja tyang pracaya.

231. KADOSPUNDI, DHUH GUSTI
231. KADOSPUNDI, DHUH GUSTI
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )
Kadospundi, dhuh Gusti, nggen kula sung urmat,
methukken klayan puji mring Ratuning jagad ?
Mugi Gusti madhangi lantaran Roh Suci.
Salam kula ndadosna kepareng Paduka.
2. Saking dhampar kang mulya lan kluhuran swarga,
Gusti tedhak ing donya nunggil lan pra-jalma,
tumut nandhang sangsara, ngrembat kasisahan,
ngrukunken tiyang dosa dhumateheng Pangeran.
3. Punapa kang njalari, dhuh Ratu kang mulya,
Paduka rawuh mriki, karsa nandhang papa ?
Inggih piwlas Paduka saha palimirma,
lan katresnan Paduka dhateng tiyang dosa.

232.KAMULYAKNA
232.KAMULYAKNA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )
Kamulyakna Hyang Maagung ing swarga, ing swarga.
Tentrem rahayu ana ing bumi, ing manungsa kang sinarjonan
Kluhurna Allah neng swarga, kluhurna Allah neng swarga !
Tentrem rahayu ana ing bumi, tentrem rahayu ana ing bumi,
ing manungsa, ing manungsa kang sinarjonan,
ing manungsa kang sinarjonan, kang sinarjonan !
2. Pinujia, pinundhi a Hyang Maagung ing swarga lan ing bumi.
Tentrem rahayu ana ing bumi, ing manungsa kang sinarjonan
Amin, amin !

233. KANCA AGIYAKA
233. KANCA AGIYAKA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )
Kanca agiyaka ! Ing kandhang Bethlehem
karawuhan Rohing Pangeran.
Sang Bayi miyos pinaringken kita.
Reff.
Lah payo mrana sujud, lah payo mrana sujud
ngabekti maring Gusti, Pamarta
2. Pamartaning jagad, Putra kang tumurun
sumeleh aneng pamakanan.
Yeku wujudnya prasetyaning Allah.
Reff.....
3. Sang Ratuning Jagad dahat kinurmatan,
rawuhe mbabar sih-kawelasan
marang manungsa kang samnya pracaya.
Reff......
4. Panebus sejati kang rawuh ing bumi
mrih manungsa sinung basuki.
Nulya sowana sarwi sumuyuda.

234. KAPRUGU SWARA GUMYAK
234. KAPRUGU SWARA GUMYAK
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )
Kaprugu swara gumyak ngumandhang saka swarga
paring warta kabungahan tumrah mring pra manungsa.
Nyata Allah tresna; kongsi ngutus Putranya
maringken tentrem rahayu mring para wong pracaya.
Reff.
Rungokna, swaranya paring warta basuki !
Rungokna swaranya ! Pangeran asih mring jalmi.
2. Lonceng Injil ngumandang, ngundang kembul bujana.
Aja nulak timbalannya, kang kebak sih-nugraha.
" Mara tampanana, Rotining Kauripan !
Murih sira nduwenana, urip ing kalanggengan. "
Reff....
3. Lonceng Injil ngumandhang, kaundhangake terus
sih-katresnan kang sampurna, srana kurban Panebus.
Yeku pawartanya tumraping wong sadonya:
Wus miyos Yesus Pamarta, Juru Slameting jalma.

235. LINTANG WETAN
235. LINTANG WETAN
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )
Lintang wetan samangkya andadari,
cahyanya gumebyar anyunari.
Wijil Paduka lir asung pawarti,
neng cakrawala panglipur ati.
2. Wonten pundi wiyosipun Gusti ?
Punapa aneng panggenan adi ?
Sumarene napa den aji-aji ?
Napa estu niku Jrubasuki ?
3. Lah suwawi sujud dhateng Gusti;
asumungkem asaos pamuji.
Amba tan darbe kang minangka bukti,
namung amba sumuyud mring Gusti.
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )
Lintang wetan samangkya andadari,
cahyanya gumebyar anyunari.
Wijil Paduka lir asung pawarti,
neng cakrawala panglipur ati.
2. Wonten pundi wiyosipun Gusti ?
Punapa aneng panggenan adi ?
Sumarene napa den aji-aji ?
Napa estu niku Jrubasuki ?
3. Lah suwawi sujud dhateng Gusti;
asumungkem asaos pamuji.
Amba tan darbe kang minangka bukti,
namung amba sumuyud mring Gusti.
236. LINUHURNA ! GUSTI PAMARTA
236. LINUHURNA ! GUSTI PAMARTA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )
Linuhurna ! Gusti Pamarta karsa rawuh ing dinya.
Linuhurna ! Gusti Pamarta karsa rawuh ing dinya.
Jagad bilai, Kristus ngrawuhi, daweg kanca, den pepuja !
Rawuhe Gusti datan ngadili, malah nulungi tyang dosa.
2. Linuhurna ! Gusti Pamarta karsa mlasi tyang dosa. ( x 2 )
Jagad bilai, Gusti ngrawuhi karsa nucekken tyang dosa.
drapon muktia saha mulyakna asmane Hyang Mawilasa.
3. Linuhurna ! Gusti Pamarta karsa manjing manungsa ( x 2 )
Jagad bilai, Gusti ngrawuhi paring tladha mring tyang dosa;
ngirid mring swarga tyang kang pracaya; swawi ndherek, para kanca !

237. NYAWAKU MUJI ALLAH
237. NYAWAKU MUJI ALLAH
( Kidung Pasmuwan Jawi/ KPJ )
Nyawaku muji Allah, sukmaku bungah-bungah.
wit saka peparinge Allah marang abdine.
Dene karsa ngudaneni asoring kawulanya,
nganti saliring bangsa ngarani aku rahayu.
2. Aku sinungan berkah saka astaning Allah
dene suci asmane, lan gedhe mukjijate,
kawelasane dhumawuh mring kang padha ngeringi,
wis mesthi denberkahi tumeka turun- tumurun.
3. Astane Allah kita nindakake pangwasa,
mbuyarke wong digung, pra wisesa denlungsur,
ngluhurke para asir, wong ngelih denerobi
salir amal kang becik, wong sugih tinundhung legeh.
4. Allah wus murinani Israel, dimen ngengeti
marang kawelasane mring Abram satedhake.
Allah netepi prajanji marang leluhur kita,
langgeng ing salamanya, asmane pinuji-puji.

Kamis, 15 Februari 2018
238. PARA JALMI, GIRANGA
238. PARA JALMI, GIRANGA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )
Para jalmi, giranga,
mujia, para mudita
Ratu nira wus prapta
jumeneng Ratu salam.
para jalmi, giranga,
mujia, pramudita.
2. Kaluhurna kang Putra, kekasihing kang Rama,
mbangun karatonira, jumeneng Ratu Mulya.
Para jalmi, giranga, mujia, pramudita.
3. Kamulyakna Pamarta, kang rawuh ing pra umat,
Pambirating duraka, jumeneng Juruslamet.

239. PINUJI TANSAH
239. PINUJI TANSAH
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )
Pinuji tansah Allah Mamirah
kang asih mirma maring manungsa,
nladani kita welas asih ira
mring tyang kang ringkih nandhang sangsara.
2. Pinuji - puji Gusti Masuci
paring aksama dosaning jalma,
nladhani kita dimen olah - tresna
ambek-paramarta dhemen ngapura.
3. Pinuji Gusti Kang Maha Kwasawasa
tedhak manjalma nandhang sangsara,
nladhani kita nresnani pepadha,
temah tiyang papa manggih raharja.

240. PARA PANGON KANG WINARTANAN
240. PARA PANGON KANG WINARTANAN
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )
Prapangon kang winartan gung begja king swarga,
yogya kaeraman, angumbar girang ing manah;
denyata wartanya Kristus sampun babar.
2. Ja wedi mring padhang mulya, dumadak ngetingal
ing tengah dalunya, pademon tedhak ing padhang
sing swarga mring donya, jer Kristus wus prapta.
3. Duk pra duta saking swarga karsanya sung warta
slamet mring pra jalma. Mara ndherek muji Allah,
wit welas mring jagad Sang Kristus wus babar.
4. Allah saosana puji; dhuh nyawa, sujuda
mring Putranya suci kang sumare neng palungan,
ya iku Gustimu, Kristus kang wus babar.

241. RATU MULYA
241. RATU MULYA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )
Ratu Mulya ngesorken sarira,
krana karsa ngruwat tiyang dosa;
nandhang papa wiwit wiyos ira;
kain lampin dados gedhong ira;
pamakaman papan sarenipun:
wit punika sestu Kang sinuhun.
2. Ratu Mulya ratu saking swarga, tedhak donya jumeneng Pantara;
ngrukunaken Allah lan manungsa; malaekat ngaturken pamuji,
de rahmatnya sumrambah sabumi, kraharjannya maring para jalmi.
3. Ratu Mulya sung tentrem-raharja, mbirat dosa nyirnakken angkara.
Tyang pitados ngudi katentreman, sowan Gusti sarwi saos kurban.
Gusti tuking pitulunganira nuntun jalma mring Kratoning Swarga.

242. RAWUHA SANG IMANUEL
242. RAWUHA SANG IMANUEL
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )
Rawuha Sang Imanuel ngluwari umat Israel,
dennya nandhang kasangsaran; ngantuantu pitulungan.
Reff.
Gya surak a! He, Israel !
Pethukna Sang Imanuel.
2. Rawuha trubus Isai ngesorken dosa lan pati.
Umat kang nandhang sangsara luwara saking cintraka.
Reff.....
3. Sang Surya kang nembe prapta, linipura umatira.
singkirna peteng nglimputi sarta wayanganing pati.
Reff......
4. Tedhake Daud, rawuha mbikak gapuraning swarga;
tinutup lawanging satru, mring umat tentrem- rahayu.

243. SABUMI PADHA SURAKA
243. SABUMI PADHA SURAKA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )
Sabumi padha surakaing ngarsane
Kang Makwasa. Bektia marang Yehuwah
kalayan ati kang bungah
2. Sumurupa yen Yehuwah
margane salir tumitah.
Kita dadi kagungane,
lir menda neng pangreksane.
3. Mlebu mring gapurane
kambi memuji asmane.
Ing platarane ngidunga
memujia trusing driya !
4. Pangeran Kang Mahamulya,
tresnane mring kang ngabekti
tan kendhat ing salaminya
tumurun wrata sabumi.
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )
Sabumi padha surakaing ngarsane
Kang Makwasa. Bektia marang Yehuwah
kalayan ati kang bungah
2. Sumurupa yen Yehuwah
margane salir tumitah.
Kita dadi kagungane,
lir menda neng pangreksane.
3. Mlebu mring gapurane
kambi memuji asmane.
Ing platarane ngidunga
memujia trusing driya !
4. Pangeran Kang Mahamulya,
tresnane mring kang ngabekti
tan kendhat ing salaminya
tumurun wrata sabumi.
244. SAJRONING PEPETENG
244. SAJRONING PEPETENG
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )
Sajroning pepeteng ing donya,sumunar cahya minulya
amadhangi bangsa sajagad;sadaya nampi sihrahmat.
Rawuhe nyingkirken pepeteng;sirna wayangan ing pati.
Bumi nampani gesang langgeng,krana pepadhang nelahi.
2. Nadyan Paduka amberkahi, bandha donya angluberi,
sanyata datan maedahi; tan kwasa nentremken ati.
Datan ana gunging panenan nuwuhaken katentreman
tumrap wongkang nyingkur Pangeran; koncatan ing karaharjan.
3. Samangke kita sukarena wonten ing ngarsa Paduka,
wit prasetya ingkang kinangsi wus babar wonten ing bumi.
Payo sujud mring Kang Maluhur, ngaturken pamuji sokur,
karana agunging panenan kagem bujana kaswargan.

245. SANG PEPADHANG SEJATI
245. SANG PEPADHANG SEJATI
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )
Sang pepadhang sejati samangya wus prapti,
nyirnakna rehing pati, mrih jalma basuki.
2. Sang pepadhang sayekti wus rawuh ing bumi
mbirat kwasaning dosa, sung tentrem-raharja.
3. Sang pepadhang sanyata manjalma mangungsa
ngasoraken pepeteng, sung gesang kang langgeng.
4. Sang pepadhanging jagad rawuh sung sih-rahmat,
mrih tyang pracaya pasrah dadya putreng Allah.
5. Sang pepadhang satuhu rawuh jroning kalbu.
nenuntun tyang pracaya nulad Sang Pamarta.

246. SANG RATU ADIL SEJATI
246. SANG RATU ADIL SEJATI
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )
Sang Ratu Adil sejati samangkya sestu wus prapti;
maringken tentrem raharja tumrah mring sagung manungsa.
2. Nebus dosaning pra jalma,
paring kasucening driya,
mrih samnya tersna- tinresnan,
nebihana pasulayan.
3. Nyirnakken dayaning pati,
wah malih ngenggalken budi,
mrih adil ingkang sejati
sumrambah salumah bumi.
4. Ngluberken gunging sih-rahmat,
dimen tyang dosa mratobat,
mring salir tyang ingurmatan,
ngangkat drajad kamanungsan.

247. SUGENG RAWUH , GUSTI
247. SUGENG RAWUH , GUSTI
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )
Sugeng rawuh, Gusti, Ratuning swarga
kang tumedhan neng donya krana kula,
" Sugeng rawuh , Gusti saking daleme Rama,
rawuhe neng donya nunggil lan pra jalma "
Salam, salam !
2. Gusti ingkang dadya tuking sih-rahmat;
adreng panyuwun kula klayan urmat.
Kang ibu Maryam tansah manggya widada,
kang sampun dadya srana miyos Paduka.
Salam, salam !
3. Pra pangen gumregah, cahya nelahi,
nulya nampi pawartos saking swargi;
" Gusti Yesus wus miyos, aneng kandhang kewan
nulya ginedhong sumeleh ing palungan."
Salam, salam !
4. Pra pugangga rawuh, lintang kang nganthi
nedya angaturken pangabekti;
mas lan blendokmur sinaosaken mring Gusti
kanthi yakin, yeku Sang Jurubasuki.

Rabu, 14 Februari 2018
248. TAN ANA CAHYA MULYA
248. TAN ANA CAHYA MULYA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )
Tan ana cahya mulya wah swara milangoni
ngendhih bingaring driya.
De Sang Putra wus prapti,
putra tunggaling Pangeran
kang nuwuhken katentreman.
Reff.
Pra malaekat wewarta, ngengidung
memuja, Allah nunggil mring kita.
2. Sajagad sukarena bumi tentrem-rahayu,
pinuji Ratu Mulya karya mareming kalbu.
Mudha- wredha muji samya, " Panebus kita wus prapta ! "
Reff.....
3. Sang Pamarta manjalma karya tentreming driya,
yeku kabegjan swarga tumrah para manungsa.
Samnya saosna pamuji binarung bungahing ati.

249. ABDINING SANG YEHUWAH
249. ABDINING SANG YEHUWAH
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )
Abdining Sang Yehuwah, kang sumuyud mring Allah,
yeku sang Kristus Gusti,Putra sejati.
Ngurbanken sarira, krana tresnanya,
mrih manungsa raharja, mulya neng swarga.
2. Pindha cempening kurban kang pasrah tan suwala.
Ing ngarseng pangadilan dora seksinya.
Tan mbikak lathinya, milaur seda,
tulus lila legawa dadya Pamarta.
3. Sinami lir durjana, sinalib wit duraka;
sinengitan ing jagad, tinampik umat.
Sangsara sedanya, wit ngrembat dosa,
mila tyang kang pracaya gesang raharja.

250. ANENG SALIB PADUKA
250. ANENG SALIB PADUKA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )
Aneng salib Paduka, pangayom kawula,
toyaning gesang mulya ing ardi Golgota.
Reff.
Salibnya, salibnya, kamulyan kawula
ngantos mbenjing nampeni palereman baka.
2. Aneng salib Paduka, katresnan kababar;
inggih namung Paduka pindha lintang fajar.
Reff......
3. Aneng salib Paduka; pikekah kawula;
tansah kula engeti, ing gesang slaminya.
Ref.....
4. Aneng salib Paduka, pitados kawula;
dumugi wancinira bingah aneng swarga.

251. DOSA PUNAPA
251. DOSA PUNAPA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )
Dosa punapa dene Gusti kula,
nadyan ma suci, nging siniya-siya ?
Krana sih tresna Paduka mring kula,
nandhang sangsara.
2. Dhuh, Ratuning rat, napa ta sababnya,
makutha eri ngrenggani mestaka ?
Dimen pra umat rinoban sih-rahmat,
luwar sing laknat.
3. Dhuh , Guru kula, napa darunanya,
kaukum pati krana seksi dora ?
Wit nebusjalma sing kwasaning dosa,
mrih gesang mulya.
4. Dhuh, Imam Agung, amargi punapa,
pindha durjana Paduka pinenthang ?
Mrih sagung titah dados putreng Allah,
sinungan berkah.

252. GUSTI GESANG MALIH
252. GUSTI GESANG MALIH
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )
Gusti agesang malih sampun ngawonaken pati.
Gusti wungu, kula nggih sestu sami badhe tangi.
Sinung gesang kang mulya,
yeku panglipur kula.
2. Gusti wungu jumeneng Ratu aneng kraton swargi.
Umatipun kang mantep, mbenjing ndherek angratoni
Gusti ingkang prasetya, yeku panglipur kula.
3. Gusti wungu, he kanca, sampun uwas-uwas malih.
Gusti dados Pantawis kang gesang, karsa anggalih
ing kaapesan kula, yeku panglipur kula.
4. Gusti wungu, supados pikekah kawula sami
salebeting panggodha dalasan ing baya pati.
Gusti tan nilar kula, yeku panglipur kula.

253. GUSTI KANG SUMARE
253. GUSTI KANG SUMARE
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )
Gusti kang sumare ing kubur sepi.
ngrantos pajar adi kang madhangi.
Reff.
Sakala Gusti wungu, atemahan Iblis keplayu.
Alam ing pati wus kaasorake,
Gusti wungu ngasta panguwaose.
Wus menang ! Wus menang !
Gusti wungu ! Wus menang
2. Yekti tanpa guna kubur jinaga,
sarta tanpa guna tutup sela.
Reff.....
3. Iblis dalah pati wus tanpa daya,
nahan mring Gustiku, tetep nglaha.

254. GUSTI NENG TAMAN GETSEMANE
254. GUSTI NENG TAMAN GETSEMANE
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )
Gusti neng taman Getsemane nampi siksa miwah bebendu,
nglawan pagiris ing pati, krana gunging dosaku.
Reff.
Yogya nggonku nanggapi sihrahmate Gusti,
yekti amung sawiji, pracaya lan bekti.
2. Gusti Yesus siniya- siya, ginebagan sarta sinapu,
saestu nandhang sangsara, krana gunging dosaku.
Reff....
3. Gusti sinami lir durjana, nir pamore Ratuning ratu,
dadya kurban tan suwala, krana gunging dosaku.
Reff....
4. Gustiku sinalib ing Golgota, wit sih-trsnanya kang satuhu;
tedhak ing telenging pati, krana gunging dosaku.
reff....

255. GUSTI SAMPUN WUNGU
255. GUSTI SAMPUN WUNGU
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )
Gusti smpun wungu ! Gusti sampun wungu !
Saestu, sampun wungu !
( sawatawis sadherek )
Jatining tentrem sampun prapta
angabaki ing manah kula.
( sesarengan )
Gusti sampun wungu ! Gusti sampun wungu !
Saestu, sampun wungu !
( sawatawis sadherek putri )
Suraka kanca ! Kori kubur menga;
rantening pati wus tanpa daya.
Gusti miyos klayan ngasta kunggulan,
nyata niku Juruslamet kita.
( serarengan )

256. GUSTI SINALIB ING GOLGOTA
256. GUSTI SINALIB ING GOLGOTA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )
Gusti sinalib ing Golgota ngrembat dosaning para jalma,
srana rah kang suci sampurna. Puji asmanya !
Reff.
Swawi muji asmanya ! swawi muji asmanya !
Srana rahe, kita tinebus. Puji asmanya !
2. Saiba begjaning awakku, lamun Yesus dadya duwekku,
kang angluwari saka dosa. Puji asmanya !
Reff.....
3. Rahe dadya tuking uripku, kang wus ngrembat sagung dosaku.
Kita rineksa kanthi setya. Puji asmanya !
Reff....
4. Gya samya marek mring salibe, dimen kinumbah srana rahe.
Pasrahna jiwa-raga kita ! Puji asmanya !

Rabu, 07 Februari 2018
257. GUSTI YESUS SINALIB
257. GUSTI YESUS SINALIB
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )
Gsti Yesus sinalib sinrahken Allah priyangga,
karsa nyangga paukuman myang laknat dados lintuning berkat.
2. Gustiku kang sinalib, pasrah pyambak mring sedane,
supayane aku padha slameta, sihe winangnsulana.
3. Gustiku kang sinalib, marga dening durakaku,
mangka aku jenak mring pakareman, pantes tampi ukuman.
4. Panebusku sinalib, aku iki tebusane.
Kwajibane, aku mbuwang piala margane Gusti seda.

258. GUSTI YESUS WUS WUNGU
258. GUSTI YESUS WUS WUNGU
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )
Gusti Yesus wus wungu ! Haleluya !
Bumi swarga agirang ! Haleluya !
Samnya memuji sokur ! Haleluya !
Mring Gusti kang wus mimpang ! Haleluya !
2. Katresnane sampurna ! Haleluya !
Kamenangane nyata ! Haleluya !
Sunaring surya padhang ! Haleluya !
Tinampi kanthi girang ! Haleluya !
3. Gesang malih Sang Raja ! Haleluya !
Kita tentrem - raharja ! Haleluya !
Pati, endi antupmu ? Haleluya !
Kubur, endi kwasamu ? Haleluya !
4. Kubur kwasane sirna ! Haleluya !
Naraka tanpa daya ! Haleluya !
Teluk dening Sang Kristus ! Haleluya !
Binuka taman Pirdus ! Haleluya !

259. ING ARDI GOLGOTA
259. ING ARDI GOLGOTA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )
Ing ardi Golgota ana salin ira
lambang ing pamoyok panyiya.
Ing kono Gustiku pinethang sangsara
nebus dosaning para jalma.
Reff.
Salib iku tansah dak pundhi,
nadyan nganti tumekeng janji.
Dak rangkul kanthi trusing kalbu
makutha kang dadya duwekku.
2. Salib kang minangka lambanging panguya, tumrap aku gedhe ajine,
cempe kurban suci tumedhak ing donya, ngluwari jagad krana sihe.
Reff......
3. Salib kang minangka tandhaning kanisthan, kecipratan ing getih suci.
dadi marga aku antuk kaslametan, dosa lebur wit rahe Gusti.
Reff.....
4. Kanthi setya nurut ing margine Gusti, nadyan aku cinacat tansah;
katuntun mring papan kang luhur sejati, nampa kaluberaning berkah

Kamis, 01 Februari 2018
260. ING DINTEN ADI PUNIKI
260. ING DINTEN ADI PUNIKI
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )
Ing dinten adi puniki kula muji mring Gusti
kang dads Juru Basuki; karsa ngurbanken dhiri
sinalib dumugeng seda; nyanggi bebenduning dosa,
mrih tyang pracaya waluya; rinukunken klayan Allah,
nggih dinadosken Putranya, cinadhang kraton swarga.
2. Ratu Salam Putreng Allah lir durjana binanda,
Gusti siniksa mung pasrah, mangka darbe pangwasa.
Ingawonken tetep sabar, ing penggalih tansah lajar,
Gusti datan lenggana, Sumarah badhe sinaos
mring Allah nirken supaos kang tumrap tyang duraka.
3. Gusti seda dados srana pangruwat saking dosa.
Nglebur paukuman kula, temah manah santosa.
Betah nandhang kasisahan dening pangrehing Pangeran
Gusti dados lantaran. Pejah kula ndherek Gusti,
nanging ndherek gesang ugi mring kamulyan sejati.

261. ING GOLGOTA
261. ING GOLGOTA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )
Ing Golgota, ing Golgota, Gusti Yesus sinalib.
Kang karebat luwar kula, saking bandaning Iblis.
Siksa kula dipun rembat, kula luwar saking laknat.
Ing Golgota, ing Golgota, Gusti Yesus sinalib.
2. Ing Golgota, ing Golgota dosa kula linebur,
mila mangke gesang kula, bingah ayem alipur.
Rahing Gusti winutahken, pangluwaran pinaringken.
Ing Golgota, ing Golgota dosa kula linebur.
3. O, dhuh Gusti, Putra Swargi, mugi nunggil ing kula.
Kula mugi winulanga tresna dhateng Paduka,
dimen mbenjing kula klilan lumebet dalem kaswargan.
O, dhuh Gusti, Putra Swargi, mugi nunggil ing kula.

262. KWAOSING ASMA PADUKA
262. KWAOSING ASMA PADUKA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )
Kwaos ing asma Paduka ingkang kita sebar;
pramila kita dhuh Gusti, tan giris ing pati.
Kadya gesangipun wiji ingkang katanem ing siti,
amrih tuwuha ngrembaka, temahan medal wohira,
mumpangati salumahing bumi.
2. Kados tuladha Paduka kang nandhang sangsara,
de sinalib nulya seda, wit dosaning jalma.
kados wiji kang katanem ing siti samnya kapendhem,
makaten kita kang nistha, kepareng nunggil Paduka,
binerkahan, pikantuk kaswargan.
3. Paduka kang wungu malih saking palimengan.
Kawula sami antuk sih, rahmating Pangeran.
Karebat saking antaka, nampi kamulyaning swarga.
Gustingutusa pra abdi kang tlatos anyebar wiji
kanthi setya, kang mring Paduka.

263. LAH WONTEN SWARA GUMIYAK
263. LAH WONTEN SWARA GUMIYAK
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )
Lah wonten swara gumiya ngumandhang neng Yerusalem.
Duk gumebyar padhang surya. Lah wus wungu Gusti kula !
2. Sira plimenganing pati,
tan kecongah nglawan Gusti.
Gusti unggul, nilar kubur;
nyata Suteng Kang Maluhur.
3. Mangke pati tan ngajrihi,
Gusti sampun anguwisi,
Sinten pitados mring Gusti
tan ajrih sara myang pati
4. Krana Gusti sampun wungu,
kula antuk geang estu,
gesang enggal, krana Rahnya
kang mancur aneng Golgota.

264. LUWAR
264. LUWAR
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )
Luwar, luwar, luwar saking siksa.
Puja, puja, konjok Sang Pamarta.
Kang karsa rawuh ing donya
mitulungi tiyang dosa,
mitulungi tiyang dosa,
Reff.
Luwar, luwar, mung awit saking sih,
srana rahnya Gusti kang sinalib.
Saiba gunging sih rahmat
kang sung luwar, Haleluya !
2. Luwar, luwar, luwar saking dosa. Iba gungnya sihe Sang Pamarta
de karsa nombokken yuswa ngrembat dosaning manungsa
ngrembat dosaning manungsa.
Reff.....
3. Luwar, luwar, luwar sing bilai. Swawi sami muji dhateng Gusti
swawi denwangsuli tresna de klangkung sihe mring kita
de klangkung sihe mring kita
Reff......
4. Luwar, luwar, luwar saking laknat, klangkung- langkung lubering sih-rahmat,
sayogya kula lembana, langgeng salami-laminya,
langgeng salami-laminya.