241. RATU MULYA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )
Ratu Mulya ngesorken sarira,
krana karsa ngruwat tiyang dosa;
nandhang papa wiwit wiyos ira;
kain lampin dados gedhong ira;
pamakaman papan sarenipun:
wit punika sestu Kang sinuhun.
2. Ratu Mulya ratu saking swarga, tedhak donya jumeneng Pantara;
ngrukunaken Allah lan manungsa; malaekat ngaturken pamuji,
de rahmatnya sumrambah sabumi, kraharjannya maring para jalmi.
3. Ratu Mulya sung tentrem-raharja, mbirat dosa nyirnakken angkara.
Tyang pitados ngudi katentreman, sowan Gusti sarwi saos kurban.
Gusti tuking pitulunganira nuntun jalma mring Kratoning Swarga.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar