Rabu, 14 Februari 2018

254. GUSTI NENG TAMAN GETSEMANE

254. GUSTI NENG TAMAN GETSEMANE
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Gusti neng taman Getsemane nampi siksa miwah bebendu,
nglawan pagiris ing pati, krana gunging dosaku.

Reff.
  Yogya nggonku nanggapi sihrahmate Gusti,
  yekti amung sawiji, pracaya lan bekti.
 
2. Gusti Yesus siniya- siya, ginebagan sarta sinapu,
   saestu nandhang sangsara, krana gunging dosaku.
  
   Reff....
  
3. Gusti sinami lir durjana, nir pamore Ratuning ratu,
   dadya kurban tan suwala, krana gunging dosaku.
  
   Reff....
  
4. Gustiku sinalib ing Golgota, wit sih-trsnanya kang satuhu;
   tedhak ing telenging pati, krana gunging dosaku.
  
   reff....

Tidak ada komentar:

Posting Komentar