252. GUSTI GESANG MALIH
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )
Gusti agesang malih sampun ngawonaken pati.
Gusti wungu, kula nggih sestu sami badhe tangi.
Sinung gesang kang mulya,
yeku panglipur kula.
2. Gusti wungu jumeneng Ratu aneng kraton swargi.
Umatipun kang mantep, mbenjing ndherek angratoni
Gusti ingkang prasetya, yeku panglipur kula.
3. Gusti wungu, he kanca, sampun uwas-uwas malih.
Gusti dados Pantawis kang gesang, karsa anggalih
ing kaapesan kula, yeku panglipur kula.
4. Gusti wungu, supados pikekah kawula sami
salebeting panggodha dalasan ing baya pati.
Gusti tan nilar kula, yeku panglipur kula.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar