Kamis, 15 Februari 2018

243. SABUMI PADHA SURAKA

243. SABUMI PADHA SURAKA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Sabumi padha surakaing ngarsane
Kang Makwasa. Bektia marang Yehuwah
kalayan ati kang bungah

2. Sumurupa yen Yehuwah
   margane salir tumitah.
   Kita dadi kagungane,
   lir menda neng pangreksane.
  
3. Mlebu mring gapurane
   kambi memuji asmane.
   Ing platarane ngidunga
   memujia trusing driya !
  
4. Pangeran Kang Mahamulya,
   tresnane mring kang ngabekti
   tan kendhat ing salaminya
   tumurun wrata sabumi.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar