Kamis, 15 Februari 2018

246. SANG RATU ADIL SEJATI

246. SANG RATU ADIL SEJATI
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Sang Ratu Adil sejati samangkya sestu wus prapti;
maringken tentrem raharja tumrah mring sagung manungsa.

2. Nebus dosaning pra jalma,
   paring kasucening driya,
   mrih samnya tersna- tinresnan,
   nebihana pasulayan.
  
3. Nyirnakken dayaning pati,
   wah malih ngenggalken budi,
   mrih adil ingkang sejati
   sumrambah salumah bumi.
  
4. Ngluberken gunging sih-rahmat,
   dimen tyang dosa mratobat,
   mring salir tyang ingurmatan,
   ngangkat drajad kamanungsan.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar