AYEM WONTEN ING GUSTI1. Ayem neng Gusti Yesus ayem ing Sang Kristus, sinungan gesang nyata tinebus sing dosa, wonten kidung ngumandhang sumyaking tyas girang pamujining pra suci nggunggung sihing Gusti. Ayem neng Gusti Yesus ayem ing Sang Kristus, sinungan gesang nyata tinebus sing dosa.2....
Anda dapat mendownload Lirik KJ LENGKAP DAN KPJ LENGKAP UNTUK EASYWORSHIP ( Klik disini )
KPK 132 .
KABEGJANING TIYANG KRISTEN1. Samangkya kita merdika uwal sing rehing dosa ngegungken bekti mring Gusti wah asih mring sesamiReff: mung kraharjan lan kabegjan kang tansah ngiring gesang tinebus Sang Kristus Gusti kula sinung basuki.2. Mangkya kita titah anyar nyingkur kadonyan tansah budi luhur,...
KPK 133.
RUMENTAHING PALIMIRMA1. Kula tyang dosa klangkung ageng rinentahan palimirma, punika ngeram-eramaken, kawula sewu tan nyana, mangke tan wonten paniksa, (2X). ming rumentahing sih mir-ma (2X)..2. Allah ngasihi dhateng kula dosa kula ingaksama, tan wonten mulading bendunya wit kula ingangkat putra ...
KPK 134.
AJA ADIGANG, ADIGUNG, ADIGUNA1. Saliring tyang adigang mung nyebar panandhang wateknya kamitegan nindhes mring sanes tyang pituwasnya bebendu bramantyaning Gusti nging tyang tresna satuhu gesang yekti (2X).2. Salir tyang adigung mung nandur sangsara remen umuk gumunggung ngina mring...
KPK 135.
KULA SUMARAH MRING ALLAH1. Gesang kebak kekeran angel den jajagi dhateng ing kasangsaran nggih silih gumanti namung Paduka Gusti mirsa samukawisnya kula pasrah sumarah ing reh Paduka.2. Gesang kebak kekeran angel den jajagi - reribed kasisahan silih andhatengi aneng astane...
KPK 136.
PANGANDEL DHUMATENG ALLAH1. Neng are wah neng gunung, mung neng rgarseng AIlah aneng ngendi dumunung nggih pinanggya tansah endi kang dadi cipta lan osiking ati . kapirsanan sadaya ing Allah Hyang Widi.2. Mung Gusti kang Makwasa mengku samubarang, salir tyang kang pracaya mesthi tinulungan, ...
KPK 137.
KANG LANGGENG SIHE ALLAH1. Saprakara kang pantes den upadi yeku Kratoning Allah Sang Rama samubarang pinaringken tumuli angger sumuyud jroning pracaya Reff:kabeh mung nglaha, kabeh mung nglaha, sarwa kadonyan wus mesthi sirna mung sihe Allah kang langgeng slamanya tyang kang ngayom wus mesthi raharja.2. Drajad kasugihan...
KPK 138.
PANGANDEL
1. Mung sarana pracaya aku sinung waluya
uwal sing rehing pati tinebus dening Gusti
Reff : Ayem tentrem ing kalbu wit Allah Pamartaku
Gusti andel-andel yekti slaminya dak bekteni.
2. Srana pasrah Pangeran aku sinung kabegjan
ing sisah dalah bingah tansah tinunggil Allah,
Reff : Ayem tentrem ing...
KPK 139.
MUGI GUSTI ANGUTUS UTUSAN
1. Mugi Gusti karsa angutus utusan kados duk kinanipun
ingkang ngemban sabdaning Allah lan martosken sih piwelaspun
supados tyang salumahing bumi sami nampia Injiling Gusti.
2. Mugi Gusti ngutus pra abdi sembada lan setya sami nyebar,
pawartosing kawilujengan mring salumahing bumi...
KPK 140.
SANG KRISTUS TAMENG SANTOSA
1. Sang Kristus tameng santosa nguwalken saking rubeda,
neng jroning bebaya pati Gusti kang badhe nulungi,
Reff : Gusti peparangku tansah ngayomi, angayomi, angayomi,
ampinganku sajroning prahara pangungsen ingkang santosa.
2. Sang Kristus Pangen kang setya anggiring sagung mendanya
...
KPK 141.
GESANG DADOS KIDUNG1. Gesang kula dados kidung sumaos mring Pangeran, wit sihnya saklangkung agung maringken kaslametan, ing kabegjan wah sangsara tansah memuji Gusti, srana kamursidan nyata krana anyar ing budi.2. Lamun kabotan ing susah wah karoban ing bungah, kula manteb ing pracaya ngayom...
KPK 142.
MUNG KRISTUS JURU BASUKI1. Mung Sang Kristus Yesus Gusti Juru basuki wit sih tresnanya mring sagung manungsa ngantos ngurbanken sriranira mila tyang kang pracaya sinungan gesang nyata wah tentrem raharja.2. Mung Sang Kristus Yesus Gusti Juru Basuki, sabdanya yekti kebak ing pangwasa ...
KPK 143.
MUNG TANSAH PASRAH MRING GUSTI1. Aku tan nate mangerti kapan begja cilaka mung tansah pasrah mring Gusti yeku Pamarta setya manteb pracaya ing ati manut reh lan sabdaNya tinuntun dumugeng swargi ing kasampurnan nyata.2. Aku asring tan mangerti karseng Allah Makwasa, donga panyuwuning ati tan kajurungan...
KPK 144.
MARGI DHATENG SWARGA1. Nyebuta Gusti mring Sang Kristus, nging yen tan kanthi tulus mung kembang lambe tanpa laku rehing dosa den gugu kasangsaran temahanira naraka pandumannya Refr : kang mlebet mring kratoning swarga namung tyang kang mbabarken tresna nglampahi mring karsaning AIlah sepi ing pamrih...
KPK 145.
NUNGGIL KALIYAN GUSTI1. Yen nunggil Ian Gusti rinten dalu manah langkung tentrem arahayuRefr : kula angantya Gusti ratri klayan rina nyuwun berkah dhuh Gusti, Gusti kula. 2. Yen nunggil lan Gusti jro ginodha, kula mesthi unggul nglawan dosa, Refr : kula angantya Gusti ratri klayan...
KPK 146.
GUSTI YESUS PAMARTA1. Gusti Yesus Pamarta dados Pangungsen kula kula dipun luwari sing pamengkuning pati srana rahing Sang Kristus gesang kula tinebus. 2. Gusti Yesus Pamarta kang nunggil gesang kula, kula tansah kinanthi ngantos dumugeng janji, mila kula tan wedi martosken sihing Gusti.3....
KPK 147.
PANGUNGSEN KULA1. Gusti Pangungsen kula sestu gung sih rahmatnya ing sajroning panandhang wah yen bebaya nrajang Gusti sung pangluwaran kula manggih kraharjan. 2. Daya karosan kula winates wontenira srana pasrah sumarah mring reh kwasaning Allah kula manggih kabegjan ngantos dugeng klanggengan....
KPK 148.
NYAWISI PAPAN MRING GUSTI1. Gustimu kepareng mundhut papan aneng atimu resikana dimen patut Gusti karsa lumebuREFF. rungokna pangandikanya aja padha semaya nyawisna papan mring Gusti aneng sajroning ati2. Tan liya kersane Gusti, mitulungi wong dosa, kang siyaga mbukak ati, dadya padalemannya, REFF....
KPK 149.
GUSTI NUNTUN1. Gusti nuntun lampah kula saklangkung nggen kula begja celak miwah tebih ugi tansah dipun kanthi GustiReff: nggih Gusti kang nganthi kula astanya pyambak kang ngreksa mila kula manut Gusti kang dados Panebus yekti.2. Dadosa ing wanci siyang, punapa kesaput ratri, manah peteng miwah padhang,...
KPK 150.
KUMANDELA, PRACAYAA1. Mara den etunga berkahing Allah Rama atinira mesthi kaeraman gungnya tanpa wilangan mula ja kuatir sumelang nging sumendhea Pangeran Reff: Kumandela pracayaa upadinen Kratoning Allah atimu ayem kabegjan tumrah kang murbeng rat muwuhi berkah ing sih rahmat.2....
KPK 151.
MUNG ALLAH MAHA KAWASA1. Nadyan sira pinter alinangkung tan jajak kekeraning Hyang agung sayogya sira aja gumunggung leladia mrih Gusti ginunggung, Reff: Mung Allah Kang Mahakawasa wah tansah langgeng pangrehira, bala swarga makluk wrata nelakken kamulyannya tyang kang mursal nemahi bilai...
KPK 152.
YESUS SANG PAMARTA1. Yesus yeku Sang Pamarta karsa ngluwari tyang sangsara mbirat saliring memala nglipur tyang kang nandhang papaReff. kang pengin raharja yekti gya mareka mring Yesus Gusti kang pengin raharja yekti gya mareka mring Yesus Gusti.2. Yesus Sang Juru basuki, lembah manah luber ing budi, ...
KPK 153.
GUSTI YESUS KRISTUS1. Aku mesthi nyaritakna bab Yesus Sang Pamarta Pepadhanging jagad nyata Putreng Allah Makwasa nggih jatining kayektosan wah malih kauripan margining tyang dugeng swargi Imam agung sejati Sang Pangen, Panebus jalma Pantaraning manungsa.2. Aku mesthi nyaritakna bab Yesus Sang...
KPK 154.
ALLAH PANGAYOMANMU1. Allah yeku Pangen satuhu kang ngreksa tansah uripmu Pracayaa sarta mituhu wah bekti kang trusing kalbu yen bebaya nempuh sira ywa semplah alit ing driya. 2. Gusti nganthi mring sira tansah tan kendhat ngluberken berkah yen sira rinoban bebaya wah mikul salib sangsara pitulungnya...
KPK 155.
PASEKSI SAYEKTI1. Tyang kang pracaya nyawiji wit Sang Kristus Gusti Lir badan kang mung sajuga lan gegelitannya yeku paseksi sanyata Yesus Sang Pamarta. tansah silih, mbiyantoni ngarah gesang suci2. Santosaning patunggilan tinangsul katresnan samya silih angladosi tan ngegungken dhiri sengkut...
KPK 156.
TIMBALAN DADYA DUTA SEMBADA1. Kathah tyang samya nandhang tilingna mbetahken pitulungan tilingnareff : Gusti nimbali sira dadya duta sembada mbabarken sih rahmatnya tilingna.2. Kathah tyang samya semplah, tilingna, betah lubering berkah, tilingna,reff : Gusti nimbali sira dadya duta sembada...
KPK 157.
NYUWUN KALANTING ING GUSTI1. Ing margi kang rumpil sarta sepi giris nglimputi mring kula lungkrah raga wah semplah ing driya lir tyang kang tinegakken Sang Rama Reff : mlampah pyambak datan dumugi Gusti mugi nglantinga mrih gesang maedahi sesami wah kamulyaning asma Paduka.2. Kawula kesandhung sarta...
KPK 158.
ASMANYA MA'KWASA
1. Gusti Kristus Maha kwasa nggih tetameng santosa
sagunging tyang kang pracaya mesthi den ayomana,
reff. Asmanya Makwasa nggih tetameng santo sa
As maNya Makwasa tumrap tyang kang pracaya.
2. Piandel urip sayekti namung asmaning Gusti,
ing panggodha wah sangsara...
KPK 159.
SANG KRISTUS MAASIH1. Lamun sira sangsara krana rehing dosa yogya pasrah. mring Gusti dyan linuwaran yekti, Reff. Sang Kristus Maasih mring tyang kang ringkih ywa mamang ngayoma temah sira tentrem raharja.2. Yen sira kamomotan kabotan sesanggan, yogya ngungsi mring Gusti mesthi den pitulungi,. Reff....
KPK 160.
KRATON SWARGA1. Neng Kraton swarga sestu gung panggenannya salir tyang tinimbalan mlebet samya mila Sang Kristus manjal ma tedhak donya ngurbanken srira nylamet ken manungsareff : yogya tampanana sih rahmating Gusti temahan sira mang gih urip sayek ti ...
KPK 161.
TYANG KANG PRACAYA1. Tyang kang pracaya tetep waluya yen nunggil Sang Pamarta lir pang datan alum lamun tetep ing wit ira Reff: tyang kang tansah manut rehing Gusti mung kabegjan kang pi nanggya bi nerkahan rinten lan ratri rineksa astanya. 2. Salir pra suci tuwuh basuki yen tan pegat Ian Gusti, lir...
KPK 162.
DHUH GUSTI PEPADHANG YEKTI1. Dhuh Gusti Pepadhang yekti mugi nuntun kula ngambaha margi utami nggih bebener nyata.2. Dhuh Gusti nggih Sang Pamarta mugi nunggil kula, ing sangsara lan bebaya tan semplah ing driya.3. Dhuh Gusti nggih Sang Roh Suci mugi nganthi kula, tansah gesang...
KPK 163.
PITOBAT1. Biyen nglirwakake sabdaning Gusti mung karepe dhewe kang dituruti samangkya mratobat nampi sih rahmat migatosken tansah karsaning Allah Reff:mring Yesus Pamarta pasrah jiwa ragasinung gesang yekti unggul sing pati.2. Biyen nggunggung dhiri mburu kadonyan, tan nggape...
KPK 164.
AGUNGING SIH RAHMAT1. Sestu adi wah gung yekti sih rahmat sing Gusti nylametken kula tyang dosa dyan tentrem raharja2. Nggih sih rahmat kang sung begja mring tyang kang pracaya, sing pejah wit rehing dosa mangkya gesang nyata.3. Sih rahmat niku sung padhang mring manah kang lesah, nuntun tyang...
KPK 165.
JATINING KATRESNAN1. Lamun kula anglampahi tindak luhur mulya nging yen tanpa tresna yekti muspra tanpa ginaReff :kula winulanga tansah lampah tresna lelabet sesami nulad tindaking Gusti kula winulanga tresna trusing ati nggih nuladha tindaking Gusti.2. Lamun kula angucapna gung basa ing donya, nging yen sepi ing...
KPK 166.
ORA ET LABORA1. Ora et labora ndedonga makarya yeku sesantinya sagung tyang pracaya mbangun jagad donya temah gesang raharja Ora et labora ndedonga ma karya. 2. Ora et labora ndedonga makarya mbangun nagri-praja, nusa sarta bangsa Gusti ingkang nganthi lelabet trusing ati Ora et labora ndedonga makarya.3....
KPK 167.
PANUNTUNING GUSTI1. Allah Rama ngreksa ngrimati kula ka-begjan kraharjan kang pinanggya lamun nyanggi momotan lan sangsara tinunggil mrih tan ngantos semplah, reff :kula pasrah lan sumarah mring Gusti panuntunnya wus mesthi prayogi ing wusananya kula dugeng swarga satuhu ngrasuk gesang sampurna. 2. Yesus...
KPK 168.
NDEDONGA LAN MAKARYA1. Ndedonga lan makarya kanthi trusing driya mbabarken sihing Gusti mring sagung sesami murih tentrem raharja sumrambah sadonya asmanya kang Mamulya pinuji slaminya. 2. Ndedonga lan makarya kanthi sukarena, martosken Injil suci wrata ing sabumi, mrih sih rahmating Gusti tinampi sesami, temah...
KPK 169.
SUMARAH MRING ALLAH1. Sumarah mring Allah jiwa raga rineksa astanya tansah begja yen rinoban sisah manah datan lesah sinung kakiyatan sing Pangeran. 2. Sumarah mring Allah jiwa raga, mbangun turut Gusti trusing ati, yen ginoda dosa binujuk duraka, kekah sarta setya ing pracaya.3. Sumarah mring Allah jiwa raga,rinoban...
KPK 170.
GUSTI MUGI NUNTUN KAWULA1. Gusti mugi nuntun kawula tansah setya ndherek Paduka nadyan awrat momotanira nging ku-la tansah manggih begja.2. Gusti mugi nglanting kawula ngambah margi bebener nyata, nadyan rumpil kathah bebaya nging tatag tan semplah ing driya.3. Gusti mugi nunggil kawula nglawan salir pangrehing...
KPK 171.
UTUSANING GUSTI1. Ing jagad kang peteng krana dosa kathah tyang kang sulayah awrat ing panandhang mila nggresah samya semplah ing manahRefr:sumangga Gusti ngagem kawula mbabar tresna kang sanyata sumangga Gusti ngutus kula numrahken berkah dhateng tyang kathah.2. Angundhangken sih rahmating Gusti lelabet wah leladi, ...
KPK 172.
TANSAH PADHA BEBUNGAHA1. Tansah padha bebungaha krana kabegjan sanyata de kita samya tyang dosa nging tinebus sing antakaReff:tansah bungah ing patunggilaning Gusti tansah bungah wit sinung gesang sayekti.2. Tansah olah kabecikan leladi tan mawang mring tyang yeku pratandhaning sokur mring sihing Allah Maluhur Reff:tansah...
KPK 173.
KORBAN SEJATI1. Saosna badanmu mrih dadya korban kang gesang lan suci konjuk Pangeran yeku pangibadah ingkang sejati tandha sokur tansah mring sihing Gusti. 2. Ywa madha ing rupa kalayan jagad nging salina budya krana sih rahmat dipadha niteni karsane...
KPK 174.
NULADA SANG PAMARTA1. Dipadha sarujuk tunggal tresna tunggal budi lan tunggal sedya wah samya andhap asor ing lampah nulada mring Sang Kristus tansah Reff. Kristus Gusti Allah yekti nging manjalma ngesoraken dhiri wah dadya abdi sinalib seda yeku babaring tresna sanyata.2. Rame ing gawe ing pamrih sepi tan mung mikir...
KPK 175.
TIYANG RAHAYU1. Rahayu kang mlarat ing budi witdarbe Kraton swargi rahayu tyang kang prihati wit nampeni panglipur yektireff :Sang Kristus Guru sejati sabdanya den lampahi Yoga den tut wuria prentahnya den estokna2. Rahayu tyang alus budi nggih kang marisi bumi kang luwe mring kasampurnan nggih mesthi badhe katuwukan reff...
KPK 176.
KANG PINUNJUL KATRESNAN1. Tyang kang sagah ngurbanken dhiri leladi ing pamrih sepi mung tyang kang mbabar tresna nyata nulad tindake Sang Pamarta Reff :yekti amung telung prakara pangarep-arep lan pracaya sarta katresnan nyata lelabet trusing driya ingkang pinunjul tresna2. Kang mbelani tyang ringkih papa, mrih darbe...
KPK 177.
GUSTI YESUS RATU ADIL1. Ratu adil kang sejati saestu namung sawiji yeku Sang Kristus Gusti mengku swarga lan jagad rat nggih Panutaning pra umat pinujia tan kendhat pinujia tan kendhat 2. Ratuning tentrem raharja kang luber ing sih rahmatnya mring sagunging manungsa Ratuning...
KPK 178.
GUSTI PEPADHANGING JAGAD1. Gusti pepadhanging jagad gung luber ing sih rahmat asihmring salir manungsa Samya den wilujengna tinuntun mring margi padhang manunggil lan Pangeran gesang mursid yekti tansah mbangun turut mring Allah.2. Gusti pepadhang sejati nggih kang nganyarken budi ...
KPK 179.
PANARIMA1. Dhuh nyawaku den marema, Allah nunggil mring sira Samubarang solan salin Allah tan owah gingsir.2. Sadulur mitra myang tangga tan salaminya setya nging Allah kang Maha mirah tansah ngluberken berkah.3 Kathah tyang samya wiyaen tan nrimah ing kanyatan ngangah-angah kang tan ana yektine...
KPK 180.
NGATURAKEN PISUNGSUNG1. Pisungsung konjuk mring Gusti tan mung sapra sedasan berkahnya rina lan wengi datan kenging ingetang sawernaning kang pangaji konjuk ngarsaning Pangeran 2. Nulad randha miskin nyata nging loma pisungsungnya sadaya kang den darbeki den saosken mring Gusti, sawetahing...
KPK 181.
SAOSAN SOKUR1. Kula ananem wiji taberi ngrimati nging tuwuh miwah suburnya Allah kang mberkahi Pangeran paring jawah lan sunaring surya wah saliring wohira nggih berkahing Rama Reff :Sumangga misungsung kanthi trusing manahsadhengah barang darbe kita konjuk mring Allah.2. Kula sengkut makarya ing saliring...
KPK 182.
RIYADIN SAOSAN1. Pra tyang pracaya sagung sumangga sung pisungsung konjuk Gusti Makwasa ing dinten Pentakosta wit berkahing Pangeran tyang nenanem panenan kasil tyang kang makarya kabegjan kang pinanggya.2. Wulu wetuning bumi dalah wohing makarti, sinaosken mring Gusti...
KPK 183.
PISUNGSUNG MIRING KANG MALUHUR1. Gusti Kang Maluhur kula saos sokur sung pisungsung klayan bingah wit lubering berkah mugi dados marginira asma Paduka pinuja, karsanta binabar nyata kraton swarga rawuha Amin, Amin, Amin2. Gusti Kang Maagung kula sung pisungsung dados...
KPK 184.
PISUNGSUNG WIT KAMIRAHANING PANGERAN1. Kula tansah ngraosken bingah wit sih kamirahaning Allah ngganjar kawilujengan nyata Iantaran kurbaning Sang Putra mila kula saos pisungsung tandha sokur mring Allah Maagung wit yektine gesang kula namung krana lubering sih rahmatnya.2. Kula tansah manggih kabegjan...
KPK 185.
PISUNGSUNG KONJUK MRING ALLAH1. Konjuk mring Kang Maha agung kawula sung pisungsung cihnaning bingahing rnanah wit berkahing Allah sumengka wah sinengkera Ian temen rineksa dadya srana munpangati mrih kamulyaning Gusti.2. Konjuk Allah kang Maluhur kawula saos sokur, kebabaring...
KPK 186.
PISUNGSUNG KONJUK MRING GUSTI1. Jagad nampik sihing A1lah nyingkur mring Sang Pamarta nging kula pracaya pasrah ngraosken sih rahmat nya reff :mangga sru ngidung ngunggung Hyang Widi wah sung pi sungsung konjuk mring Gusti ngaturken pratandha sokur krana berkahnya mancur. 2. Jagad ndlarung aneng. dosa tansah mburu kadonyan, ...
KPK 187.
PISUNGSUNG JIWA RAGA1. Jiwa raga kawula konjuk mring Sang Pamarta mugi dados lantaran kamulyaning Pangeran kamulyaning Pangeran 2. Tangan suku kawula nindakken pakaryannya, mrih sesami basuki nampeni sihing Gusti, nampeni sihing Gusti3 Dalah kedaling ilat nggih ngundhangken sih rahmat, temah...
KPK 188.
ASUNG PISUNGSUNG1. Sumangga sung pisungsung mring A1lah Ma agung krana gunging sihrahmat kang luber tan kendhat 2. Misungsung kanthi loma cihnaning panuwun, de gesang tansah begja wit Allah kang nuntun3. Bandha, arta pethingan kang katur mring Gusti, bludaging kabingahan wit berkah...
KPK 189.
SABDANING ALLAH1. Sabdeng Allah Hyang Widi seksinya kitab suci pepadhanging manungsa ing margi dugeng swarga 2. Sabdeng Allah Masuci wewaton gesang adi kang mireng wah nindakna manggya tentrem raharja.3. Sabdeng Allah Mamulya Nggih tetedhaning nyawa tyang nggayuh kasunyatan samangkya tinuwukan...
KPK 190.
TYANG KANG MANUT ANGGER-ANGGER1. Rahayu tyang utami ing lampah ngambah margi prentahing Sang Yehuwah rahayu kang netepi sabdanya tyang kang manut ing sapangrehe Gustisarta tansah telaten netepi sakarsane klawan eklas ing ati.2 Marginira tyang lampah utama nggih tyang anem jujur ing lampahira ...
KPK 191.
ANGGER-ANGGERE PANGERAN1. Angger angger suci peparinging Gusti sanyata sampurna,paring pangalaman lan kawicaksanan wah nyegerken nyawa dhawuhipun Allah mbingahken ing manah wit patitis sayeti prentahe Pangeran dhatengken kraharjan krana saestu murni2. Ajrih sih mring...
KPK 192.
UNDHANGNA SABDENG ALLAH1. Panuntun lampah utama yeku sabdaning Allah wulangna mring brayatira tan kendhat saben wayah Reff : bra undhangna sabdeng Allah paseksi sih rahmatnya mrih samya manggih raharja sinungan gesang nyata 2. Pra lare tansah pinerdi mirengken sabdeng Gusti sarta tinuntun nindakna srana tuladha nyataReff...
KPK 193.
MUNG SAWIJI KABEGJAN SEJATI1. Lamun lampah kula neng padhanging sabda kula bingah wah suka rena, Kula yakin estu Gusti nuntun temtu mring tyang kang pitados satuhu Reff :mung sawiji kabegjan sejati nggih pitados mring Gusti wah manut lan bekti2. Yen peteng ing manah kabidhung ing susah kula enggal nilingken sabda, uwas...
KPK 194.
SABDENG SUCI1. Undhangna wrata sajagad sabdeng Injil Suci nggih paseksining sih rahmat sabdeng Injil Suci mrih saking manungsa sinung gesang nyata reff :sabdeng suci,sabdeng suci nggih sabdaning Gustisabdeng suci,sabdeng suci nggih sabdaning Gusti2. Undhangna wrata sabumi sabdeng Injil Suci margining...
KPK 195.
ISINING KITAB SUCI1. Isining kabar kabingahan winangsitken dening Pangeran dadya srana suka piwulang margining kautamanreff :dimen tyang pitados tansaha rumantos mbangun turut Gusti nresnani sesami2. Tyang lepat kraos winelehna dening sabdaning Kang Ma'kwasa tyang dosa gya samya mratobat nampenana sih rahmatreff : dimen...
KPK 196.
SABDANIPUN ALLAH1. Sabdaning A1lah Hyang Widi yeku kitab suci panuntuning gung manungsa mring lampah utama wah mbereg mring pitobat tyang ngorong sih rahmat nglipur manah kang sisah ngiyatken kang semplah2. Mugi sabdanipun Gusti sinerat ing ati, budi saya mindhak murni wit rehing...
KPK 197.
KEMBUL BUJANA SUCI1. Kula sami sesarengan kembul bujana suci yeku pratandhaning kurban nggih kurbanipun Gusti roti anggur ibaratnya sarira miwah rahnya 2. Bujana suci puniki sesengkeraning Gusti, ingkang den agem sarana ngrimat pitados kula, temahan saged ngarosken tentrem...
KPK 198.
PAMUJI ING BUJANA SUCI1. Dhuh nyawaku sira saosa puji mring Pangeran Allah Kang Maha suci sabatinku ngluhurna asmane dhuh nyawaku Yehuwah kamulyakna aja lali mring gunging kadarmannya elingana sawiji wijine2. Pujinen kang ngapura dosanira kang marasken sagung lelaranira nebus uripmu saking...
KPK 199.
BUJANA SWARGA1. Wonten ing bujana swarga taksih langkung panggenan angger tyang dosa mratobat mesthi nggih sinuruhan Gusti ngutus pra abdinya ngundhangken ing sajagad dhateng sawarnining jalma kang ngrumaosi cacadReff :Rungokna neng swarga isih luwih panggonanwong dosa mareka sira kang sinuruhan2....
KPK 200.
BUJANA SUCI1. Bujana suci ngengetna mring sih rahmating Allah anggur roti mratandhani korbane Sang Kristus Gusti ngluwar kula sing pati temah langgeng basuki 2. Bujana suci ngengetna kurbaning Sang Pamarta yogya tansah den undhangna ngantos Sang Kristus wus prapta ngadili gung...
KPK 201.
TIMBALAN NDEREK ING BUJANA1. Gusti nimbali kula samya nderek ing sakramen bujana nggih tetunggilan klayan Gusti sarta nyawiji lan sesami sih sinihan binabar nyata silih leladi den tindakna nging kula asring tan lampah tresna adhuh Gusti nyuwun pangaksama2. Sakramen Bujana ngengetna kurbaning Sang Kristus...
KPK 202.
BUJANA KANG SESTU SAMPURNA1. Kula sung pamuji sokur konjuk Hyang Maluhur kang nimbali kula samya nampeni nugraha ndherek ing bujana suci, bujana sing swargi, yeku karaharjan yekti nggih kamulyan adi, mbenjang yen wus mlebet swargi ing Kratoning Gusti, kula...
KPK 203.
BUJANA KANG SUCI1. Tumurun sing swarga adi karaharjan sayekti pinaringken dening Gusti aneng bujana kang suci, mareka tyang dosa sagung kang mratobat nyuwun tulung, tam-panana anggur roti pralambang panebus yekti2. Sih kang tan ana tandhingan yeku kurbaning gesang, dadya...
KPK 204.
PANDADAR ING BUJANA1. Dhuh Gusti kula sung puji ing bujana suci niki de ngraosken ing kraharjan wah kamulyan saking swarga tetunggilan lan Pangeran yogya kula ndhandha gesang. 2. Dhuh Gusti kula nglenggana mring dosa nggih lepat kula tan saged nguwalken dhiri sing rehing pati antaka mung...
KPK 205.
BAPTIS LARE1. Gusti Yesus kula sami nyaosken lare alit mugi Gusti maringana pratandhaning sih rahmat.2. Mugi Gusti njurungana ing pandonga kawula, anak kula lestantuna dadosa kagunganta.3. Anak kula agengira dadosa tyang utami, lestantuna angsala sih sing Gusti wah sesami.4. Mugi Gusti mitulungi...
KPK 206.
BAPTISIPUN LARE ALIT1. Dhuh Rama mugi ngluberna berkah wonten ing satengahing pasamuwan, dalah para anak kawula sowan nampeni prasetyanipun Allah. 2. Pasamuwan kadadosken suci wonten ing Asmaning Rama ing Swargi pra lare ugi dados tyang piniji wah pinaringan gesang sayekti.3. Sang Roh Suci wah sabda Paduka...
KPK 207.
NYAOSKEN YOGA1. Gusti nimbali pra lare mrih sowan mesthi binerkahan sinung kraharjan de pra lare kang tuhu ing pracaya yeku ingkang darbe Kratoning swarga Reff:dhuh Gusti samangkya sowan kawula nyaosaken yoga dhateng Paduka.2. Gusti nimbali pra lare mrih sowan nggih samya dados putraning prasetyan de pra...
KPK 208.
BAPTIS SUCI1. Kawula samya bebingah memuji mring Allah, kang ngluberken sih rahmatnya mring kula tyang dosa wit panuntuning Roh Suci kula pitados mring Gusti temahan manggih wilujeng sinung gesang langgeng.2. Kawula ngluhurken Gusti yeku Sang Pamarta, kang maringken baptis...
KPK 209.
KABINGAHAN WIT WONTEN BAPTISAN1. Kabingahaning ati yekti tan wonten kang nglangkungi de kadang kang kula kasihi nampeni baptis suci,Reffdhuh Gusti mugi tansah mberkahana mrih mbabarna pracaya, nekseni asmaning Sang Pamarta wah gesang sembada.2. Kraharjan kang ngerobi driya tan wonten timbangannya, de anak kang...
KPK 210.
RAWUHIPUN GUSTI1. Dhuh Gusti kados pundi nggen kula sung urmat methukken klayan puji mring ratuning jagad mugi Gusti madhangi lantaran Roh Suci mrih nggen kula ngabekti mranani mring Gusti. 2. Sing dhampar kang sejati nggih kamulyan swargi, Gusti tedhak ing donya nunggil lan...
KPK 211.
PAMUJINE MARYAM1. Nyawa lan atiku bungah nglu-hurken mring Allah. dak pujekna kidung girang wit gunging kadarman, de Allah wus ngudaneni asoring kang abdi, lah panganggepe pra bangsa aku wong kang begja.2. Gung luhur pakaryanipun wah asmanya suci, sih rahmatnya run tumurun mring...
KPK 212.
PAMUJINING ZAKARIA1. Pinuji Allah Makwasa Gustine tyang kang pracaya De umate tinuwenan Pinaringan pangentasan.2. Sunguning tentrem raharja wus tuwuh wit Sang Pamarta pinaringken mring umatnya mring trahe tyang mursid nyata 3. Allah ngluwari...
KPK 213.
PUJI KONJUK GUSTI1. Puji konjuk Gusti ratuning swargi Kang angesorken srira myang manjalma, miyos wah sugengnya tansah nandhang sangsara, mrih mulyakken jalma luwar saking dosa Haleluya.2. Puji konjuk Gusti Juru Basuki, pra bala tantra swargi ramya muji, ...
KPK 214.
TIMBALAN NULAD GUSTI1. Pinuji tansah Allah Mamirah kang asih darma mring gung manungsa nladhani kita welas asih nyata mring tyang kang ringkih wah nandhang sangsara.2. Pinuji-puji Gusti Ma Suci nging sung aksama dosaning jalma nladhani kita tansah...
KPK 215.
CAHYENG ENDAH1. Iba endah cahyeng ratri kang nyu-nari jagad rat duk praduta swarga prapti ngundhangaken sih rahmat raharja prajalma kang sinungan kawaluyan lantaran Sang Pamarta lantaran Sang Pamarta.2. Puji konjuk Hyang Matresna kang melasi manungsa nglepataken sing bebendu...
KPK 216.
KANCA AGIYAKA1. Kanca agiyaka muji Sang Pamarta kang nilar kamulyan ing swarga tedhak ing donya dados bayi papaReff :payo sujud ngabekti, payo sujud ngabekti sung pisungsung panggunggung mring Gusti.2. Kanca den tampia rawuhing Pamarta jroning manah srana pracaya, mrih rukun tansah klayan Allah Rama.Reff :payo...
KPK 217.
LINTANG ENDAH1. Lintang endah nyaritakna rawuhing ratu swarga sagunging pra manungsa gya sowan asung sembah nyata ratu swarga Maha mulya ngesorken sarira karsa nebus manungsa2. Lintang adi sung pawarti wiyosing bayi suci tyang ngantya Sang pamarta dienggal ngabekti memuja ...
KPK 218.
YESUS KRISTUS RAWUH1. Haleluya Yesus Kristus ngrawuhi manungsa padhanging kamulyanipun kawuryan neng donya2. Haleluya rawuhipun wit sih piwlasipun mring para umat sadarum amrih gesangipun.3. Haleluya Yesus Kristus dados Juru Slamet, panutan kang setya tuhu tuwin ratu langgeng.4. Haleluya, Haleluya...
KPK 219.
WARTA KABEGJAN1. Pra pangon kang winartan agung begja sing swarga sami kaeraman saestu bingah ing manah de nyata wartanya Kristus sampun prapta. 2. Gumeter wit padhang mulya sakala sumunar, ing dalu punika, nelakken tedhaking padhang sing swarga mring donya, jer Kristus wus prapta.3. Gya bidhal mundhi dhawuhnya...
KPK 220.
DALU SUCI1. Dalu suci tidhem sami, Jeng Gusti Pamarta tedhak manjalma krana kita miyos wonten kandhang Betlekhem Gustining dumadi Gustining dumadi.2. Dalu suci, tidhem sami, Jeng Gusti Pamarta, nilar kamulyannya ing swarga wit tresnanipun mring manungsa nladhani...
KPK 221.
RAWUHING RATU TENTREM RAHARJA1. Pra manungsa giranga mujia pra mudita ratu nira wus prapta ratu ning tentrem raharja pra manungsa giranga mujia pramudita2. Gya ngidungna gung puji mring Gustining pra gusti kang sung slamet mring jagad karana gunging sih rahmat pra manungsa...
KPK 222.
RAWUHING RATU SEJATI1. Ratu mulya nging ngesorken srira krana karsa nylametken tyang dosa nandhang papa wiwit wiyosira suket alum nggedhong Kang Sinuhun pamakanan papan sarenipun langit bumi sung sembah pamuji. 2. Ratu yekti ratu saking swargi tedhak donya jumeneng Pantara angrukuna Allah Ian...
KPK 223.
ALLAH ASIH MARANG JAGAD1. Kapireng swara gumyak ngumandhang saking swarga paring wartos kabingahan tumrah mring pra manungsa sestu AIlah tresna ngantos ngutus Putranya maringken tentrem rahayu mring para wong pracayaReff :Rungokna swaranya paring wartos basukiRungokna swaranya Pangeran asih mring...
KPK 224.
ADINING DINTEN NATAL1. Dinten natal dinten adi wiyosing Sang Kristus Gusti sumangga sumyak memuji sung pisungsung trusing ati wah ngundhangken sih rahmatnya sarana tumindak nyata. 2. Dinten natal dinten suci dinten kabingahan yekti nglipura tyang nandhang susah ngiyatna tyang semplah lesah ...
KPK 225.
KANG PINILIH ING RAWUHE GUSTI1. Betlehem ing Efrata saestu prasaja nging pinilih ing Gusti dadya negri adi dene neng kandhang kewannya miyosing Sang Pamarta Allah sung waluya tan mawang manungsa.2. Pra pangon tyang kang ringkih, asor, melas asih winartanan mlaekat margining...
KPK 226.
KAMULYAKNAKamulyakna Hyang Maagung ing suwarga ing suwarga ing suwarga tentrem rahayu ana ing bumi ing manungsa kang sinarjonan kluhurna Allah neng swarga kluhurna Allah neng swarga tentrem rahayu ana ing bumi tentrem rahayu ana ing bumi ing manungsa ing manungsa kang sinarjonan ing manungsa kang sinarjonan kang sinarjonan pinujia pinundhia...
KPK 227.
SANG PEPADHANG SEJATI1. Sang pepadhang sejati samangkya wus prapti nyirnakna rehing pati mrih jalma basuki. 2. Sang pepadhang sayekti wus rawuh ing bumi mbirat kwasaning dosa sung tentrem raharja.3. Sang pepadhang sanyata manjalma manungsa ngasoraken pepeteng sung gesang kang langgeng....
KPK 228.
SANG RATUNING KATENTREMAN1. Bangsa kang mlampah neng pepeteng sumerep pepadhang langgeng samya ngidungken kabingahan lir kraharjan ing panenan de pasangan saha rembatan nggih panindhes kasangsaran saestu sampun kasirnakna wit Sang Pamarta wus prapta.2. Wus miyos Sang Bayi kang suci yeku ratu...
KPK 229.
LINUHURNA1. Gya Iinuhurna Gusti Pamarta karsa rawuh ing donya Jagad bilai Kristus ngrawuhi swawi sami den pepuja rawuhe Gusti datan ngadiIi malah ngluwari tyang dosa 2. Gya linuhurna Gusti Pamarta karsa mlasi manungsa, jagad bilai Gusti ngrawuhi karsa nucekken tyang dosa, dyan...
KPK 230.
KABINGAHAN INGKANG SEJATI1. Kabingahan kang sejati ing riyadi natal niki pasamuwan regeng yekti sesarengan angabekti memuja, misungsung, ngaken dosa lan nyenyuwun bingah bingah trusing manah sung kabegjan dhateng liyan numrahna ! raharja wit wus prapta Sang Pamarta 2. Kabingahan...
KPK 231.
KAELOKAN SAYEKTI1. Kaelokan sayekti Allah ngesorken dhiri dadya manungsa papa miyos neng kandhang nistha nladhani sagung manungsa welas asih tresna nyata ngapunten sagung lepat dosa sayogya memuja Allah asih manungsa.2. Mukjijad kang sejati Allah manjalma yekti tanpa...
KPK 232.
KIDUNG DINTEN NATAL1. Swawi kanca sumyak sung puja ing dinten adya punika Sang Pamarta mangkya manjalma miyos dados bayi papa wit gung sihnya mring manungsa karsa nylamet ken gung tyang dosa2. Swawi kanca asung panggunggung aneng dinten natal agung Allah wus ngluberken sih rahmat mring tyang...
KPK 233.
PANYUWUN MRING GUSTI ING DINTEN NATAL1. Dhuh Gusti Sang Pantara kawula nglenggana kadya Zakharia bapa tan manteb pracaya mugi ing natal niki Gusti sung aksami.2. Dhuh Sang Pamarta Gusti kawula ngakeni kadya Herodhes raja watek kamitega mugi ing natal dinten Gusti angapunten...