Jumat, 16 Februari 2018

233. KANCA AGIYAKA

233. KANCA AGIYAKA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Kanca agiyaka ! Ing kandhang Bethlehem
karawuhan Rohing Pangeran.
Sang Bayi miyos pinaringken kita.

Reff.
  Lah payo mrana sujud, lah payo mrana sujud
  ngabekti maring Gusti, Pamarta
 
2. Pamartaning jagad, Putra kang tumurun
   sumeleh aneng pamakanan.
   Yeku wujudnya prasetyaning Allah.
  
   Reff.....
  
3. Sang Ratuning Jagad dahat kinurmatan,
   rawuhe mbabar sih-kawelasan
   marang manungsa kang samnya pracaya.
  
   Reff......
  
4. Panebus sejati kang rawuh ing bumi
   mrih manungsa sinung basuki.
   Nulya sowana sarwi sumuyuda.
  
   Reff.....

Tidak ada komentar:

Posting Komentar