• Logo Restsindo

    Bentuk dan warna dari logo restsindo, logo tersebut adalah hak milik kami.

  • Rohani

    Hasil olah rasa dan pergumulan kami tentang hidup dan kehidupan

  • Bisnis

    Analisa Pasar Uang dalam Forex, analisa teknikal dan analisa fundamental.

  • Kritikan

    Kritikan memang pedas, tapi jangan lupa kita perlu kritik yang membangun. Kritik yang disampaikan pada waktu dan tempat yang tepat lebih bermanfaat.

Anda dapat mendownload Lirik KJ LENGKAP DAN KPJ LENGKAP UNTUK EASYWORSHIP ( Klik disini )

265. NENG PUCAK ARDI

265. NENG PUCAK ARDI
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Neng pucak ardi dununge, Golgota arane;
ing kono, ilining kali sung rentrem ing ati.

Reff.
  Samana Gusti pinaku, wit nebus dosaku.
  Mula payo sowan nulya, sujud ing ngarsanya.

2. Iba prihatining Gusti ing Golgota ardi;
   pinoyokan, sinangsara, tinaton sliranya.
  
   Reff.......
  
3. Manungsa datan kuwagang nebus dosanira.
   Mlaekat uga tan wenang, mung Gusti pribadya.
  
   Reff.......
Share:

266. NULADA MRING SANG PAMARTA

266. NULADA MRING SANG PAMARTA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Nulada mring Sang Pamarta Gusti kang karenan amitulungi;
lembah ing manah, ngesorken dhiri; kang anyatroni tetep den tresnani.

Reff.
  Kristus Gusti, Sang Pamarta karsa manjalma nandhang sangsara,
  ngalami papa, sinalib seda, iku babaring tresna.
 
2. Sengkud makarya ing pamrih sepi,
   kang aneng telenging wardaya
   amung rahayuning tyang sabumi.
   Mila tetep nulada Sang Pamarta.
  
   Reff....
  
3. Datan melas pinoyok tyang kathah,
   pinisakit tanpa rinasa.
   Malah tulus dennya andum berkah,
   tansah nyuwunaken sih-pangaksama.
  
   Reff....
Share:

267. PAMARTA KULA AGESANG

267. PAMARTA KULA AGESANG
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Pamarta kula agesang tyas kula mila agirang
kang sinalib gesang. Dennya seda krana kula
wungune dados panjernya, kula ndherek gesang.

Reff.
  Gesang, gesang, Pamarta kula agesang.
  Gesang, gesang, Pamarta kula agesang.

2. Gesang , Gusti kang wus seda,
   dennya gesang krana kula,
   mila kula puji
   Saiba dennya ngasihi
   kula ngantos denparingi
   gesang langgeng ugi
  
   Reff....
  
3. Tyas kula yogya agirang
   de gadhah Pamarta gesang,
   sung gesang mring kula.
   Gusti gesang aneng swarga
   nyawisi papan mring kula,
   kula ndherek gesang.
  
   Reff....
  
4. Gusti Pamarta kang gesang
   nimbali marek salir tyang,
   kinen tobat samya.
   Datan wonten gesang malih,
   namung dening kang sinalib kang agesang mulya.
  
   Reff....
  
5. Gusti gesang lajeng minggah
   dhateng tengenipun Allah
   andongakken kula.
   Sihnya angayemken manah
   gesangnya nuwuhken bingah
   ing tyase pra abdi
  
   Reff.....
  
Share:

268. PANGLIPURING TYANG PRIHATOS

268. PANGLIPURING TYANG PRIHATOS
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Panglipuring tyang prihatos, klangenan ing tyas kula.
Sakathah sumlanging batos, kasirnakken sadaya.
Sing swarga Gusti kang mulya, karsa tumedhak mriki,
nyaur pundhat utang kula, Gusti gung kula puji.

2. Iba-iba Gusti mlasi bangsa apes lan nistha.
   Sing laknat Gusti ngluwari, margi sangsara seda.
   Riwe, rah, waspa Paduka neng Getsemane mili.
   Ngluwar kula sing ukuman, mbikak margining swargi.
  
3. Gusti tinuwek ing galih dening poyok kang sengak.
   Bendune Allah kang adil sinanggi Guti pyambak.
   Nggirisi Gusti siniya wonten ardi Golgota,
   pasrah sinalib sarira, krana jagad duraka.
Share:

269. SAIBA SANGSARANE GUSTI

269. SAIBA SANGSARANE GUSTI
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Saiba sangsarane Gusti
nglampahi pinenthang.
Kasamekaken tyang durjana
nggene kapatrapan
Pinaku samparan lan asta,
cinamah asmanya,
pinanggang ing bentering surya,
temah pegat nyawa.

2. Pundi dosane Gusti kula, nglampahi pinenthang.
   Saestu Gusti tanpa dosa ngrembat dosaning tyang.
   Nggenipun masrahaken nyawa dhasar dipun sedya,
   karsa nebus mring tiyang kathah nggih kula sadaya.
  
3. Makaten Allah Kang Masuci tan ngeman kang Putra
   kang kinasih denpasrahaken mring kraharjan kula.
   Saiba sih-welase Allah dhateng tiyang dosa.
   Sinungken pangapunten samilantaran kang Putra.
Share:

270. SANG KRISTUS SINANGSARA

270. SANG KRISTUS SINANGSARA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Sang Kristus sinangsara sianandhanga wirang
Ri kinarya makutha, pinoyok tyang kathah.
Ri nangket lir durjana, ci nampah siniya.
Dhuh Allah , punapa atangeman kang Putra ?

2. Wit aku uga Gusti ginitik winirang.
   Ngagem makutha eri lan singep poyokan.
   Wit aku gawe dosa, tinaton sliranya.
   Sinungkawan ing driya lir tingalan nistha
  
3. Dhuh Yesus kang ingajep pra luhur wit kina.
   Mugi kula sadaya emuta slaminya.
   Sangsara lan kwirangan ageman Paduka,
   nyawisi kedrajatan kula tuang nistha.
Share:

271. SANG PAMARTA SEDA PADUKA

271. SANG PAMARTA SEDA PADUKA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Sang Pamarta seda Paduka,
ngluwar kula sing ukuman,
Iba gunging pitulungan,
Gusti kang nebus kula.
De kula nyaur napa ?
De kula nyaur napa ?
Gusti kang nebus kula,
de kula nyaur napa ?

2. Kala Gusti pinisakit, rahipun ndlewer ing salib
   Wah kang srira tatu wradin, Gusti nglabuhi kula.
   De kula males napa ? De kula males napa ?
   Gusti nglabuhi kula, de kula males napa ?
  
3. Kula isin yen kemutan nggen kawula kesambutan,
   mangka sring taksih klepatan. Kula mugi winulang
   animbangi sihing Gusti, animbangi sihing Gusti.
   Kula mugi winulang animbangi sihing Gusti.
Share:

272. SIHE ALLAH MARING JAGAD

272. SIHE ALLAH MARING JAGAD
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Sih e Allah maring jagad, ngantosnyrahken kang Putra.
mring campah lan kawirangan drapon jagad slameta.
Duk taksih samnya duraka, kula sinungan welas.
Seda Putraning Allah anebus kula sing nraka
Allah asih; manungsa lan mlaekat mujia !

2. Yeku kang ngeramaken, tanpa tandhing tur mirah.
   Tyang dosa karukunaken manjing putraning Allah.
   Nadyan agetun de apes lan risaking tyas kula,
   sihe Rama kang setya nulungi lan mirma ageng.
   Allah asih; manungsa lan mlaekat, mujia !
  
3. Napa biyung saged tega bayine manggih tiwas ?
   Napa pantes rama-rena kolu risaking anak ?
   Langkung malih, adhuh Rama kang mirsa ribed kula
   Gusti mlasi pra putra kang sampun sinung aksama.
   Allah asih, manungsa lan mlaekat, mujia !
Share:

273. SINTEN INGKANG TAN ANGLENTRIH

273. SINTEN INGKANG TAN ANGLENTRIH
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Sinten ingkang tan anglentrih,
ing manah daatan aperih,
mulat sariraning Gusti ?
Pinanjer neng kajenglaknat,
myang srunggennya siniyat.
Dhuh lae, dhuh Gustiku !

2. Sajroning ingerang-erang. pinoyokan myang winirang
   aturnya mring Kang Rama, " O, Rama, mugi ngaksama
   mring kang misakit kawula, wit tan wrin pandamelnya "
  
3. Swara metik kapiyarsi, " Sun ngekak ! " sabdaning Gusti,
   nulya dipun caosi. O,sinten ta tiyangira
   ingkang tan rempu ing driya, mulat sariraning Gusti.
  
4. Mangkya pagowong nelahi, bumi gonjing nggegirisi,
   dyan pinireng aturnya, " O, Rama, napa Paduka
   negakaken mring kawula ? Negakaken kawula ? "
  
5. Ruruh ririh kapiyarsa, " Wus rampung ! " wijiling sabda,
   sampun rampung sanyata, mangkya jagadlinuwaran,
   Gusti nanggel paukuman, jumeneng kurban dhendha.
Share:

274. SINTEN KANG SUMARAH

274. SINTEN KANG SUMARAH
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Sinten kang sumarah mring karsane Sang Rama
miwah wus pasrah sarira tumrap tyang sadaya,
pakaryannya linampahan priyangga ?
Mung Sang Putra sinangsara temah seda.

Reff.
  Yeku tresna kang sejati
  wus binabar kalayan sampurnaneng salib suci
 
2. Perang sampun klampaham wonten pamenthangan,
   mengsah wus kakawonaken, umat kaluwaran,
   karana jumeneng Imam sampurna,
   mila Gusti ngurbanken sariranya.
  
   Reff.....
  
3. Dhuh cempening Paskah, kang wus pinenthang seda,
   kula ngaturaken puji mring Paduka, Gusti;
   kang mbikak kori swarga lan tyas kula,
   wonten katentreman kang denalami.
  
   Reff....
Share:

275. SRANA MANDENG ING SALIB

275. SRANA MANDENG ING SALIB
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Srana mandeng ing salib, tyang dosa gesang,
tinebus sagung dosanira.
De cempening Allah kang sinalib ngrembat,
ngesahaken duraka kita.

Reff.
  Swawi den pandeng !
  Srana mandeng ing salib tyang dosa gesang
  tinebus sagung dosa nira
 
2. Napa ta damele Gusti Yesus seda,
   yen datan ngruwat dosa kita ?
   Napa ta damele nombokaken nyawa,
   yen datan nebus dosa kita ?
  
   Reff...
  
3. Swawi ngungsi mring Gusti, tyang dosa sagung,
   dosa kita denunjukna.
   Mesthi antuk apura, temah agesang;
   mbok dentampi lan suka-rena.
  
   Reff....
Share:

276. SWAWI PRA KANCA

276. SWAWI PRA KANCA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Swawi pra kanca girang memuja,
Kristus sinalib agesang malih.
Pamarta kula wungu sing seda.
Sampun tinitik Ratuning urip.
Gusti Panebus prange wus unggul.
Pati wus kalah, antupe ical.

2. Tyang Kristen samnya girang memuja;
   de paukuman, bebendu laknat
   wus sirna estu, Gusti wus wungu.
   Kristus nguculi rantening pati,
   Sung gesang langgeng mring kang ngandelken.
   Kula tyang dosa, sinungan uga.
  
3. Salumah bumi badhe ngrurmati,
   Gusti kang seda lan wungu uga.
   Swawi salir tyang kang karibedan,
   swawi ngungseni piwlase Gusti,
   ndherek anyangga kalingsemannya
   ja ajrih pejah, Gusti kang menang.
  
4. Mara mujia ! He jagad wrata !
   Gusti panutan, Ratuning gesang.
   Urip kang langgeng wus linairken.
   Mara tangia king sagung dosa,
   ngambaha dalan mring kautaman.
   Gusti murugken mring gesang langgeng.
Share:

277. TAMAN GETSEMANE KANG SEPI

277. TAMAN GETSEMANE KANG SEPI
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Taman Getsemane kang sepi, minangka seksi.
De Sang Kristus mirsani kang bakal sinandhang.
Tan ana sawiji- wijia rowang mung godhong garing tumibeng bumi
Mangkya wustumengkaning pesthi, Gusti netepi janji.

2. Taman Getsemane kang sepi, seksi sejati
   riwene Gusti lir rah mili rentah nelesi bumi.
   Malaekat, sawusnya nyantosani,
   Gusti datan ajrih ing bilai,
   ngepeng ndedonga trusing ati,
   Gusti netepi janji.
  
3. Taman Getsemane kang sepi, seksi  sejatigodhong lan kembang dadi alum wit sungkawaning Gusti.
De kekayu kudune dadi berkat,
malih dumadi salibing laknat,
jer wus dadi anteping ati,
Gusti netepi janji.
  
Share:

278. WONTEN DARAH SUCI MANCUR

278. WONTEN DARAH SUCI MANCUR
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Wonten darah suci mancur neng ardi Golgota,
nggih rahipun Gusti Yesus kang ngicalken dosa.
Kang ngicalken dosa, kang ngicalken dosa.
Nggih rahipun Gusti Yesus kang ngicalken dosa.

2. Tyang durjana kang sinalib angsal pangapura,
   wit tinebus rahe Gusti, ndherek mlebet swarga.
   Ndherek mlebet swarga, ndherek mlebet swarga.
   Wit tinebus rahe Gusti, ndherek mlebet swarga.
  
3. Dhuh Pamarta, rah Paduka sestu tansah kwaos,
   tansah kwasa mbirat dosa lan nucekken batos.
   Lan nucekken batos, lan nucekken batos.
   Tansah kwasa mbirat dosa lan nucekken batos.
  
4. Kula swau nggih cilaka, nging lajeng antuk sih.
   Mila kedah nguhurken Gusti kang sinalib.
   Gusti kang sinalib, Gusti kang sinalib.
   Mila kedah ngluhuraken Gusti kang sinalib.
Share:

279. YEN MANDENG SALIBING GUSTI

279. YEN MANDENG SALIBING GUSTI
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Yen mandeng salibing Gusti,
pucaking kasangsarane,
sagung dosa dak getuni,
wit sampurna lelabete.

2. Pinoyokan lan siniya,
   sedane wus anyelaki,
   kadi kapireng sabdanya,
   " Uripku tumrap sabumi. "
  
3. Gusti seda, nebus dosa,
   nglabeti tiyang sadonya;
   sestu nggih tumrap kawula
   ngraosaken sih Paduka
Share:

280. KRISTUS GUSTI SUMENGKA

280. KRISTUS GUSTI SUMENGKA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Kristus Gusti sumengka mring swarga,
ngutus wong pracaya tansah setya,
amartakna Injil sih rahmatnya.
Kang nampenana sinungan begja.

Reff.
  Bra undhangna, Sang Kristus jumeneng Raja,
  Kratonira tentemraharja.
 
2. Sang Pamarta sumengka mring swarga,
   wong pracaya dadya lantarannya,
   mrih kratoning Allah binabarna,
   dhedhasarira sih- welas- tresna.
  
   Reff.....
  
3. Gusti Kristus sumengka mring swarga,
   ngutus wong pracaya mbudidaya
   sinanira rasa memungsuhan,
   mrih kebabaring gung katentreman.
  
   Reff.....
Share:

281. NENG WISMENE RAMA

281. NENG WISMENE RAMA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Neng wismane Rama gung panggenannya,
neng wismanya Sang Rama.
Ngriku Gusti nyandang papan mring kula,
neng wismanya Sang Rama.
Endah wismanya pra mukti, tan kengging winirasa.
Ngriku para suci girang memuji,
neng wismanya Sang Rama.

Reff
  Wismanya Sang Rama, paleremane pra sukma,
  nagrinya pramuktya, neng wismanya Sang Rama.
 
2. Ngriku inggih wonten larenya ugi, neng wismanya Sang Rama.
   Lare ingang sami lulut mring Gusti, neng wismanya Sang Rama.
   Endah wismanya pra mukti , tan kengging winirasa.
   Ngriku para suci girang memuji,neng wismanya Sang Rama.
 
   Reff.....
 
3. Ngriku tyang sadaya suci sampurna, neng wismanya Sang Rama.
   Pra kang tinebus sinami Gustinya, neng wismanya Sang Rama.
   Enah wismanya pra mukti,tan kengging winirasa.
   Ngriku para suci girang memuji,neng wismanya Sang Rama.
 
   Reff......
Share:

282. SWAWI SAMI SUKA - SUKA

282. SWAWI SAMI SUKA - SUKA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Swawi sami suka - suka nggen
kula ngenget - enget.
Gusti minggah maring swarga,
mendah kaluhuranipun
Njeng Gusti Juru slamet.

2. Nyata sinungan kamulyan
   lan sagung pangawasa;
   wonten ing swarga kalayan
   ing bumi, nggih jinulukan
   ngungkuli sagung nama.
  
3. Ngantos para malaekat
   tansah sami memuji.
   Langkung malih para umat,
   nggih wajib nyaosi urmat
   saha sujud mring Gusti.
  
4. Paduka kang ngrumiyini
   dados Pangirid kula,
   saha maringi prajanji
   badhe karsa anyawisi
   panggenan woten swarga.
Share:

283. BILIH ROH SUCI

283. BILIH ROH SUCI
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Bilih Roh Suci makarya ing manah kula,
kula memuji Gusti kanthi sukarena,
awit Roh Suci paring manah suka rena,
gesang langgeng ayem tentre salaminya.

Reff.
  Rohh Suci, Ooo, Roh Suci
  makarya ing manah kula.
  Roh Suci, Ooo, Roh suci
  makarya ing manah kula.
Share:

284. KALANE GUSTI SUMENGKA

284. KALANE GUSTI SUMENGKA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Kalane Gusti sumengka karsa mlebet mring swargi,
sampun kagungan prasetya, badhe paring Roh Suci.
Ing dinten Pentekosta, Gusti ngutus Roh Suci.

2. Neng dalem suci, sakabat
   mring swara gumrubug.
   Roh Suci ingkang wineca
   pra nabi sampun rawuh.
   Ing dinten Pentekosta
   Gusti ngutus Roh Suci.
  
3. Punika pawartos bingah
   tumrap sagung tumitah:
   Sang Kristus wonten ing swargi
   karsa paing Roh Suci.
   Ing dinten Pentekosta
   Gusti ngutus Roh Suci
Share:

285. KRANA ROH SUCI

285. KRANA ROH SUCI
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Krana Roh Suci dedalem ing ati,
kula tansah kinanthi;
gesang sanyata tentrem raharja,
mangkya sinungken mring kula
Ing wusananira nampi tangining raga,
kadya Sang Kristus, Gusti kang mulya.

2. Krana Roh Suci, kula mrsid yekti
   mbangun turut mring Gusti,
   gesang sembada, ungguh ing yuda;
   ngawontenken juliging dosa.
   Ing wusananira tunggil kasampurnannya,
   klayan Kristus Gusti aneng swarga.
  
3. Krana Roh Suci, kula temen ngudi
   mbucal gesang kang lami,
   sregep makarya, teguh ing karsa,
   tetales bebener nyata.
   Ing wusananira ndherek ing kamulyannya,
   klayan Kristus Gusti aneng swarga.
Share:

286. ROH SUCI ASUNG DAYA

286. ROH SUCI ASUNG DAYA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Roh Suci asung daya ngasorken panggodha,
manah semplahwit sisah, sestu dados bingah;
tyang rinoban pepeteng, sinung padhang langgeng,
mila ayem ing driya, tentrem nula.

Reff.
  Wit kwasaning Roh Suci, gesang sejati,
  tansah begja, kalis sing rehing pati.
 
2. Roh Suci asung kwasa ngasoraken dosa.
   Tyang mursal sarta mblunthah, mratobat mring Allah.
   Gesang mursid sayekti, nresnani sesami,
   sarta remen leladi trusing ati.
  
   Reff.....
Share:

287. ROH SUCI ROH SEJATI

287. ROH SUCI ROH SEJATI
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Roh Suci Roh Sejati, mugi rawuh ing ati
Ngenggalna manah kula, mrih ing lampah prayoga,
setya bekti mring Gusti, wah asih mring sesami.
wit panuntun Paduka, gesang kula sembada.

2. Dhuh Roh Suci, Roh Allah, anyantosakna manah.
   Lamun karoban sisah, tatag, tanggon, tan semplah.
   Manggul salibing Gusti, martosken Injil Suci.
   Wit panuntun Paduka, gesang kula sembada.
  
3. Dhuh Roh Suci, Roh Kristus, nuwuhna manah tulus;
   andum berkah kabegjan, tan mawang mring salir tyang,
   temah tentrem- raharja, sumrambah mring sesama.
   Wit panuntun Paduka, kula gesang sembada.
Share:

288. SANG ROH SUCI DEDALEM ING ATI

288. SANG ROH SUCI DEDALEM ING ATI
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Sang Roh Suci dedalem ing ati,
amrih tyang gesang enggal sejati,
tumemen olah katresnan,
wah karoban kabingahan,
Sang Roh Suci dedalem ing ati.

2. Sang Roh Suci dedalem ing driya,
   temahan geang tentrem- raharja,
   sabar, sareh, paramarta, kautamen dentengenna,
   Sang Roh Suci dedalem ing driya.
  
3. Sang Roh Suci dedalem ing ati,
   damel tyang pitados setya- bekti,
   andhap-asor, alus- budi, saged ngemudheni dhiri.
   Sang Roh Suci dedalem ing ati.
Share:

289. SANG ROH SUCI MUGI PARENG

289. SANG ROH SUCI MUGI PARENG
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Sang Roh Suci mugi pareng anedhaki tyas kula,
dimen a tentrem rahayu, kapenuhan ing tresna.

Reff.
  Dhuh Gusti kang setya,
  Paduka kulandelaken;
  mugi pareng nedhakaken
  Roh Suci ing tyas kula.
  Gusti, mugi nucekaken tyas kula.
 
2. Sumangga cahya Paduka amadhangna tyas kula,
   mugi pepetenging dosa binirata sadaya.
  
   Reff.....
  
3. Mugi ngirid lampah kula mant pangreh Paduka.
   Paduka kula bekteni ngantos dugeng wekasan.
  
   Reff .....

4. Kula mugi sinungana kaunggulaning yuda,
   dimen tentrem - arahayu nggen kula pecat nyawa.
 
  Reff.....
Share:

290. SANG ROH SUCI ROHING AGESANG

290. SANG ROH SUCI ROHING AGESANG
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Sang Roh Suci rohing agesang
mugi nyagedna pasamuwan,
mbabar adil lan bebener nyata,
wah bebrayan tentrem raharja.

2. Sang Roh Suci, rohing pepadhang
   saestu nuntun pasamuwan,
   tansah martosaken Injil Suci,
   ngluberken berka mring sesami.
  
3. Sang Roh Suci, rohing kanyatan,
   mugi nggigaha pasamuwan,
   klayan tulus masrahaken dhiri,
   mrih pulihing Pirdus ing bumi.
Share:

291. SANG ROH SUCI ROHING ALLAH

291. SANG ROH SUCI ROHING ALLAH
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Sang Roh Suci Rohing Allah kang nucekken manah,
kang nuntun mring Sang Pamarta mrih sinung waluya.
Lamun nulak rehing dosa kanthi trusing diya,
manggih gesang nyata wah sampurna aneng swarga.

Reff.
  Kula samya gung kapotangan,
  wit sih ing Pangeran.
  Yogya gesang mursid yekti,
  manut Sang Roh Suci.
 
2. Roh Suci Rohing Kayekten maringi kasekten,
   mrih tyang pitados nekseni sih- rahmating Gusti,
   lamun tansah welas - asih mring sagung sesami,
   ndherek ing kamulyan luhuring Sang Kristus Gusti.
  
   Reff....
  
3. Roh Suci Rohing Pepadhang kang ngenggalken gesang,
   nekseni sajroning manah kula putreng Allah.
   Lamun tanggon mikul salib ndherek Sang Pamarta,
   dadya ahli warising Allah nunggil Sang Putra.
  
   Reff....
Share:

292. SANG ROH SUCI, ROHING KATRESNAN

292. SANG ROH SUCI, ROHING KATRESNAN
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Sang Roh suci, rohing katresnan,
nuntuna mring kula slaminya;
nyingkirna raos pasulayan,
amrih jagad tentrem raharja,
ngrukunken tyang kang cecongkrahan,
mbereg nilar tumindak dosa;
ngiyatken manah ingkang semplah.
Dhuh Gusti, nuntuna mring kula.

2. Dhuh Roh Suci, roh kasunyatan; nunggila mring kula slaminya,
   mrih babaring karsaning Allah wah tobating tyang ambek- siya.
   Labuh-labet sepi ing pamrih, nglawan panindhes klayan sih;
   tan ajrih pepalang - rubeda. Dhuh Gusti, nunggila mring kula.
  
3. Dhuh Roh Suci, roh kaadilan, ngantia mring kula slaminya;
   mbabar adiling Allah, kraharjan warata sumrambah.
   Nguwari tyang binanda dosa, nguculi jireting duraka,
   ngayomi tyang ringkih wah papa. Dhuh Gusti, nunggila mring kula
Share:

293. SUMANGGA, PRA KANCA

293. SUMANGGA, PRA KANCA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Sumangga pra kanca
ngulukken kidung puja,
wit palimirmanya
sinungken mring manungsa.
Dene Sang Roh Suci
rawuh jroning ati,
ngenggalaken budi,
nutun gesang suci

2. Sumyaka sru ngidung nggunggung mring Hyang Maagung,
   kang paring Roh Suci angenggalaken budi,
   nuntun ula- tresna mring sagung sesami,
   mbabarken kraharjan, nyirik kekerasan.
  
3. Muji tan kendhat wah ngundhangken sih-rahmat,
   Sang Roh Suci uga mbelani tyang pracaya,
   mrih tan badhe semplah, nging sengkud makarya,
   mrih Kratoning Allah binabarna wrata.
Share:

294. TYASKU MUGA KASOKANA

294. TYASKU MUGA KASOKANA
( Kidung Pasamuan Jawi / KPJ )

Tyasku muga kasokana,
Roh e Hyang Ma suci,
Gusti kang asetya tuhu,
wus paring prajanji.

Reff.
  Dhuh Pamarta kang sinalib,
  kang mugi wontena Pentekosta
  agung malih, mradini ing donya
 
2. Gusti, mugi Roh Paduka tansah tumedhaka
   dhateng pasamwan Paduka,  wah ing manah kula.
  
   Reff...
  
3. Dhuh, mugi Rama myarsakken sambate pra putra,
   manah enggal, pinaringna dhumateng kawula.
  
   Reff....
  
4. Dhuh Rohullah, mugi mrasuk ing manah kawula,
   nunten suci miwah padhang, lan unggul ing yuda.
  
   Reff....
Share:

295. WIT SANG ROH SUCI

295. WIT SANG ROH SUCI
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Wit Sang Roh Suci, kula sagedna,
martosken Injil adi Kraton Swarga.
Wit Sang Roh Suci, kula sinung daya,
nekseni Yesus Gusti, Sang Pamarta.

2. Wit Sang Roh Suci, kula wicaksana,
   wijang nerangaken sabda karseng Allah.
   Wit Sang Roh Suci, kawula sembada,
   Nglampahi gesang tansah lembah- manah.
  
3. Wit Sang Roh Suci, kula datan semplah;
   nadyan manggih rubeda tansah panggah.
   Wit Sang Roh Suci, kula tan suwala,
   jroning kinaniyaya, tetep setya.
Share:

296. DHUH GUSTI, KULA NDONGAKAKEN

296. DHUH GUSTI, KULA NDONGAKAKEN
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Dhuh Gusti, kula ndongakaken
sadherek enggal punika
saged amantep ing pitados
Tobata kang trus ing driya
sampun kawon dening panggodha
Angsalai di Pangeran,
supados wilujeng neng donya
tumekeng jaman klanggengan

2. Dhuh Gusti, kula ngongakaken
   sadherek enggal punika
   sageda mantep ing pitobat,
   sarta temen ing pracaya.
   Mugi Roh Suci ngaubana
   kawula sapasamuwan
   supados sami lestantuna
   dados kagungan Paduka.
Share:

297. GUSTI KARSA NAMPI LARE KANG SOWAN

297. GUSTI KARSA NAMPI LARE KANG SOWAN
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Gusti karsa nampi lare kang sowan,
kang sinaosaken tyang sepuhira,
angupadi nyuwun mrih binerkahan,
srana tinumpangan dening astanya.

Reff.
   Gusti angandika, " Di kaya bocah,
   anggone nduweni kratoning Allah."
  
2. Nanging pra sekabat sami ngawisi
   lah nulya sedaya dipun dukani;
   awit lare' ugi kepareng sowan,
   sami tinampenan klayan katresnan.
  
   Reff....
  
3. Pra lare' adados putra prasetyan;
   dene tiyang sepuh darbe kwajiban
   nuntun yoganira bekti mring Allah,
   ngaturken pamuji kang trusing manah.
  
   Reff....
Share:

298. GUSTI KULA MAHATRESNA

298. GUSTI KULA MAHATRESNA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Gusti kula Mahatresna,
Juru Pangen utami;
kanthi setya
pangreksanya,
mrih gesang kula suci.

2. Manah sisah dados bingah, wit Gusti kang mberkhai.
   Nadyan rempu miwah semplah, nggih Gusti kang ngrimati.
  
3. Wit Paduka Pangen setya, Putreng Allah satuhu;
   paring sabda manohara, mrih tyang gesang rahayu.
  
4. Gusti kula Pangen mulya puruging gung pasambat.
   Kula pasrah mring Paduka, kaluber ing sih-rahmat.
  
5. Mugi kula kauwalna saking lampah dursila;
   katuntuna manah kula dhateng kamulyan swarga.
Share:

299. KABINGAHANING MANAH

299. KABINGAHANING MANAH
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Kabingahaning manah yekti
tan wonten kang nglangkungi.
De kadang kang kulakasihi
nampeni baptis suci.

Reff.
  Dhuh Gusti, mugi tansah mberkahana,
  mrih mbabarna pracaya,
  nekseni asmaning Sang Pamarta
  wah gesang sembada.
 
2. Kraharjan kang ngerobi driya tan wonten timbangannya.
   De anak kang kula tresnani nampeni baptis suci
  
   Reff....
  
3. Kabegjan kang kula tampeni tan saged denlironi.
   De nadyan kula tyang kang dosa, nging wus baptis samangkya.
  
   Reff....
Share:

300. RAMA MUGI ANGLUBERNA BERKAH

300. RAMA MUGI ANGLUBERNA BERKAH
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Rama mugi angluberna berkah
wongen ing satengahing padamuwan.
Para lare anak kawula sowan,
anampeni prasetyaning Allah.

2. Pasamuwan kadadosna suci
   wonten asmanipun Rama ing Swargi.
   Para lare dadosa tyang piniji,
   nggih pinaringan gesang sejati.
  
3. Sang Roh Suci wah sabda Paduka
   mugi nuntung tyang mantep ing pracaya;
   wit dosanya wus linebur, binirat.
   Gesangnya amung krana sih-rahmat.
  
4. Para lare kang nembe kabaptis
   namanipun ingkang sampun tinamtu,
   kanthi terang ing Kitab tinulis,
   katuntuna murih gesang rahayu.
Share:

301. BUJANA SUCI

301. BUJANA SUCI
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Bujana suci punika kawula yakini
sanyata sariranta, roti gesang
ingkang Paduka paringaken,
rejeki saking swarga,
sumbering gesang langgeng

Reff.
   Kawula aturpanuwun, wit tetedhan punika;
   mugi kula kasagedna dados seksi Paduka.
  
2. Bujana suci punika kawula yakini sanyata sariranta,
   dados srana panunggil kita para jiarah kalayan para suci
   kang mulya aneng swarga.
  
   Reff.....
  
3. Bujana suci punika kawula yakini sanyata sariranta,
   sumber gesang greja Paduka kang makarya,
   ngundhangaken katresnan dhateng salir manungsa.
  
   Reff.....
Share:

302. DHUH ALLAH KANG MAWILASA

302. DHUH ALLAH KANG MAWILASA
( Kidung Pasamuwan Jawi/ KPJ )

Dhuh Allah Kang Mawilasa, Paduka aparingsih
Kula kasandhangan dosa, nging Paduka kang ngaksama;
tansah amaringi sih piwlas kang mahaluwih.    x 2

2. Bujana suci kang nggugah rumaose pra kanca,
   iba kawlasane Allah mring kula wah tiyang kathah,
   duk masrahken Kang Putra, amrih kraharjan kula
  
3. Roti kang cinuwil- cuwil sarta sami dentedha,
   yeku salirane Gusti. Semana pinaringaken,
   maedahi pra sakabat, miwah tiyang sajagad
  
4. Gusti ingkang maringaken sliranipun piyangga,
   sestu dipun tombokaken nggenipun angentasaken
   para wumat sadaya ingkang sami pracaya.
  
5. Tuwung kang sami denombe, ibarat rahe Gusti;
   rahing prajanjian -anyar, samana winutahaken
   dados lantaranira pangapuntening dosa.
Share:

303. DHUH, CEMPENING ALLAH

303. DHUH, CEMPENING ALLAH
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

K. Dhuh, Cempening Allah, Ingkang nebus disaning tyang sadoyo
U. Melasana kula.
K. Dhuh, Cempening Allah, ingkang nebus dosa kawula.
U. melasana kula.
K. Dhuh, Cempening Allah, ingkang nebus dosa kawula.
U. Malasana kula, melasana kawula.


K : kantoria, pemimpin pujian, pendeta
U = pasamuwan
Share:

304 DHUH, CEMPENING ALLAH

304 a DHUH, CEMPENING ALLAH
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

K. Dhuh, Cempening Allah,                            )
U. Ingkang nebs dosaning jagad, kula kawelasanna !  ) x 2
K. Dhuh, Cempening Allah,
U. Ingkang nebus dosaning jagad, paringa katemtreman !

K : kantoria, pemimpin pujian, pendeta
U = pasamuwan


304 b. DHUH, CEMPENING ALLAH
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Dhuh, Cempening Allah ingkang nebus dosaning jagad,   )
kula kawelasanna !                                    ) x2
Dhuh, Cempening Allah ingkang nebus dosa ning jagad,
paringa katemtreman !
Share:

305. IBA KASAENANING GUSTI

305. IBA KASAENANING GUSTI
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Iba kasaenaning Gusti,
andhawahaken bujana
mring para abdine; kasuprih
mentepipun pracaya,
punapa malih rukun ira,
de pitungkasing Pangeran
dhateng para sakabatipun
kinen sami sihsinihan

2. Mila kula gadhah panyuwun, kang mugi - mugi wontena
   sih jumurunging Gusti pyambak, nggen kula sami bujana;
   supados sestu andadosna tetepipun ing pracaya
   saha indhaking tersna kula mring pra sadherek sadaya.
  
3. Gusti, nggen kula niti priksa kawontenaning tyas kula
   saestu sageda pinanggih, kang dados klepatan kula;
   saha denakeni tumunten, mboten kula pitambuhi;
   aluwung nyuwuna apunten, kang sarta tobat ing Gusti.
  
4. Punapa kula ngenget-enget dhateng pisakit Paduka,
   mangka mboten purun neangsa ngrumaosi lepat kula ?
   Punapa sanes dosa kula kang denrembat dening Gusti
   mila sawarnining piawon sageda kula singkiri ?
Share:

306. KAWULA KAPARENGNA SOWAN

306. KAWULA KAPARENGNA SOWAN
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Kawula kaparengna sowan
wonten ing pakempalan,
sanadya kawula mboten pantes
tampi sihpiwlas Paduka.
Awit krana kurban Paduka,
kawula sinucekken,
supados kawula kaanggep
pantes ndherek kembul bujana.

Pisowan kula parengna.
Roti anggur puniki sesarengan
tetagesang kang kula lampahi,
damel rena Paduka.
Lambang srira wahrah Paduka
ingkang kawula tampi,
dados srana kawula gesang langgeng
nunggil Paduka ing Kraton Swarga.
Share:

307. KULA NIKA TIYANG DOSA

307. KULA NIKA TIYANG DOSA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Kula nika tiyang dosa
lan sami timbalan.
Dening Gusti Kang Masuci,
mrih sami tetunggilan.

2. Kang nimbali wus nyawisi bujana ingkang suci,
   ingkang suka, manah rena; mila gung kula puji.
  
3. Allah nrima dhateng kula punika panjerira
   anggur roti kang denbukti minangka kang sarira.
  
4. Tiyang dosa lan duraka kang sami tinedhanan,
   angger tampi wlase Gusti, samyangsang kanugrahan.
  
5. Gusti mulya, Kang Wilasa, kang nampi tiyang dosa,
   manah kula sinucekna lan angsala santosa.
Share:

308. KULA SAMI SESARENGAN

308. KULA SAMI SESARENGAN
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Kula sami sesarengan kembul bujana suci,
yeku pratandhaning kurban, nggih kurbanipun Gusti.
Roti anggur ibaratnya sarira miwah rahnya.

2. Bujana suci puniki sesengkeraning Gusti,
   ingkang den agem sarana ngrimat pitados kula;
   temahan saged ngraosken tentrem - rahayu langgeng.
  
3. Kang nyawiyah bujananya tan panten pisowannya,
   kedah kanthi panalangsa nggetuni dosanira,
   kalayan manteb ing manah ajrih - asih mring Allah.
  
4. Kembul ing bujana suci martosken sihing Gusti,
   dennya anglampahi seda dados Panebus kula.
   Samangke kula nekseni, dimen jagad ngugemi.
Share:

309. LAMUN SIRA ING BEBAYA

309. LAMUN SIRA ING BEBAYA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Lamun sira ing bebaya,
aywa mangum tataga !
Tatag tanggon tan suwala,
Gusti Allah datan tega ;
mesthi paring kuwawa
mbengkas godha rencana.

2. Lamun bebaya ndrebala, adoh sih pitu;ungan;
   tindak culika anyerang aywa geter kalimpungan,
   aywa gawe sumelang; eling Gusti, prayogi.
  
3. Duk ginubet kasusahan, aywa miris lan kwatir !
   Nyuwun Gusti pitullllungan, duk sedhih metek anindhih,
   Lah, iku kapasrahna mring Gusti Mawilasa !
  
4. Aku pracaya Sang Sabda, datan cidra ing janji,
   ugi datan damel cuwa mring kang purun anyelaki.
   Sabdanya iku ya amin; hayu kang manut denpimpin.
Share:

310. NYAWAKU, SIRA NGAOSNA PUJI

310. NYAWAKU, SIRA NGAOSNA PUJI
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Nyawaku, sira nyaosna puji
mring Pangeran Allah Kang Maha suci.
Sabatinku ngluhurna asmane.
Dhuh nyawaku, Yehuwah kamulyakna !
Aja lali mring gunging kadarmannya.
Eling ana sawiji wijine.

2. Pujinen kang ngapura disaniram kang marasaken sagung lelaranira
   nebus uripmu saking antakam kang ngerobi sira lan kawlasan,
   kang maregi umurmu lan kadarman, wah ngenomke kakuwatanira.
  
3. Sepira langit angungkuli bumi, samono dunging sihe Kang Masuci
   mring wong kang nyaosi pangabekti. Sepira dohe kulon saka wetan,
   ya samono sihe Kang Mawikan ngedohke dosa lan kaluputan.
  
4. Kadya tresnane bapa mring anaknya, mangkono Allah dennya sih - mirma
   mring wong kang nyaosi pangabekti. De mirsa dumadiku saka apa,
   sarta datan supe ing salaminya, yen mung lebu kaananku iki.
Share:

311. PANGERAN KANG MAWILASA

311. PANGERAN KANG MAWILASA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Pangeran Kang Mawilasa,
Paduka aparing sih.
Kula kasandhangan dosa,
nging Paduka kang ngaksama.
Tansah amaringi sih piwlas
Kang Mahaluwih.

2. Bujana suci kang nggugah rumaose pra kanca.
   iba kawlasane Allah mring kula wah tiyang kathah;
   duk masrahaken Kang Putra amrih kraharjan kula.
  
3. Roti kang cinuwil - cuwil sarta sami dentedha,
   yeku salirane Gusti, samana pinaringaken
   maedahi pra skabat miwah tiyang sajagad.
  
4. Tuwung kang sami denombe ibarat rehe Gusti,
   rahing prajanji anyar, samana winutahaken
   dados lantaranira pangapuntening dosa.
Share:

312. PUNAPA KANTHI SAESTU

312. PUNAPA KANTHI SAESTU
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Punapa kanthi saestu
nggen kula sami ngakeni
gesang ingkang kebak dosa,
sinanggi ing siyang ratri,
wit saking ringkih ing jalma,
tan saged dipun endhani.

2. Punapa klayan tyas tulus ngakeni Gusti pribadi
   nggenipun sangsara seda, wit nebus disaning jalmi.
   Saiba nggen kula begja, mila mangga den sowani.
   
3. Punapa kanthi satuhu nggen kula masrahken dhiri,
   mrih lampahing gesang kula manut sakarsaning Gusti
   kang nuntun mring karaharjan, wit tresnanya lair-batin.
   
4. Punapa klayan saestu anggen kula ndherek Gusti;
   saos sokur tanpa kendhat, krana Gusti tansah nganthi,
   ingangkah wilujeng kula, wah tentreming tyang sabumi.
Share:

313. TUMRAP WONG KANG NDHEREK

313. TUMRAP WONG KANG NDHEREK
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Tumrap wong kang ndherek kembul ing bujana,
Gusti Yesus wus angandika, " Aku nunggal kalawan kowe . "

Aku rotining urip saka swarga, kang gelem mangan ora baal mati.
Roti iki sanyata badanku, dak pasrah ake, mrih urip ing donya."

" Sapa kang padha mangan dagingku  lan uga ngombe getihku,
bakal nduweni urip kang langgeng, lan dak tangek ake ing akir jaman. "

" Kaya Sang Rama kang kepareng ngutus Aku, lan Aku ana ing Sang Rama,
ya mengkono uga kang mangan Aku, bakal urip krana Aku. "
Share:

314. WONTEN ING BUJANA SWARGA

314. WONTEN ING BUJANA SWARGA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Wonten ing bujana swarga tahsih langkung panggenan.
Angger tyang dosa mratobat, mesthi nggih sinuruhan.
Gusti ngutus pra abdinya ngundangken ing sajagad
dhateng sawarnining jalma kang ngrumaosi cacad.
" Rungokna ! Neng swarga, isih luwih panggonan.
Wong dosa, mareka ! Sira kang sinuruhan. "

2. Mila swawi kanca, kula samnya marek mring Gusti,
   kang tan nampik tiyang dosa kang kelik dados suci.
   Sinten rumaos klepatan wah kawratan ing dosa,
   nilingna Injiling Allah kang ngumandhan asora.
   " Rungokna ! Neng swarga isih luwih panggonan.
   Wong dosa, mareka ! Sira kang sinuruhan."
Share:

315. BRYAYAT KANG TENTREM GESANGNYA

315. BRYAYAT KANG TENTREM GESANGNYA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Brayat kang tentrem gesangnya,
sumarah mring Pangeran;
santosa wah tetep panggah sajroning karibedan.

Reff.
  Dhuh Gusti, mugi Paduka paringa
  sih wilasa, darapon kula
  kuwagang mudhi dhawuh Paduka.
 
2. Nadyan jagad peteng nghedhet, wah sepi ing katresnan,
   nanging Gusti dadya dilah, tansah sung pitulungan
  
   Reff...
  
3. Nadyan ardi gung selanya, lembah peteng marginya,
   Gusti tansah karsa nuntun, amrih leres lampahnya.
  
   Reff....
Share:

316. BRAYAT KANG TIANGSULAN ING TRESNA

316. BRAYAT KANG TIANGSULAN ING TRESNA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Brayat kang tinangsulan ing tresna,
tetales pitados mring Gusti,
nesthi ayem tentrem lan raharja,
atut rukun wah lestari,
silih asah lan asih,
silih asuh tan pamrih,
temah adeging brayat puniki,
neng semken mring sesami.

2. Brayat kang tresnanira sejati, kados  sihe Sang Kristus Gusti.
   Lung - tinulung silih angladosi, tan nguja karseng pribadi.
   Yen bebaya anrajang, linawan sesarengan,
   temah adeging brayat puniki, nengsemken mring sesami.
  
3. Brayat kang mbangun - turut mring Gusti, tegen ngedonga lan ngabekti,
   kraos lan rumaos nampi berkah, jroning bingah dalah sisah;
   gesangnya kagem Allah, blaba berbudi tansah,
   temah adeging brayat puniki, nengsemen mring sesami.

4. Brayat ingkang satuhu sembada, tamtu datang annguciwani,
   kalamun pinaringan momongan, pierdi bekti mring Gusti,
   mrih setya lembah - ati, blaba gemi - nastiti,
   temah adeging brayat puniki, nengsemken mring sesami.
  
Share:

317. DUK KINA SAMPUN DHINAWUHKEN

317. DUK KINA SAMPUN DHINAWUHKEN
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Duk kina sampun dhinawuhken,
"Tan prayoga yen manungsa gesangnya pyambakan kewala,
lah Ingsun karya jodhonya !"
Lah ta, samangkya kanca kawula wus sinungan jatukrama,
minangka rencang kang sembada,
gesang neng ngarseng Pamarta.
Sugeng bagya ! Mugi karana saking rama punika,
Allah kluhurna !

2. Kawula para kanca sami, atur puji jaya - jaya;
   maring nggenipun kanca pala - krami, tinunggila begja - arja;
   luluta lir mimi lan mintuna, runtung - aruntung sinihan,
   wah sesarengan nambut karya kangge Kratoning Pangeran.
   Sugeng Bagya ! Mugi karana nggennya krama punika,
   Allah kluhurna !
Share:

318. GUSTI ALLAH INGKANG MAASI

318. GUSTI ALLAH INGKANG MAASI
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Gusti Allah Ingkang Maasih;
wit saking sihrahmatipun
sampun nimbali tyang kekalih,
gesang tansah atutrukun.
Tan prayogi lamun ngantos pisah,
wit saking wangkoting manah,
nging kekalihnya tunggal ati
lung tunulung gesang suci.

Koor.
  Brayat begja wit tinunggil
  Allah Sang Rama, Sang Putra,
  wah Sang Roh Suci.
 
2. Gusti wus nitahken manungsa nulad ing pasemonira
   jalu - wanita, kekalihnya sesami rowang sembada,
   kinen tansah sami memitran, mrih mekar jatining gesang,
   tansah dados margining berkah mring brayat wah mring tyang kathah.
  
   Koor :...
  
3. Gusti mberkahi tyang ningkahan, kinen mbangun kulawarga,
   dados sakahing pasamuwan, temah tuwuh lan ngrembaka.
   Brayat tansah pinannggih raharga, wit misungsungken gesangnya,
   mrih rawuhing Kratoning Swarga, temah rahayu warata.
  
   Koor: ...
Share:

319. KADYA ADAM LAN HAWA

319. KADYA ADAM LAN HAWA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Kadya Adam lan Hawa kang dedunung neng Pirdus,
ajrih asih mring Allah, ngabekti kanthi tulus.
Tresna nya murni, gesang nya suci,                     )
rukun setya wah lestari, tansah tinunggil Gusti    ) x 2

2. Tiyang kang sesemahan kang dadya putreng Allah,
   ngudi ing kamursidan, asih mring sagung titah
   Jujur ing lampah wah lembah - manah,                      )
   arum jroning pirembagan, kekah dennya bebrayan    ) x 2
  
3. Tiyang kang sesemahan kang bekti mring Pangeran,
   bingah nggunggung Hyang Widi, sisah ngaub mring Gusti.
   Darma - bektinya landhesan sabda,                        )
   dadya lantaraning berkah ing bebrayan akathah.    ) x 2
Share:

320. KANG NUNTUN LAKU UTAMA

320. KANG NUNTUN LAKU UTAMA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Kang nuntun laku utama
yeku sabdaning Allah.
Wulangna mring brayat ira
tan kendhat saben wayah.

Reff.
  Gya undhangna sabedeng Allah
  babaring sih rahmatnya,
  mrig sagunging pra tumitah,
  amrih tentrem raharja.
 
2. Brayat di tansah angudi nilingke sabdeng Gusti
   sarta padha anindakna kanthi tulusing driya.
   Reff....
  
3. Brayat di tansah ngabekti ndedonga lan memuji;
   nampa sabda saka swarga, ngabdi kanthi sembada.
   Reff....
  
4. Brayat kang manunggal budi, karem sabdaning Allah
   gumregut dennya leladi sumaos mring Yehuwah.
   Reff....
Share:

321. KULAWARGA KANG RAHAYU

321. KULAWARGA KANG RAHAYU
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Kulawarga kang rahayu,
lamun Gusti angayomi
srana tresna kang satuhu,
tansah nuntun wah nganthi.

Reff.
  Mathur nuwun konjuk mring Gusti,
  dekarsa nuntun salaminya;
  sakathahing urmat wah pamuji
  tansah sumengka ing ngarsanya.
 
2. Aneng donya dalannya,
   endi kang bakal ingambah.
   Dalan  bener mung sajuga,
   yeku margining Allah
   Reff....
  
3. Kulawarga tetep panggah,
   lamun Gusti kang ngayomi;
   jroning sudah dalah bungah,
   datan pegat ngrimati.
   Reff....
  
4. Dhuh Roh Suci mugi rawuh,
   angebeki tyas kawula,
   amrih kula tansah tangguh
   mujudaken sih-tresna
   Reff...
Share:

322. LENGGAH JAJAR TANDHA SIH

322. LENGGAH JAJAR TANDHA SIH
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Lenggah jajar tandha sih,
manah kalih nunggih dadya sajuga;
tresna kang kanthi tulus,
dadya kembang pasrening balewisma.
Sestu dinten kang endah,
ari manunggaling kadwi wardaya;
Samangkya sejarah nyitra prasetya
kang wus kawahnya,
jroning bingah lan sisah asetyaa

Reff.
  Ooo, kula angaturken sugeng lelumban ing bebrayan agung
  Ooo, Gusti angersakken sih katresnan kang langgeng salaminya.
  Ooo, kula andongakken kabagyan, katentreman balewisma.
  Ooo, Gusti, angarsakken cahyaning gesang panggah sumunara.
Share:

323. MENDAHNEA RAHAYU TYANG GEGRIYA

323. MENDAHNEA RAHAYU TYANG GEGRIYA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Mendahnea rahayu tyang gegriya
klayang tansah rumaket mring Gusti,
kang dadya mitra lang tuing basuki,
sarwi bingah prentahnya pinundhi.
Sekakapti anilingken sabdanya,
angabekti Allah klayan eklas.
Rinten dalu angluhurken asmanya,
myang sumuyud kalayan trusing tyas.

2. Mendahnea rahayu tyang semahan,
   klayan nunggil tresnanya mring Gusti.
   Runtang - runtung dening sih - sinihan
   klayan saeka- praya lan budi.
   Sadinten- dinten sami ngajeng - ajeng
   idining Gusti sarwi memuji.
   Ing satitah nrima klayan pitajeng
   saha tresna dumugi ing janji.
Share:

324. NENINGKAHAN KANG KINEKAHKEN

324. NENINGKAHAN KANG KINEKAHKEN
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Neningkahan kang kinekahken lan binerkahan deneng Gusti,
dados brayat kang sinengkering
patunggilan ipun Hyang Maha suci;
sembada ing prang rohani,
nglawan Iblis julig yekti.
Tumemen ing pandonga wah nggegilut sabdanya,
nggunggung sih rahmate Rama,
mersudi ing kamursidan,
miwah geang masamuwan,
tan lali dados seksi
wah lelados sesami,
mbabar sih tresnaning Gusti.

2. Neningkahan kang kinekahken lan binerkahan dening Gusti,
   brayattira sami sinengker, amrih setya binabar ing pra janji.
   Kanthi temen dennya merdi srana nuntun nuladhani,
   dimen sregep ngabekti, ndedonga lan memuji.
   Tansah setya dugeng janji,
   kanthi tegen nggulawenthah, dimen dadya putreng Allah
   watek pradhah lembah - manah.
Share:

325. PUJI MIWAH PANUWAN

325. PUJI MIWAH PANUWAN
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Puji miwah panuwan konjuk mring Gusti,
krana Paduka keparenga maringi.
Kepara dangu nggen kawula ngantuantu.
tan kendhat siyang tanapidalu.

Reff.
   Iga kawula dangu ical                    ( priya )
   Samangkya kawula angamping     ( wanita )
   Iga kawula dangu ical                    ( priya )
   Samangkya kawula anulungi         ( wanita )
   Kula kekalih dadya sajuga,
   krana karsanya, anunggil sedya;
   ngladosi Gusti ing salami laminya.
  
Share:

326. PUNIKA BRAYAT KULA

326. PUNIKA BRAYAT KULA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Punika brayat kula, brayat tentrem kang ngangeni.
Sinten dados tanggelan ? namung Pangeran pribadi.

Reff.
  Saiba prayoginya, lamun Gusti kang rumeksa,
  temah tanpa rubeda, sagotrah manggih raharja.
 
2. Saiba endahira, tyang -sepuh dadya tuladha,
   sagung para putra sami nulad pakartinya.
   Reff....
  
3. Nalika nandhang sisah, kula sadaya ndedunga;
   kala ngraosken bingah, saos sokur kang sumengka.
   Reff....
  
4. Sagriya angudia dadya brayat kang rumantya,
   ngantos dados panutan tumraping brayat sembada.
   Reff....
Share:

327. RAHAYUA SALAMANYA

327. RAHAYUA SALAMANYA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Rahayua salamanya panganten kang mangkya binerkahan;
apra janji gesang suci, mbangun turut lan setya mring Gusti.

Reff.
  Saosa sokur saben wektu,
  kanthi sawutuhing uripmu;
  ngabektia, leladia,
  dadia seksining  sihrahmatnya.
 
2. Rahayu salamanya panganten kang tinunggil Pangeran;
   kanthi tekad lan semangat, lumadi, lumadi mring karsane Sang Rama
   Reff...
  
3. Rahayu salamanya panganten kan rukun sih-sinihan;
   jroning bungah dalah susah tunggal ati mring lampah utami.
   Reff...
Share:

328. SADHEREK KULA NIKI

328. SADHEREK KULA NIKI
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Sadherek kula niki kang sami ningkahan,
kula pepujek aken wonten pasamuwan.

2. Kang mugi Gusti Allah
   maringana idi
   kang dados wilujenge
   nggene palaksami.
  
3. Pundi dununging tresna,
   kadhawahan berkat,
   kanggenan Gusti pyambak
   lan urip tan peget.
  
4. Panjangan umurira
   cekapa rejeki,
   tulusa sih - sinihan
   dumugi ing janji.
Share:

329. SAIBA GUNGING NIKMATNYA

329. SAIBA GUNGING NIKMATNYA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Saiba gung ing nikmatnya,
lamun sadherek sagriya sami rukun ing pitepangan.
Pundi dununging katresnan,
mesthi tansahka dhawahan berkahing Allah
lan kraharjan, kanggenan Allah pribadya,
miwah gesang salaminya.
Share:

330. SANYATA PRAYOGI

330. SANYATA PRAYOGI
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Sanyata prayogi wah endah mulya,
tyang sagriya rukun sesambetannya,
ngronce katresnan sejati.
Berkahing Allah tansah ngerobi
lir ebun enjing kang anyrambahi,
mung kraharjan kang pinanggya.

2. Bapa ingkan angesuhi brayatnya,
   kadya imam lelados timbalannya,
   ngalntarken berkahing Gusti.
   Brayat tansahguyub tunggal ati,
   sarwi bingah pinanggya lestari,
   ayem - tentrem pandumannya.
Share:

331. SAPUNIKA DADOSA LEMBARAN ENGGAL

331. SAPUNIKA DADOSA LEMBARAN ENGGAL
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Sapunika dadosa lembaran enggal kawula;
datan liya krana timbalan Paduka.
Pasrah kawulantan pareringa;
punika pangidung kebabar ing gesang kula.
Menawi kawula ngadeg jejeg ngantos wekdal punika,
sanes wit kiyat kawula.
Sadaya sestu karsaning Gusti,karana sih rahmat.
Sengara kawula saged gesang mandhiri.
Matur nuwun Gusti !.
Share:

332. TENTANGSULING DHAUP SUCI

332. TENTANGSULING DHAUP SUCI
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Tetangsuling dhaup suci
suh awet sahamanis
nunggilken manah kekalih,
temah saekakapti.
Sesami rukun atut rutut
wah tresna ira salulut,
sami mukti saestu.

2. Dhuh Allah purbaning tresna, atur panyuwun kula.
   mugi parenga ing karsa Paduka paring idi
   sarta malih anjangkungi sadherek kula puniki
   panganten jaler - estri.
  
3. Mugi nggennya palakrama kalulusna Paduka,
   ginanjar berkah mulya, nggih berkhaing katresnan
   enthenga bot-repotira, tebiha bencananira
   tiyang gesang neng donya.
Share:

333. TYANG KEKALIH JAWAT- ASTA

333. TYANG KEKALIH JAWAT- ASTA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Tyang kekalih jawat asta tandha manah sajuga,
sinartan janji satuhu, tresna tinresnan saestu;
salaminya setya tansah, jroning bingah dalah sisah,
netepi ing kuwajiban, mrih utami ing bebrayan.

2. Janji tamtu dentetepi, wit Gusti wus ngidini;
   kinekahken, binerkahan, sineksenan pasamuwan,
   nedya tansah gesang suci srana mbangun - turut Gusti,
   temahan brayat raharja, gesangnya dadya tuladha.
  
3. Kalpika kencana adi, tengering janji suci
   pinasang ing driji manis, sinartanan tembung aris
   "Kalpika tandhaning tresna, kang langgeng ing salamanya,
   sira iku sisihanku, telenging sih mung sliramu.
Share:

334. OJO SUMELANG

334. OJO SUMELANG
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Aja sumelang bab uripmu, ywa uwas ing kalbu
Yen pepeteng nglimputi ati,
ngayoma mring Gusti.

Reff.
Allah yeku Rama, ngreksa sira salaminya
Pasrah sumaraha, mrih tentrem raharja

2. Lamun tininggal sanak - kadang, ywa semplah ing driya
   Yen kamukte, kamulyan ilang, mantepa pracaya
   reff...
  
3. Lamun ngalami kacingkrangan, tatag di prayitna.
   Yen tansah rinidhu  panandhang, teguh den waspada
   reff....
Share:

335. ANA PRAU LAYAR

335. ANA PRAU LAYAR
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

1. Ana prau layar margi raharja,
   Gusti kang dadi Juru mudhi nira;
   sapa kang arep uwal king cintaka,
   nunggang aning prau ne mesthi waluya.
 
Koor.
   Nungganga kanca! mara nungganga !
   Aja wedi ing ombak wah prahara;
   de prau ne Gusti mesthi datang kentir,
   mesthi slamet lakune. Mula ja kwatir.
 
2. Tan ana pangunsen liyane Gusti,
   kang wus ananggel karaharjan kula.
   Tan ana maneh prau kang santosa,
   wah kang bakuh nadyan tinempuh prahara. koor ....
 
3. Lah dharate wus katon neng tekan.
   mung pira antaranya, nuli tekan.
   Mula ja was atimu nging giranga,
   mesthi tan kapiran angger wong pracaya. Koor ....
 
4. Aku ya wus nunggang praune Gusti,
   mulane ayem lan enggar ing ati;
   angine ribut myang ombake agung,
   mulane tan kwatir malah kudu ngidung.  Koor .....
Share:

336. ANENG PATUNGGILANE GUSTI

336. ANENG PATUNGGILANE GUSTI
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Aneng patunggilane Gusti
sarana nunggil baptisNya,
pasamuwan dados sawiji,
tunggil manah lan pracaya.
Neng patunggilane Roh suci,
ngajeng ajeng kasampurnan.
Pasamuwan Paduka
mugi saya kekah tetunggilan
Share:

337. DAHAT NYAWAKU AREREM

337. DAHAT NYAWAKU AREREM
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

1. Dahat nyawaku arem rem,
   lan atiku ayem tentrem,
   wit Kang Ma kwasa karsa dadi
   etuking karaharjanku,
   Pamomong ku setya tuhu,
   wah bebateng lang panggungsenku.
   Aku mesthi datan rebah,
   wit rineksa dening Allah.
 
2. Dhuh nyawaku sinaosna,
   reremira ing wardaya
   mring Allah kan dakanti-ati.
   Dene Yehuwah Pangeran
   kang dadi parang santosa,
   pangauban lamun siniya;
   aku mesthi tan gumiwang,
   wit Allah kang mengku gesang.
 
3. Allah Maluhur kang dadi tuking
   berkahing pra abdi,
   peparangku kang asantosa.
   He, bangsaku mumandela
   mring Allah ing salamanya,
   sarasaning driya saosna
   mring Allah Kang Mahasetya,
   kang dadi pangungsen kita.
 
Share:

338. GREJA PRASASAT BAITA

338. GREJA PRASASAT BAITA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

1. Greja prasasat baita neng tengah samodra,
   Kristus kang dadya panutan enering lampahnya.
   Nadyan tan sepi babaya, ombak , lan prahara,
   mesthi tulus kang sinedya, gisik ing sampurna,
   angger tansah tan suwala mring sagung pangrehnya,
   temah sembada widada, kalis sing rubeda.
 
Reff.
   Ayo disetya tulung tinulung tunggal sedya,
   karya aneng Sang Pamarta ngantos salaminya.
 
2. Greja prasasat baita neng tengah samodra
   Kristus kang dadya panutan enering lampahnya.
   manuta pandoming lampah, nggih sabdaning Allah,
   nyingkirna watu karang sengseming kadonyan,
   mrih tan nemahi ciaka, karem ing samdra,
   temahan tan bisa dadi seksi kang sembada. Reff...
 
3. Greja prasasat baita neng tengah samodra
   Kristus kang dadya panutan enering lampahnya.
   Samangsa prahara nempuh, iman kudu kukuh,
   Samangsa pedhut sumrambah, aja gampang semplah.
   Nadyan ombah mbilaeni, aja cilik ati,
   wit Kristus pyambak kang nganthi, mrih Greja lestari. Reff...
 
4. Greja prasasat baita neng tengah samodra,
   Kristus kang dadya panutan enering lampahnya.
   Yen tan padha tunggal ati, nemahi bilai;
   baita lepas padha tunggal ati, nemahi bilai;
   wit sayektine babaya neng tengah samodra,
   uga king jroning baita, mula di waspada. Reff....
 
Share:

339. IBA DENNYA MBINGAHAKEN

339. IBA DENNYA MBINGAHAKEN
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

1. Iba dennya mbingah aken,
   yen ing sajagad wrata,
   kaadilan den agungken,
   binabar aneng donya.
 
Reff.
   Srana sih katersnan tulus,
   lah jagad dados Pirdus.
   Sagung tumitah rinimat,
   rinoban ing sih rahmat.
 
2.Iba dennya nengsemaken,
   yen manungsa sabumi
   marsudi tentrem - rahajeng,
   mbabarken sihing Gusti. Reff...
 
3. Iba dahat endahing,
   pra titah tetunggilah,
   tunggil sedya sakapraya,
   rumaket trus ing driya. Reff...
 
4. Mila kula datang wigih,
   gya gumregut makarya,
   tumandang sepi pamrih,
   mung ayuning bawana, Reff....
Share:

340. ING PAPRENTAHANING ALLAH

340. ING PAPRENTAHANING ALLAH
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

1. Ing paprentahaning Allah,
   sadaya nengsemken,
   Para titah samya rukun,
   nilar pasulayan;
 
Reff.
   Sumangga, gumregut makarya
   kagem Gusti dados cihna,
   mrih tentrem rahayu sejati
   binabar aneng donya.
 
2. Sami dene angantosi
   migatosaken liyan
   supeket ing pasrawungan
   bekti mring Pangeran. Reff.
 
3. Kadya singa lan menjangan
   sami gegojegan,
   mantun dennya memengsahan,
   mlegung sesarengan. Reff.
 
4. Sami memitran saestu,
   tresnanya satuhu,
   wit pangrehing Hyang Makwasa
   makarya lumintu. Reff.
 
5. Makaten kaanan donya
   yen kebekan sihnya,
   tan ana sedya miala
   lan panggawe cidra. Reff
 
6. Kadya dhasaring damodra
   sinasaban toya,
   wit karoban kawruh
   yekti tepang Hyang Makwasa. Reff.
Share:

341. KADYA BEITA LELAYARAN

341. KADYA BEITA LELAYARAN
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

1. Kadya baita lelayaran tanpa nakoda,
   Kontal kombul katrejang ombak ing samudra.
   makaten gesang kang tan wonten paedahnya,
   lamun Gusti Yesus tanpa nyarengi lambagnya.
 
2. Gusti Yesus karsa nuntun baita kawula,
   njangkung kanthi setya dumugi pelabuhan.
   Dhuh Gusti, Paduka andel - andel kawula,
   sumbering gesang ngantos dumugeng delahan.
Share:

342. KARSAA MIRSANI

342. KARSAA MIRSANI
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Karsa amirsani, klayan premati;
punapa tresna kawula saestu,Gusti.
Paduka mamirsa, ndadar manah kawula
tapis tan ana kang kalangkung ana.

Reff.
   Kawula niteni  katrenan Paduka
   ing gesang kawula;
   sestu ngudi dugeng wekasan;
   wasana kawula ketitik setya
Share:

343. KULA NEDYA KADYA GUSTI

343. KULA NEDYA KADYA GUSTI
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

1. Kula nedya kadya Gusti,
   gesang suci, gesang suci.
   Kula nedya kadya Gusti,
   gesang suci, gesang suci,
   gesang suci.
   kula nedya kadya Gusti,
   gesang suci
 
2. Kula nedya ajrih- asih dhateng Gusti,
   dhateng Gusti.
   kula nedya ajrih - asih dhateng Gusti,
   dhateng Gusti, dhateng Gusti.
   Kua nedya ajrih- asih dhateng Gusti.
 
3. Kula nedya olah -tresna mring sesami,
   mring sesami.
   kula dedya olah - tresna mring sesami,
   mring sesami, mring sesami,
   kula nedya olah - tresna mring sesami.
 
4. Kula nedya andum berkah mring tyang kathah,
   mring tyang kathah.
   kula nedya angum berkah mring tyang kathah,
   mring tyang kathah, mring tyang kathah.
   Kula nedya andum berkah mring tyang kathah.
 
5. Kula kangen katentreman nunggil Gusti,
   nunggil Gusti.
   Kula kangen katentreman nunggil Gusti,
   nunggil Gusti, nunggil Gusti.
   Kula kangen katentreman nunggil Gusti.
Share:

344. LAMUN DUDU YEHUWAH

344. LAMUN DUDU YEHUWAH
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

1. Lamun dudu Yehuwah kang ayasawisma,
   tan pa guna, tanpa gawe karyane tukange.
   Lah, ing samangkya kita andulu yasane.
   Saiba mulyanya pasamuwan e Gusti.

Reff.
   O, iba mulyanya,
   pasamuwane Yesus Gusti.
   Praabdinya setya lan bingah ing driya.
   nambut saliring pakaryane Gusti.
 
2. Lamun dudu Yehuwah kang ngreksa negara,
   tanpa guna, tanpa gawe njaga gapurane.
   Lah, ing samangya kita ngrasakke karyane,
   saiba nikmatnya ing pangreksane Gusti.

Reff.
   O, iba mulyanya,
   pasamuwane Yesus Gusti.
   Praabdinya setya lan bingah ing driya.
   nambut saliring pakaryane Gusti.

3. Lamun dudu Yehuwah kang maringi boga,
   tanpa guna, tanpa gawe luru sakatoge.
   Lah, ing samangkya kita nampa peparinge
   saiba begjanya pa kagungane Gusti.
 
Reff.
   O, iba mulyanya,
   pasamuwane Yesus Gusti.
   Praabdinya setya lan bingah ing driya.
   nambut saliring pakaryane Gusti.
Share:

========******========
* Selamat datang di Blog Restsindo.
** Terima kasih telah berkunjung.
*** Tulis saran dan kritik melalui kolom komentar
========********========

Popular Posts

Info Terbaru

DOWNLOAD KJ LENGKAP DAN KPJ LENGKAP UNTUK EASYWORSHIP

Sesuai dengan janji kami pada postingan sebelumnya, dimana kami akan menyediakan Index Kidung Pujian baik Kidung Jemaat (KJ) maupun Index K...

Blog Archive

Follow

FOREX To Day
 
 Update tiap 5 menit    < Restsindo >