Kamis, 15 Februari 2018

247. SUGENG RAWUH , GUSTI

247. SUGENG RAWUH , GUSTI
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Sugeng rawuh, Gusti, Ratuning swarga
kang tumedhan neng donya krana kula,
" Sugeng rawuh , Gusti saking daleme Rama,
rawuhe neng donya nunggil lan pra jalma "
Salam, salam !

2. Gusti ingkang dadya tuking sih-rahmat;
   adreng panyuwun kula klayan urmat.
   Kang ibu Maryam tansah manggya widada,
   kang sampun dadya srana miyos Paduka.
   Salam, salam !
  
3. Pra pangen gumregah, cahya nelahi,
   nulya nampi pawartos saking swargi;
   " Gusti Yesus wus miyos, aneng kandhang kewan
   nulya ginedhong sumeleh ing palungan."
   Salam, salam !
  
4. Pra pugangga rawuh, lintang kang nganthi
   nedya angaturken pangabekti;
   mas lan blendokmur sinaosaken mring Gusti
   kanthi yakin, yeku Sang Jurubasuki.
   Salam, salam !

Tidak ada komentar:

Posting Komentar