Jumat, 16 Februari 2018

230. KABINGAHAN KANG SEJATI

230. KABINGAHAN KANG SEJATI
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Kabingahan kang sejati sumrambah
sa bumi. Ratu Adil sampun prapta,
sinung gesang mulya, sinung gesang mulya,
sinung, sinung gesang mulya

2. Kaslametan wit sih-rahmat sinrahken mring jagad
   Sang Pamarta wus manjalma ngrembat sagung dosa:
   ngrembat sagung dosa, ngrembat , ngrembat sagung dosa.
  
3. Karaharjan kang sanyata pinaringken jalma.
   Kristus prapta olah-tresna, tentrem kang pinanggya,
   tentrem kang pinanggya, tentrem, tentrem kang pinanggya.
  
4. Warta adi kang satuhu saking Kang Makwasa.
   Kristus Gusti mbikak swargi, begja tyang pracaya,
   begja tyang pracaya, begja, begja tyang pracaya.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar