Kamis, 15 Februari 2018

245. SANG PEPADHANG SEJATI

245. SANG PEPADHANG SEJATI
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Sang pepadhang sejati samangya wus prapti,
nyirnakna rehing pati, mrih jalma basuki.

2. Sang pepadhang sayekti wus rawuh ing bumi
   mbirat kwasaning dosa, sung tentrem-raharja.
  
3. Sang pepadhang sanyata manjalma mangungsa
   ngasoraken pepeteng, sung gesang kang langgeng.
  
4. Sang pepadhanging jagad rawuh sung sih-rahmat,
   mrih tyang pracaya pasrah dadya putreng Allah.
  
5. Sang pepadhang satuhu rawuh jroning kalbu.
   nenuntun tyang pracaya nulad Sang Pamarta.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar