Rabu, 14 Februari 2018

248. TAN ANA CAHYA MULYA

248. TAN ANA CAHYA MULYA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Tan ana cahya mulya wah swara milangoni
ngendhih bingaring driya.
De Sang Putra wus prapti,
putra tunggaling Pangeran
kang nuwuhken katentreman.

Reff.
  Pra malaekat wewarta, ngengidung
  memuja, Allah nunggil mring kita.
 
2. Sajagad sukarena bumi tentrem-rahayu,
   pinuji Ratu Mulya karya mareming kalbu.
   Mudha- wredha muji samya, " Panebus kita wus prapta ! "
  
   Reff.....
  
3. Sang Pamarta manjalma karya tentreming driya,
   yeku kabegjan swarga tumrah para manungsa.
   Samnya saosna pamuji binarung bungahing ati.
  
   Reff......

Tidak ada komentar:

Posting Komentar