Jumat, 16 Februari 2018

228. ING BETLEHEM KANG TAN AJI

228. ING BETLEHEM KANG TAN AJI
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Ing Betlehem kang tan aji wus miyos Sang Bayi.
Kang kadya wus kaweca aneng Kitab Suci.

Reff.
  Suraka, ya suraka ! Kanthi suka rena,
  "Sang Pamarta wus manjalma nunggil klayan kita !"
 
2. Bayi papa kang kaweca agung pangwasanya;
   mbirat salir sangsara wah pangrehing dosa.
  
   Reff......
  
3. Bayi suci kang ginusti tumedhak sing swarga;
   ambabar asih-tresna, yogya tinuladha.
  
   Reff......
  
4. Bayi adya wah sampurna tumedhak mring jagad,
   nedya sung karaharjan, wit gung ing sih-rahmat.
  
   Reff......

Tidak ada komentar:

Posting Komentar