Jumat, 16 Februari 2018

234. KAPRUGU SWARA GUMYAK

234. KAPRUGU SWARA GUMYAK
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Kaprugu swara gumyak ngumandhang saka swarga
paring warta kabungahan tumrah mring pra manungsa.
Nyata Allah tresna; kongsi ngutus Putranya
maringken tentrem rahayu mring para wong pracaya.

Reff.
  Rungokna, swaranya paring warta basuki !
  Rungokna swaranya ! Pangeran asih mring jalmi.
 
2. Lonceng Injil ngumandang, ngundang kembul bujana.
   Aja nulak timbalannya, kang kebak sih-nugraha.
   " Mara tampanana, Rotining Kauripan !
   Murih sira nduwenana, urip ing kalanggengan. "
  
   Reff....
  
3. Lonceng Injil ngumandhang, kaundhangake terus
   sih-katresnan kang sampurna, srana kurban Panebus.
   Yeku pawartanya tumraping wong sadonya:
   Wus miyos Yesus Pamarta, Juru Slameting jalma.
  
   Reff.....

Tidak ada komentar:

Posting Komentar