Jumat, 16 Februari 2018

231. KADOSPUNDI, DHUH GUSTI

231. KADOSPUNDI, DHUH GUSTI
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Kadospundi, dhuh Gusti, nggen kula sung urmat,
methukken klayan puji mring Ratuning jagad ?
Mugi Gusti madhangi lantaran Roh Suci.
Salam kula ndadosna kepareng Paduka.

2. Saking dhampar kang mulya lan kluhuran swarga,
   Gusti tedhak ing donya nunggil lan pra-jalma,
   tumut nandhang sangsara, ngrembat kasisahan,
   ngrukunken tiyang dosa dhumateheng Pangeran.
  
3. Punapa kang njalari, dhuh Ratu kang mulya,
   Paduka rawuh mriki, karsa nandhang papa ?
   Inggih piwlas Paduka saha palimirma,
   lan katresnan Paduka dhateng tiyang dosa.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar