Kamis, 15 Februari 2018

242. RAWUHA SANG IMANUEL

242. RAWUHA SANG IMANUEL
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Rawuha Sang Imanuel ngluwari umat Israel,
dennya nandhang kasangsaran; ngantuantu pitulungan.

Reff.
  Gya surak a! He, Israel !
  Pethukna Sang Imanuel.
 
2. Rawuha trubus Isai ngesorken dosa lan pati.
   Umat kang nandhang sangsara luwara saking cintraka.
  
   Reff.....
  
3. Sang Surya kang nembe prapta, linipura umatira.
   singkirna peteng nglimputi sarta wayanganing pati.
  
   Reff......
  
4. Tedhake Daud, rawuha mbikak gapuraning swarga;
   tinutup lawanging satru, mring umat tentrem- rahayu.
  
   Reff.....

Tidak ada komentar:

Posting Komentar