Rabu, 14 Februari 2018

251. DOSA PUNAPA

251. DOSA PUNAPA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Dosa punapa dene Gusti kula,
nadyan ma suci, nging siniya-siya ?
Krana sih tresna Paduka mring kula,
nandhang sangsara.

2. Dhuh, Ratuning  rat, napa ta sababnya,
   makutha eri ngrenggani mestaka ?
   Dimen pra umat rinoban sih-rahmat,
   luwar sing laknat.
  
3. Dhuh , Guru kula, napa darunanya,
   kaukum pati krana seksi dora ?
   Wit nebusjalma sing kwasaning dosa,
   mrih gesang mulya.
  
4. Dhuh, Imam Agung, amargi punapa,
   pindha durjana Paduka pinenthang ?
   Mrih sagung titah dados putreng Allah,
   sinungan berkah.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar