Jumat, 16 Februari 2018

226. HOSIANA, GUSTIKU

226. HOSIANA, GUSTIKU
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Hosiana, Gustiku rawuh saking ngaluhur.
Hosiana, Gustiku rawuh saking ngaluhur.
Pra manungsa sajagad den paringi sih rahmat,
gedhe cilik ywa kliwatan. Payo muji Pangeran.

2. Hosiana, Gustiku rawuh saking ngaluhur.
   Hosiana, Gustiku rawuh saking ngaluhur.
   Pra manungsa sadonya samya amanembrama;
   samangkya sajagad bingah, wit katresnaning Allah.
  
3. Hosiana, Gustiku rawuh saking ngaluhur.
   Hosiana, Gustiku rawuh saking ngaluhur.
   Pra manungsa sabumi samya atur pamuji;
   samangkya samya ngabekti maring Sang Kristus Gusti.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar