• Logo Restsindo

    Bentuk dan warna dari logo restsindo, logo tersebut adalah hak milik kami.

  • Rohani

    Hasil olah rasa dan pergumulan kami tentang hidup dan kehidupan

  • Bisnis

    Analisa Pasar Uang dalam Forex, analisa teknikal dan analisa fundamental.

  • Kritikan

    Kritikan memang pedas, tapi jangan lupa kita perlu kritik yang membangun. Kritik yang disampaikan pada waktu dan tempat yang tepat lebih bermanfaat.

Anda dapat mendownload Lirik KJ LENGKAP DAN KPJ LENGKAP UNTUK EASYWORSHIP ( Klik disini )

109. GUSTI PANGAYOM KANG SETYA

109. GUSTI PANGAYOM KANG SETYA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ )

Gusti ngayom jang setya ngirid lampah kawula.
Nadyan panggodha nempuha, kula tan badhe lena,
wit kinanthi dening Gusti siyang dalasan ratri,
siyang dalasan ratri

2. Gusti Pangèn kang sejati ;
   kula tansah rinimat.
   Tebih saliring bilahi,
   wit sinungan sih-rahmat.
   Astanira nglanting kula
   neguhaken wardaya,
   neguhaken wardaya.


3. Gusti pepadhang sejati;
   tansah nuntun kawula.
   Nadyan rubéda ngribedi,
   datan semplah ing driya.
   Berkahira ngreksa kula
   ngantos ing salaminya,
   ngantos ing salaminya.
Share:

110. GUSTI PANGUNGSEN KULA

110. GUSTI PANGUNGSEN KULA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ/ lirik Kpj )

Gusti Pangungsen kula, sestu gung sih rahmatnya.
Ing sajroning panandhang, lamun bebaya nrajang,
Gusti sung pangluwaran, kula manggih kraharjan.

2. Daya-karosan kula
   winates wontenira.
   Srana pasrah-sumarah
   mring rèh kwasaning Allah,
   kula manggih kabegjan,
   ngantos dugèng klanggengan.
Share:

111. GUSTI YESUS PAMARTA

111. GUSTI YESUS PAMARTA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik kpj )

Gusti Yesus Pamarta, parang ing kang sampurna
Krana ngungsi mring Gusti, kula dipun ayomi.
Sranarahe Sang Kristus, gesang kula tinebus.

2. Datan badhé ndayani, datan saged ngluwari,
   sagung pandamel kula, nadyan kados punapa.
   Namung sihé Sang Kristus, gesang kula tinebus.

3. Gesang kula mung nglaha, tan wonten lelabetnya.
   Amung salibé Gusti ingkang kula gondhèli.
   Mila kula mung pasrah klayan tulusing manah.
Share:

112. GUSTI YESUS PANGEN KULA

112. GUSTI YESUS PANGEN KULA
( Kidung Pasamuwan jawi / KPJ/ lirik KPJ )

Gusti Yesus Pangen kula,
Kula menda kagungannya.
Dennya nebus klayan rahnya,
mrih kula gesang slaminya.

2 Sang Kristus Pangèn utama kang sampun ngetohken nyawa,
  nebus kula sakirig dosa, wah nuntun kula mring swarga.

3 Gusti ngayomi méndaanya, inguwalken sing rubéda,
  mrih tan tiwas ing panandhang, nging tansah manggih kabegjan.

4 Gusti ngempalken méndanya kadadosaken sapantha,
  kinen gesang atut-rukun, mbangun-turut Pangènipun.

5 Gusti ngreksa pra nebdabta klayan astanya kang rosa,
  lamun wonten kang ketriwal, denlari mrih datan ical.
Share:

113. GUSTI YESUS SANG PAMARTA

113. GUSTI YESUS SANG PAMARTA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik kpj )

Gusti Yesus Sang Pamarta, kula ndherek Paduka,
manggul salib ing salaminya klayan bingahing driya.
Kula Paduka kiyatken, sageda tahan sisah;
sampun ngantos kemuriten, sampun  cuwa ing manah.

2. Nadyan tinilar ing mitra, sinengitan nèng donya,
   kula manteb ing pracaya, ndhèrèk Gusti slaminya.
   Lamun Gusti ingkang nganthi, kabegjan kang pinanggya.
   Lamun Gusti kang ngasihi, mokal yèn ta cilaka.


3. Karibedan lan sangsara krana ndhèrèk Paduka,
   ngiyatken tékating manah, nggayuh Kratoning Allah.
   Datan geter datan wedi neksèni Injil suci,
   mrih gesang langgeng katampi, wit tinunggil ing Gusti.
Share:

11. GUSTI, SESTU KULA TRESNA

11. GUSTI, SESTU KULA TRESNA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik kpj )

Gusti, sestu kula tresna dhumateng Paduka
Kula masrahken manah, badan, dalasan nyawa
Paduka kang agungsih, ingkang sampun menang;
Saestu kula pasrah dhumateng Paduka.

Reff.
  Kula tresna dhateng Gusti,
  Wit Gusti sampun nresnani kawula.
  Kula sestu tresna Gusti,
  wit Gusti sampun nresnani kawula
 
2. Gusti anandhang sangsara, ngrembat dosa kula,
   ngantos sinalib séda, karana gunging tresna.
   Mila kawula pasrah klayan trus ing manah;
   dhawuhnya kula pundhi, nresnani sesami.

Reff......
Share:

115. IBA RAHJENG TYANG KANG SAMI SUMENDHE

115. IBA RAHJENG TYANG KANG SAMI SUMENDHE
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ )

Iba rahjeng tyang kang sami sumendhe mringGusti,
jroning sisah wah kesrakat, Gusti paring kiyat

Reff.
  Sumangga sumendhe Gusti !
  Sumangga Sumendhe Gusti !
  Sumangga Sumendhe Gusti !
  mesthi Gusti karya ayem ira.
 
2. Adhuh Gusti, kula sowan ing ngarsa Paduka
   masrahken gesang kawula nèng asta Paduka.

Reff......

3. Adhuh Gusti, lamun kula pasrah mring Paduka,
   kula datan sélak, sagah sangsara wah pejah.

Reff......

4 Hé, nyawaku ja tumungkul, gêné teka uwas.
  Datan ana langkung mulya lir wong kang pracaya.

Reff........
Share:

116. KABEGJAN KANG SEJATI

116. KABEGJAN KANG SEJATI
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik kpj )

Kabegjan kang sejati, tinunggil Gusti.
Yen panggodha ndhatengi, gya den tulungi,
mrih mantep pracaya wah tetep widada,
malah ngersorken dosa, panggah sembada.

2. Kabegjan kang satuhu, rineksa Gusti.
   Yèn panandhang ngreridhu, gya dènluwari,
   mrih kraharjan nyata rinengkuh slaminya.
   Mara tansah sung puja, wit sth-piwlasnya.

3. Kabeqjan kang sanyata, jinangkung Allah.
   yén rinoban sangsara, gya dénentasna,
   mrih ayem ing manah sarta tentrem tansah,
   memuji datan kendhat, nggunggung sih-rahmat.
Share:

117. KALA KULA DHAWAH

117. KALA KULA DHAWAH
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ/ lirik KPJ )

Kala kula dhawah lan tanpa daya,
nyawa kula kapetek, kasiksa.
Kula tansah nyuwun tulung mring Gusti,
karsa rawuh, mrih anitulungi.

Reff.
  Kula tansah kaangkat maring arga,
  kula kwawi anempuh prahara;
  wah kiyat, wit sinanggi swiwinya,
  anglangkungi budidaya kula.
Share:

118.KASETYANING ALLAH DATAN GINGSIR

118.KASETYANING ALLAH DATAN GINGSIR
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ/ Lirik KPJ )

Kasetyaning Allah datan gingsir.
Sakingkang tinimbalan, den pilihi.
Samukawis tan sah pinirsanan.
Prasetyanya tamtu den leksanani.
Dalasan saka thahing pakaryan
sinembadan.

2. Sabda lan kwasané Allah nyata.
   Saben jaman winengku ing pangrèhnya.
   Astanya kukuh miwah santosa,
   ngasta pangadilan ing salamanya.
   Landheping sabdanya nyirnakaken kadurakan.

3.Sang Roh Suci kang kagungan karsa
  mbikak kekeraning kawilujengan.
  Pasamuwan binereg manahnya,
  tansah tinuntun marang kasampurnan,
  nggih dadya warga kratoning Allah salamanya.
Share:

119.KRANA GUSTI KULA

119.KRANA GUSTI KULA
( Kidung Pasamuan Jawi / KPJ / lirik KPj )

Krana Gusti kula, Injil ngrembaka;
yeku tuking iman, sumber kraharjan;
gesang cinakapan wah linuberan,
nugraha punikamaremken nyawa

2. Gusti paring sabda kebak sih-tresna;
   Roh Paduka mbuka pamireng kula;
   ndadar mrih kuwawa nyingkiri dosa,
   marengna kav&ila dumugèng swarga.

3. Gusti, kula girang tampi pepadhang;
   kamardikan wetah, nuwuhken bingah.
   kula kaparengna tansah sih—setya,
   murih datan keridhat nggunggung Paduka.
Share:

120. KULA MBOTEN BADHE NILAR

120. KULA MBOTEN BADHE NILAR
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ/ lirik KPJ )

Kula mboten badhe nilar dhateng Gusti Pamarta;
dhateng pundi Gusti tindak, kula ndherek Paduka

Reff.
  Kula tut wingking Gusti ing salami kula gesang,
  awit yen tanpa Gusti, kawula tan saged mimpang
 
2. Nadyan gung karibedan, kawula tan was-sumelang.
   Gusti paringa tatag, kula kiyat tan gumiwang.

    Reff.....

3. Kula tansah ndhèrèk Gusti, nadyan sring kamomotan;
   nyawa kula memuji, tamtu antuk pitulungan.
   
    Reff.....
Share:

121. KULA NGGUNGGUNG- NGGUNGGUNG GUSTI

121. KULA NGGUNGGUNG- NGGUNGGUNG GUSTI
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik kpj )

Kula nggunggung- nggunggung Gusti,
sesembahan kula sejati. Tanpa cela sestu suci
Sabdanya dados panutan,
tindaknya dados patulandhan.
Tyang ngupados kayektosan
suyud mring Sang Putra,
kang nglambuhi kula,
wit trsnanya trusing driya tulus nyata,
rila ngurbanken sarira.

2. Gusti ngundhangken pawarta luwarira wang miskin-papa,
   sing sangsara mrih raharja.
   Nggih pangentasan sanyata, kang tinindhes lan kinunjara,
   puiih harkat-martabatnya.
   Tyang kang nandhang roga* samya dèn sarasna;
   wah mbabarken Yobèl taun pangluwaran,
   nggih sih-rahmaté Pangéran.


3. Duk Gusti siniya-siya, siniksa, lan sinalib séda,
   tan males srana piala,
   Mring wang kang sengit mengsahi, malah winales dên tresnani,
   kadongakna mríh basuki.
   Yésus Gusti kula, manungsa sampurna,
   riyantosakken kula sagung tyang pracaya,
   tinulad kasampurnannya.
Share:

122. KULA PITADOS

122. KULA PITADOS
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik kpj )

Kula pitados ing Allah, Sang Rama Kang Makwasa;
ingkang nitahaken langit lan bumi saisinya.
Kula pitados ing Gusti Yesus Kristus
Kang Putra ontang - anting lan kesasih,
Gusti Pamarta kula.

2. Kang sampun kabobotaken sing kwasane Roh Suci;
   miyos saking prawan Maryam, nahanaken pisakit
   kala Pontius Pilatus ingkang ngasta bupatya:
   sinalib nglampahi séda, tumedhak mring antaka

3. Tigang dintenipun wungu sing antaka, dyan minggah
   dhateng suwarga, apinarak nèng tengenipun Allah
   Sang Rama Kang Mahakwasa, king ngriku badhé rawuh.
   angadili tiyang ingkang gesang lan ingkang pejah.

4. Nggih pitados ing Roh Suci wah malih wontenipun
   pasamwan Kristen satunggil, kang suci sarta umum.
   Patunggilané pra suci, pangapuntening dosa,
   tanginira para mati, kang sarta gesang baka.
Share:

123. KULA PITADOS MRING GUSTI

123. KULA PITADOS MRING GUSTI
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ )

Kula pitados mring Gusti, peparang ingkang kekah.
saestu kula ungseni, dimen  rineksa tansah.
Nadyan ombak nggegirisi, kula datan kuwatos.
Prahara nguber jaladri, kula tatag ing batos.

Reff.
  Kula tansah sumelang; Gusti tan nilar kula.
  wajib kawula cumandhang, gesang manut sabdanya.
 
2. Kula pitados mring Gusti, dalah sengkut makarya.
   Ngrerancang wah mbudidaya, tan kendhat ing pandonga.
   Siyaga tansah leladi ing sakatoging driya.
   Gusti ingkang minangkani, kula dados sembada.

    Reff....
Share:

124. KULA SESTU NDHEREK GUSTI

124. KULA SESTU NDHEREK GUSTI
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik kpj )

Kula sestu ndherek Gusti kang jumeneng Panutan.
Tetep setya dugeng janji, tan wigih karibedan.

Reff.
  Dhuh nyawaku, ja kwatir; Gusti kan ewah gingsir.
  Tut wuria salaminya ing satindake Gusti.
 
2. Kula sèstu ndhèrèk Gusti martosken Injil suci.
   Datan ajrih ing sangsara, wit Gusti nganthi kula.

Reff....

3. Kula sèstu ndhèrèk Gusti mbabarken sih piwlasnya
   mring sagung titah ing bumi, dimèn samnya raharja.

Reff....

4. Kula sèstu ndhèrèk Gusti ngèstokken dhawuh edi;
   sok sintena kang nyatroni, kula nqudi nresnani

Reff.....
Share:

125. LAMUN KULA MLAMPAH

125. LAMUN KULA MLAMPAH
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ )

Lamun kula mlampah neng margining Allah,
kula sestu ngraosken bingah.
Kula yakin estu, Gusti nuntun tamtu
mring tyangkan pitados satuhu.

Reff.
  Mung sawiji kabegjan sejati,
  nggih pitados mring Gusti wah manut lan bekti.
 
2. Yen peteng ing manah, kabidhung ing sisah,
   kula nilingken sabdeng Allah.
   Uwas lan kuwatir wus tamtu sumingkir,
   angger pasrah kang trusing manah.
  
   Reff......
  
3. Iba begja kula, sajroning ginodha
   kiniyatken dening sabdanya.
   Rineksa rinimat tan dhawah tan lesah,
   wit saking sih-rahmating Allah.
  
   Reff.....
Share:

126. NADYAN KULA NANDHANG SANGSARA

126. NADYAN KULA NANDHANG SANGSARA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ )

Nadyan kula nandhang sangsara
Gusti maringi kekiyatan.
Sanadyan katempuh prahara,
kula wus tamtu saged tahan

Reff.
  Salib kula datan nglangkungi
  panandhang pisakiting Gusti
  Yeku pratandha nira,
  Gusti panganggel kula
  langgeng ing salaminya
 

2 Salir erining gesang kula
  tan timbang makuthaning Gusti.
  Kasangsaran miwah panyiya
  datan mantra badhé nyamèni.

   Reff............

3. Ngemban dhawuh sèstu kabegjan.
   Anampi berkah katentreman
   datan wonten kang saged ngrebat,
   lestantun tumekêng akérat.

   Reff................
Share:

127. NGGEN KAWULA MAKARYA

127. NGGEN KAWULA MAKARYA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ )

Nggen kawula makarya, inggih kasar alusa,
mung Paduka, Gusti, kang mugi amaringi
pitedah wah panganthi, mrih kang pinanggih prayogi

2 Kawula tan nglenggana,
  tansah mung damel cuwa,
  séstu tanpa gina.
  Lamun tan binerkahan
  déning Allah Pangéran,
  lah wekasanipun nglaha.


3 Gusti Kang Mahaadil,
  mugi Paduka nunggil
  ing kula slaminya;
  mrih ing salir pakaryan,
  tumindak, kalakuwan,
  manut pangrèhîng Pangéran.
Share:

128. NITENANA SIHE GUSTI

128. NITENANA SIHE GUSTI
( (Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ/ lirik KPJ )

Nitenana sihe Gusti kang mbayu mili
Ywa manut bujuk ing Iblis, woh e mung pati

Reff.
  Dipanggah kanthi sumarah kang trusing manah,
  kasorna panggodha srana tegen ndedonga.
 
2. Nadyan den iming imingi bandha sadonya,
   milaur setya mring Gusti, sinungan swarga.

Reff.....

3. Iblis nawéni kamulyan pinunjul adi,
   nging manungsa panggah dados Putraning Gusti.

Reff......

4. Iblis nggèndèng nilar Allah, nging tanpa guna,
   wit wus mantep ing pracaya, gesang raharja.

Reff......
Share:

129. NYEBUTA " GUSTI" MRING SANG KRISTUS

129. NYEBUTA " GUSTI" MRING SANG KRISTUS
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik kpj )

Nyebuta " Gusti " mring Sang Kristus, kanthi ati kang tulus.
Nanging yen mung ana ing lambe, tan ana panggawene,
kasangsaran temahan ira, naraka pandumannya.

Reff.
  Kang mlebet mring kratoning swarga,
  namung tyang kang mbabarken tresna
  wah nglampahi karsaning Gusti klayan tulusing ati.

2 Salir tyang kang lampah utami, welasan mring sesami,
  mbelani tyang ringkih-sangsara, kanthi ngetohken nyawa,
  yeku muridé Kristus Gusti, ingkang mursid sejati.

   Reff.........................

3. Begja kang manggih kautaman, ing donya wah delahan.
   Pracaya mring Gusti Pamarta, tansah nyadhong ing sihnya
   dalah tyang kang nyatroni pisan, winales kasaénan.

   Reff..................
Share:

130.PADUKA PANGEN UTAMI

130.PADUKA PANGEN UTAMI
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ )

Paduka Pangen Utami kang kawula tresnani.
Kawula purun sangsara, jer krana Yesus Gusti.

Reff.
  Kawula kepengin manggen wonten ngarsaning Gusti,
  awit ing ngriku kawula ingayoman rahmatnya.

2 Tan wonten malih panggènan
  sumbering kawilujengan,
  namung salib ing Golgota
  wijiling pangapura.

    Reff..............

3. Lamun manah kula nyawang
   salibé sang Pamarta,
   saèstu karaos padhang,
   tatag lumampah kula.

     Reff................
Share:

131. PARA BANGSA SAMYA NGRAMAN

131. PARA BANGSA SAMYA NGRAMAN
(Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ )

Para bangsa samnya ngraman mring Pangeran.
Sagung pakartinyamuspra, mung nggadhang sangsara.

2. Tyang nglawan mring Kang Makwasa,
   mung maanggih cilaka;
   kadhawahan bebendunya,
   dados lan tumpesnya.

3. Sang Jebadaning Yéhuwah,
   yéku Putrèng Allah;
   kaparingan gung pangwasa
   mengku samudaya.

4. Tyang ajrih-asih mring Gusti
   sumedya ngabekti;
   wah ngayom ing sih-rahmatnya,
   karoban ing begja.
Share:

132. PITULUNG KITA KANG ROSA

132. PITULUNG KITA KANG ROSA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ/ lirik KPJ )

Pitulung kita kang rosa samekta
lir mitra kang tuhu setya, samekta.
Lamun kesasar neng margi, Gusti nglari lan nimbali,
rumiyen myang samangkya, tetep  samekta.
Samekta, samekta,
rumiyen myang samakya, tetep samekta.

2. Tansah mirsa kapesanmu, Gustimu,
   karsa nanggel kribedanmU, Gustimu.
   Lamun pasrah ing pangrèhnya,
   kita mireng ing sabdanya,
   " 1ah ta mareka, Ingsun tansah samekta
   Samekta, samekta.
   lah ta mareka, Ingsun tansah samekta !”
Share:

133. PRACAYA LAN PASRAH

133. PRACAYA LAN PASRAH
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ )

Pracaya lan pasrah mring Allah Makwasa,
salir prihatin ira tamtu enggal sirna.
Ngambah margining Gusti sira den berkahi,
tansah antuk kabegjan, datan kawirangan.

2. Lamun sira nggresula, iku tanpa guna;
   tuwas muwuhi susah, angedohken bungah.
   becik nitèni berkah peparingé Allah,
   mrih salir sedyanira tinuntun sembada.

3. Sapa bisa njajagi mring karsaning Gusti?
   Sira tan darbé kwasa ngulur umurira,
   mung tansah mbudidaya sinartan pandonga,
   suméndhé mring Pangéran, murih kaleksanan.

4. Lamun nyangga mornotan, ingancam behaya,
   ngungsia mring Pangeran, ywa sernplah ing driya;
   sira rineksa Gusti, mrih datan bilai,
   tan sandé linuwaran wah sinung kraharjan.
Share:

134. PUNDI MARGI INGKANG KWAWI NGINGKIRAKEN

134. PUNDI MARGI INGKANG KWAWI NGINGKIRAKEN
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPj )

Pundi margi ingkang kwawi nyingkiraken
kawula saking pangrehing antaka
damel gesang sangsara?

Reff.
  Margi nira mung sajuga,
  Kristus Gusti Masuci.
  Wit pracaya mring asmanya,
  kula gesang sanyata.

2. Pundi margi ingkang kwawi angluwari kawula
   sing pamengkuning dursila damel miris driya?

 Reff.....

3. Pundi margi ingkang kwawi nguculi manah kula
   saking panjireting dosa nguja napsu duraka?

Reff..............
Share:

135. RAHAYU WONG KANG MURSID

135. RAHAYU WONG KANG MURSID
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ )

Rahayu wong kang mursid lampahnya
nyingkur ngen-angene wong duraka
lan ora ngambah dalane wong dosa
ora wor lungguh ing pajagongane,
nanging karem mring sabdaning Allah,
rina wengi dengilut ing manah

2. Raanané wong iku kaya wit
   kang tinandur sapínggirîng kali,
   kang mesthi awoh ing tîti-mangsané;
   lan godhongé tan naté alum gogrog.
   Ingambaha reribed ngrépoti,
   tansah lestari kang dên lampahi.

3. Tan mengkono mungguh wong duraka,
   nanging lir mrambut kabur ing anqin,
   ara bisa lulus ing pangadilan,
   lan ing pasamuwané para mursid.
   Wong mursid rineksa ing Pangeran;
   wong ala tumibeng karusakan.
Share:

136. RAHAYU WONG WEDI-ASIH

136. RAHAYU WONG WEDI-ASIH
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ )

Rahayu wong wedi asihmring Pangeran Yehuwah,
remeng gawe sepi pamrih, kasengsem sabdeng Allah.
Wong bener wah ngabekti slamanya den berkahi
lan turune lestari.

2. Omahe wong kang pracaya kanggonan kalubèran;
   kautamané slamanya, tansah ulah katresnan;
   jroning peteng nglimputi, kang temen dên padhangi.
   wÅ¡t tinunggîl ing Gusti.

3. Wong loma sinung kabegjan, slamanya kinasihan:
   wong jujur tulus ing lampah, tansah rinoban berkah
   piala tan medèni, wit pracaya mring Gusti
   rineksa ing Hyang Widi.

4. Wong awatak welas—asîh mring kang miskin wah ringkih
   kanggonan luhuring budi  wah kamulyaning ati.
   Wong duraka mung meri, ngrantan kang mbilaeni;
   pituwase pepati.
Share:

137. SAKEHING WAS-SUMELANGMU PASRAHNA

137. SAKEHING WAS-SUMELANGMU PASRAHNA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ )

Sakehing was sumelangmu pasrahna mring Gusti,
wit saliring mitramu tan bisa mrantasi.
Jer sagunging manungsa nyanggi sumelange,
kang pinasrahan tan ana, tansah kuwu atine.

Reff.
  Di enggal pasrahna ing astane Gusti
  sagung kuwatir ira, wus mesthi den tulungi

 
2. Yéhuwah iku pangènmu, pamomong sejati,
   kang nentremken atimu, setya ing panganthi.
   Payo, prayoga sowan marek Sang Pamarta
   kanthi giyak bebarengan, tan mangu ing wardaya

Reff........
Share:

138. SANG KRISTUS TAMENG SANTOSA

138. SANG KRISTUS TAMENG SANTOSA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ )

Sang Kristus tameng santosa, nguwalken saking rubeda.
Neng jroning bebaya pati, Gusti kang badhe nulungi.

Reff.
  Sang Kristus peparang tansah ngayomi, angayomi, angayomi,
  ampingan kula jroning prahara, pangungsen ingkang santosa
 
2. Sang Kristus Pangén kang setya
   anggiring sagung méndanya
   mring parumputan lan toya
   nebihken saking bebaya.

    Reff............

3. Kalamun rumpil marginya,
   Sang Kristus mulung astanya.
   Ketriwal dipun upadi,
   pinanggih dipun rimati.

     Reff...........
Share:

139. SANG YEHUWAH, YEN ALLAH KULA

139. SANG YEHUWAH, YEN ALLAH KULA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik kpj )

Sang Yehuwah, yeku Allah kula,
kang nyembada-ni panyuwun kula.
Mila dhawuhipun, " Lah kumandela,
Ingsun datan negakake sira ! "

2. Sang Yéhuwah, yéku Allah kula,
   tan males durakaning manungsa.
   Mila dhawuhipun, “Lah umareka,
   Ingsun kagungan sih-palimirmo !”

3. Sang Yéhuwah, yéku Allah kula,
   karsa nglanting tangan kawula.
   Sèstu Allah dados karosan kula
   mila tansah kawula tresnani
Share:

140. SIHE ALLAH GUNG SANYATA

140. SIHE ALLAH GUNG SANYATA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ )

Sihe Allah gung sanyata mring kawula tyang dosa;
sing bangsa sanes umatnya ingangkat dados putra,
tinebus Sang Kristus Gusti, gesang enggal sayekti.
Nindakna pakarti luhur, yeku tandha ning sokur.

2. Sih - nugrahaning Pangéran, peparing lelahanan.
   Tan wonten dosa duraka kang datan ingapura.
   Nging tyang kang wangkot ing ati, pracaya mung ing lathi,
   pinagas saking sih-rahmat, sangsara ing akérat.


3 Sihing Allah sèstu adya, nentremken tyang pracaY
  pinurih dadya rowangnya, mbabar kratoning swarga.
  Awit katresnaning Allah, karaharjan sumrambah.
  Asmanipun kaluhurna, samangkya lan slaminya.
Share:

141. TIYANG PITADOS

141. TIYANG PITADOS
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik kpj )

Tiyang pitados tentrem gesangnya,
yen nunggil Sang Pamarta.
Panggah seger kadya epang
lamun ing wit ira.

Reff.
  Tyang kang tansah manut rehing Gusti
  amung begja kang pinanggya.
  Binerkahan siyang lan ratri
  lestantun rineksa.

2. Tiyang pitados gesang lestari, lamun nunggil Ian Gusti.
   kadya epang lan wohira, yèn nunggil ing witnya.

   Reff......

3. Tiyang pitados bombong ing manah, karana Sang Pamarta.
   Kadya epang awoh kathah, yèn tulus ing witnya.

    Reff.....

4. Tìyang pitados nging tanpa lampah, gesangira mung nglaha.
   Kadya epang kang kapisah, yèn wohé tan ana.

    Reff...........
Share:

142. TYANG DURAKA SAMYA NYATRONI KAWULA

142. TYANG DURAKA SAMYA NYATRONI KAWULA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik kpj )

Tyang duraka samnya nyatroni kawula,
nyatur mengsah kula, memoyoi,
tansah ngarah kula pejah srana panganiyaya.
Dhuh kawula nyuwun pangayoman,
Gusti, tuking kamulyan adi
kang tansah myarsakken saliring pasambat,
pandonganing pra umat

2. Nging Pangeran Gusti, kula datan wedi
   mring tyang drengki wah srei.
   wit tyang ang duraka mesthi dènasorna
   deneng asta Paduka.
   Tyanq pracaya yekti Paduka bélani
   wah rineksa sing pati.
   Mila kula ayem, gesang tansah tentrem,
   krana kabegjan langgeng.
Share:

143. YEN KULA SUMREP, O GUSTI

143. YEN KULA SUMREP, O GUSTI
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik kpj )

Yen kula sumrep, o Gusti, cinawisan margi,
nadyan sisah kadi pundi, kula marek Gusti.

Reff.
 Marek Gusti, marek Gusti,
 marek Paduka, Gusti
 kula sampun sumrep margi
 marek dhateng Gusti.

2. Margi kula sumrep Gusti sangsara ing salib,
   mrih kula kalis antaka, ngurbanken sliranya.

Reff.....


3. Margi kula sumrep Gusti séda krana kula,
   mbekta kawula sadaya mring kamulyan swarga

Reff......
Share:

144. YEN NUNGGIL LAN GUSTI

144. YEN NUNGGIL LAN GUSTI
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik kpj )

Yen nunggil lan Gusti rinten dalu
manah langkung tentrem arahayu.

Reff.
  Kula angantos Gusti siyang klayan ratri
  kanthi pitados Gusti, Gusti mberkahi.
 
2. Yen nunggil lan Gusti jro ginodja,
   kula saged unggul maring dosa
  
   Reff.......
  
3. Yen nunggil lan Gusti siyang -ratri,
   birat najis kula temah suci.
  
   Reff......
  
4. Yen nunggil lan Gusti, kasisahan
   mantun, kagentosan kabingahan.
  
   Reff.......
  
5. Yen nunggil lan Gusti saged ngertos,
   kang dados karsanya ing sayektos.
  
   Reff......
Share:

145.YEN PRAHARANING URIP ANERJANG

145.YEN PRAHARANING URIP ANERJANG
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ )

Yen praharaning urip anerjang,
lan pacobanenyerang ngrusuhi,
mung sajuga pengarep arepmu,
prasetyane Gusti iku tangguh.
Nadyan gunung gunung padha jurug
tengger tengger kabeh padho horeg,
nging kasetyane Gusti ngayomi,
rumeksa; jiwamu tetep teguh.

ngendelna prasetyaning Gusti,
aja nganti uwal rina kalawan wengi.
Singkirna wedi lan kuwatir,
Gusti kang ndarbeni uripmu,
Nadyan gunung - gunung dha gumingsir,
sarta tengger-tengger pada horeg,
nging kasetyane Gusti ngayomi
lan tansah rumeksa rina wengi
lan tansah rumeksa rina wengi.
Share:

146. YEN SIRA SANGSARA

146. YEN SIRA SANGSARA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ )

Yen sira sangsara sarta sedhih,
manteb pracaya, Allah tan tebih.
Aja wedi, Gustimu nganthi.
Rehing kadursilan mesthi kasoran.
Pepeteng dosa ilang sirna,
mung gung karaharjan, linuberan.

2. Yen nyanggi momotan wah panandhang,
    sira aja semplah alit ing manah.
    Iblis julig memilut driya,
    milih margi entheng nging dugeng nraka.
    Pasrah mring Allah nyuwun kiyat,
    sira tamtu rinoban sih-rahmat.
Share:

147. YESUS ROTI PANGURIPAN

147. YESUS ROTI PANGURIPAN
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ )

Yesus Roti Panguripan, tumurun saking swarga,
paring tuwuk kasantosan mring sagung tyang pracaya.

2. Yesus tuking toya gesang, nyegerken nyawa lungkrah,
   cinawisken saliring tiyang ngorong nyandhong berkah.
  
3. Yesus dados margi utami sowan mring sang Rama
   tumrap tiyang kang nglangkungi tutug, gesangnya mulya.
  
4. Yesus Pangen kang utami ngurbanken sariranya
   Kita menda tan bilai, kalis saking antaka.
  
5. Yesus sang Cempening Allah dadya Juru-Wilujeng,
   awit dening wutahing rah, maringi gesang langgeng.
  
6. Yesus pangayoman setya, langgeng ing salaminya.
   Nadyan jagad kongsi sirna, panggah ing pangreksanya.
Share:

148. DHUH RAMA KULA ING SWARGA

148. DHUH RAMA KULA ING SWARGA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ/ lirik KPJ )

Dhuh Rama kula ing swarga,
asma Paduka sinucekna;
kraton Paduka rawuha,
wradin ing sajagad sadaya.
Karsa Paduka kalampahana,
neng bumi kadya neng swarga.
Kulamugi pinaringana,
rejeki kula sadintennya.
Paduka mugi angaksama,
sagunging klepatan kula.

2. Kados denen kula ngapunten
   tyang kang klepatan dhateng kula.
   Punapa malih sampun ngantos
   kula dhawah kengingpanggodha;
   kula Paduka uwalaken
   saking wewatakan dursila,
   awit Paduka kang kagungan
   kraton kaliyan wisesa
   wah malih kamulyan kang langgeng
   ing samaninipun. Amin
Share:

149. GUSTI YESUS KULA SOWAN

149. GUSTI YESUS KULA SOWAN
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ )

Gusti Yesus kula sowan, ngaturaken pisungsung;
wit napa darbek kawula salir saking Paduka !
Mugi Paduka anampi wah malih amberkhahi.
Share:

150. JURUWILUJENG APARING TULADHA

150. JURUWILUJENG APARING TULADHA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ )

Imam :
Juruwilujeng aparingtuladha, miwah krana piwulangnya,
pramila kakwula sami ndedonga.

Sedaya :
Rama kawula aneng swarga, asma Paduka kasucekna,
kraton Paduka rawuha, karsa Paduka kelampahan ing bumi,
kados wonten ing swarga.
Kula sinunga rejeki ing dinten puniki lan kaapuntena lepat kawula,
kados kawula ngapunteni tyang lepat mring kawula,
miwah sampun ngantos kawula ketaman ing panggodha,
nanging kauwalna kawula saking piawon.
Share:

151. RAMA KAWULA KANG WONTENSWARGA

151. RAMA KAWULA KANG WONTENSWARGA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ )

Rama kawula kang wonten swarga, ingkang asma kasucekna,
kraton Paduka rawuha, mugi karsa Paduka klampah ing bumi kados wonten a ing swarga.
Rama, Rama kawula kang wonten swarga, kula sinunga rejeki ing dinten punika.
Rama mugi angapunten dosa kawula, kados kawula ugi ngapunten tyang kang lepat dhateng kawula.
Rama kawula kang wonten swarga, uwala kawula king panggodha,
katebihaken kawula saking piawon. Amin, Amin, Amin.
Share:

152. RAMA KAWULA KANG WONTEN SWARGA

152. RAMA KAWULA KANG WONTEN SWARGA
(Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ )

Rama kawula kang wonten swarga, ingkang asma kasucekna,
Kraton Padukarawuh, karsa Paduka klampah ing bumi kadya aneng swarga.
Ing dinten sapunika sinunga cekap rejeki;
kula kaapuntenna, kadya kula ugi ngapunteni tyang kalepatan;
sampun nandukken kula dhateng panggodha,
kalepasna kula saking piawon,
jer Gusti kang kagungan kraton lan wisesa
sarta kamulyannya ngantos slamilaminya.
Amin, amin
Share:

153. SAMANGKE SAMPUN SIDHEM

153. SAMANGKE SAMPUN SIDHEM
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ )

Samangke sampun sidhem, kawula badhe tilem
Gusti mugi rumeksa mring kula lare papa.

2. Dosa klepatan kula mugi Gusti ngapura,
   regeding manah niki mugi Gusti ngresiki.
  
3. Tyang sepuh, guru kula, mitra lan kadang warga,
   mugi Gusti ngaubiing waktu dalu niki.
  
4. Para kanca kang mlarat lan para kang kesrakat,
   mugi Gusti mberkahi krana Yesus Njeng Gusti.
  
5. Mbebjing yen kula tangi, king tileman, dhuh Gusti,
   badan manah lan krekat, Gusti ndadosaken kiyat.
Share:

154. ADRENGING TYAS KULA

154. ADRENGING TYAS KULA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ )

Adrenging tyas kula, ngaturken panuwun, Gusti.
Paduka ngasihi , kula kagungan ta.

Reff.
  Mung punika Gusti, pisungsung kula sawetahing gesang,
  jiwa lan raga, wit kula tan darbe bandha kang pengaji
  kang langkung prayogi, sinaos Gusti.
  Mung punika Gusti, panyuwun kula, mugi katampia
  atur kawula, mrih gesang kawula kagema Paduka
  pirantos sapala.
 
2. Saiba endhahing sih-tresna Paduka, Gusti;
   kula kagunganta, Paduka rimati.
  
   Reff....
Share:

155. AKU TAN NATE' MANGERTI

155. AKU TAN NATE' MANGERTI
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ /lirik KPJ )

Aku tanate mangerti kapan begja cilaka,
mung tansah pasrah mring Gusti, yeku Pamarta setya.
Mantep pracaya ing ati manut reh lan sabdanya.
Tinuntun dumugeng janji mring kasampurnan swarga.

2. Aku aring tan mangerti karseng Allah Makwasa.
   Donga panyuwuning ati tan kajurungan nulya.
   Nging yektine, Gusti nganthi; asmanya tansah ngreksa.
   De panutuning Roh Suci, sirna pangrehing dosa.
  
3. Uripku ing pangrehe Gusti, tan ana pangreh liya.
   Kasarasan lan rejeki, wuwuhing sih-nugraha.
   Rancangan tinata tliti, pratandhaning sutrena.
   Aku tan kwatir, tan wedi, mung begja kang pinanggya.
Share:

156. ALON SANG SURYA GUMIWANG

156. ALON SANG SURYA GUMIWANG
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ /lirik KPJ )

Alon sang surya gumiwang, candhika yu memayu.
Kita antuk pangasoan kanthi tentrem rahayu.

Reff.
  Tilingna swara manis ing gentha pandonga
  sokur padha aturna. He, gentha, ngumandhanga
  dadya sanguning nendra.
 
2. Sang ratri nglimputi bumi abyor cahyeng kartika
   nelahi nyunarken asma Pamarta Gusti kita.
  
   Reff......
  
3. Kasugengan duk ing ratri ngambaraken rum-wangi
   rereh sing bot kasanggi ayom ing sihing Gusti
  
   Reff......
Share:

157. CAOSNA PISUNGSUNGMU

157. CAOSNA PISUNGSUNGMU
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ/ lirik KPJ )

Caosna pisungsungmu aneng pasamuwan
klayan lilaning ati, klawan legawa.
Aturna pisungsungmu kanthi suka rena.

Reff.
  Caosna pisungsungmu dadya cihnaning bungah
  minangka panuwunmu, wit sihing Allah.

2. Kamirahaning Gusti tanpa tinandhingan
   sarana samubarang saisining bumi,
   jer sih-rahmating Gusti tansah binabar.
  
   Reff.....
  
3. Pisungsung kagem Gusti dadia sarana
   amrih kratoning Allah enggal kelampahan.
   Tentrem miwah rahayu, Gusti kang paring
  
   Reff....  
Share:

158. DITANSAH PADHA BUNGAHA

158. DITANSAH PADHA BUNGAHA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ )

Di tansah padha bungaha nampeni kabegjan swarga,
karana kita wong dosa ingentas saking antaka.

Reff.
   Tansah bungah ing patunggilane Gusti,
   tansah bungah, wit sinung gesang sejati
  
2. Tansah ulah kabecikan,
    dhemen aweh pitulungan,
    yeku pratandhaning sokur
    mring sihing Allah Maluhur.
   
    Reff....
   
3. Ditansah mantep pracaya,
   tan was-sumelang ing ati.
   Tegen nyenyuwun, ngegonga,
   pasrah, wit Gustimu nganthi.
  
   Reff.....
  
4. Ditansah padha bungaha,
   wit antuk tentrem-raharja.
   Gustimu ngreksa slamanya
   saparanlakunira.
  
   Reff.....
Share:

159. GESANG KAWULA

159. GESANG KAWULA
( Kidung Pasamuwan Jawi /KPJ / lirik KPJ )

Gesang kawula, gusti, lumados mring Paduka.
Saben kula makarti, Paduka kang makarya.

2. Mobah- mosiking driya
   wah pangangkah kawula,
   mrih prayogining lampah,
   mbabarna karseng Allah.
 
3. Kedaling ilat kula,
   solah-bawa trapsila,
   namung tansah nelakna
   sgung sih Paduka.
 
4. Bandha lan kasagedan
   katur minangka kurban,
   cihnaning pangabekti
   sinaosken mring Gusti
 
5. Gesang ing sawetahnya
   Paduka kang kagungan.
   Gusti jumeneng raja
   ngantos dugeng wekasan
Share:

160. GUSTI , KAWULA NGATURKEN BADAN-NYAWA

160. GUSTI , KAWULA NGATURKEN BADAN-NYAWA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ )

Gusti, kawula ngaturken badan nyawa kawula,
sumangga Paduka agem kawula kagunganta.

Reff.
  Bingah sisah kula marem nunggil Paduka,
  dhuh Gusti purbeng tresna, kula pasrah Paduka.
 
2. Datan wonten andel-andel
   namung Paduka Gusti;
   mila kula kumandel
   pasrah kang trus ing ati.
 
   Reff.....
 
3. Raja brana, kasugihan,
   dalasan kasagedan,
   kagema dados lantaran
   babaring kabingahan.
 
   Reff.......
Share:

161. JIWA -RAGA KAWULA

161. JIWA -RAGA KAWULA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / Lirik KPJ )

Jiwa raga kawula konjok mring Sang Pamarta,
mugi dados lantaran kamulyaning Pangeran,
kamulyaning Pangeran.

2. Tangan -suku kawula nindakken pakaryannya,
   mrih sesami basuki, nampeni sihing Gusti,
   nampeni sihing Gusti.
 
3. Dalah kedaling ilat nggih ngundhangken sih-rahmat,
   temah asmaning Gusti datan kendahat pinuji,
   datan kendhat pinuji.
 
4. Bandha lan kasugihan, wekdal, wah kasagedan,
   nggih gesang sawetahnya dadya pisungsung nyata,
   dadya pisungsung nyata.
Share:

162. KATUR NGARSA PADUKA, GUSTI

162. KATUR NGARSA PADUKA, GUSTI
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / Lirik KPJ )

Katur ngarsa Paduka, Gusti sawetahing gesang kula.
Jiwa lanraga kula mugi asoneng asta Paduka.
Manah kula tansah lipura, sumaos mring Kang Maha kwasa.
Amin

2. Srana Gusti kawula Yesus, Paduka paringPanebus.
   Tresna miwah suka-pirena Paduka srahken mring kula.
   Lamun tiyang purun ngakeni, Paduka tansah dipun lari.
 
3. Katresnan Paduka, Gusti wonten ing Yesus kawedhar.
   Kula pasrah kang trusing ati, sumarah kalayan lejar.
   Kula sestu rumaos begja linuberan rahmat Paduka.
Share:

163. KAWULA BOMBONG

163. KAWULA BOMBONG
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / Lirik KPJ )

Kawula bombong, Gusti darbe Allah kadi Paduka.
Saestu kawula bombong, krana lelabetan Paduka.
Kawula tan kedungi uwal saking Pauka;
sih Paduka milujengken, mengku pengajengajeng.
Mangkya kula aturken ingkang kawula gadhahi
nadyan tan timbang klayan berkah ingkang Paduka paringken.
Nanging kula sumendya ngaturken kalayan legawa,
jer punika sadaya damel rena Paduka.
Share:

164.KLAWAN BUNGAH MUJI

164.KLAWAN BUNGAH MUJI
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / Lirik KPJ )

KLawan bungah muji nggonku ngaturake
pisungsung mring Gusti, nadyan sepele.

2. Pira kacuwane Gusti mirsani,
   kang dak aturake kalawan bekti
 
3. Aku sru kepengin bisaa tansah
   males katresnane Pangeran Allah ! 
Share:

165. KONJUK MRING KANG MAHAAGUNG

165. KONJUK MRING KANG MAHAAGUNG
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ )

Konjuk mring Kang Mahaagung, kala saos pisungsung;
cihnaning bingah ing manah, wit berkahing Allah;
sumengka wah sinengkera, lan temen rineksa,
dadya srana mungpangati, mrih kamulyaning Gusti.

2. Konjuk Allah Kang Maluhur kawula saos sokur,
   kebabaring raos urmat wit tansah rinimat,
   dalah gesang kula mugi kagem dening Gusti,
   dadya lantaraning berkah tumraha mring tyang kathah.
 
3. Konjuk ing ngarsaning Allah kawula sung panrimah,
   tandha ajrih-asih kula wit gung sih-rahmatnya.
   Mugi Gustinggih karenan, temah binerkahan,
   dadya margi Kratoning Allah binabar neng bumi.
Share:

166. KULA NGATURKEN SEMBAH BEKTI

166. KULA NGATURKEN SEMBAH BEKTI
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ)

Kula ngaturken sembah bekti, de Gusti tansah mberkahi
nggen kula tansah nambut kardi kanthi temen lan taberi.
Abot entheng datan ngresula, lelados kang trusing driya,
berkah rejeki sing Maluhur tinampi lan puji sokur.

2. Kula sumarah mring Pangeran
   kang maringi pangayoman,
   dadosa dalu lelimengan
   punapa padhang rembulan.
   Satangi kula saking tilem,
   manah sakalangkung tentrem.
   Kula saged ngaso sekeca,
   wit astane Gusti ngreksa.
 
3. Kula memuji datan kendhat
   mring sihe Allah murbengrat.
   Wanci enjing surya sumunar,
   mulyaning alam ginelar.
   Tetuwuhan wah sato-kewan
   mawarni ngebaki bumi.
   Gya kawula gumregah tangi,
   nindakken karsaning Gusti.
Share:

167. KULA TANSAH NGRAOSKEN BINGAH

167. KULA TANSAH NGRAOSKEN BINGAH
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ)

Kula tansah ngraosken bingah, wit sih kamirahaning
Allah ngganjar wilujeng dhateng kula lantaran kurbaning sang Putra.
Mila kula saos pisungsung tandha sokur mring Allah Maagung,
wit yektine gesang kula namung krana lubering sihrahmatnya.

2. Kula tansah manggih kabegjan wit karoban ing kamirahan,
   saliring kabetahan kula kacekapan ing wancinira.
   Mila kula saos pisungsung tandha sokur mring Allah Maagung,
   wit yektine gesang kula namung krana lubering sih-rahmatnya.
 
3. Kula sinungan kasarasan krana sih-mirmaming Pangeran
   temahan saged nambut kardi margining pikantuk rejeki.
   Mila kula saos pisungsung tandha sokur mring Allah Maagung,
   wit yektine gesang kula namung krana lubering sih-rahmatnya.
Share:

168. LAH TA PADHA MAWASA

168. LAH TA PADHA MAWASA
( Kidung Pasamuan Jawi / KPJ / lirik KPJ)

Lah ta padha mawasa kembang neng ara-ara;
tan angantih tan nenun, saestu endah warnanya.
Sapa ta kang akarya myang maringi busana ?
De endah mnjuli, de endah munjuli.

2. Gusti wus ngandika, " Sun kinacek lan puspa;
   myang saliring dumadi, ingkang gumlar neng donya,
   smana nggenya ngrimati, tan pisan nguciwani ".
   Mendah tumrap kula, mendhah tumrap kula !
 
3. Heh, nyawaku ja kwatir tumrap sandhang lan tedha,
   Allahmu tan mubadir, wah gung sihe mring kita.
   Jroning sedhih myang susah, sumendhea mring Allah;
   tamtu sinung ayem, tamtu sinung ayem.
Share:

169. LAMUN KAWULA

169. LAMUN KAWULA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ )

Lamun kawula, dhuh Rama, darbe atur panyuwun,
mugi kula nggih sageda nrimah sakarsanipun.
Lir pangonganipun Gusti, " Ywa pikajeng kawula,
mung karseng Rama pribadya kang tansah binabarna."

2. Sagung peparinge Allah  saestu mumpangati;
   mila kula tansah nrimah, sarta kanthi pamuji.
   Lir pangonganipun Gusti, " Ywa pikajeng kawula,
   mung karseng Rama pribadya kang tansah  binabarna."
 
3. Mung katresnaning Pangeran dados tuking panglipur;
   mila sisah, karibedan, aturna Kang Maluhur.
   Lir pangonganipun Gusti, " Ywa pikajeng kawula,
   mung karseng Rama pribadya kang tansah binabarna."
Share:

170. LUBERING BERKAH SING GUSTI

170. LUBERING BERKAH SING GUSTI
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ)

Lubering berkah sing Gusti, yeku prajanji suci;
urip mulya aneng swarga, pinaringken Sang Putra.

Reff.
  Berkahing Gusti, iku dak anti anti,
  sayogya tansah tinampi klayan tulusing ati.
 
2. Lubering berkah sing Gusti, dadya seger uripku
   saka gunung miwah lembah, lir grojogan keprungu.
  
   Reff......
  
3. Lubering berkah sing Gusti, iku kang daksesuwun;
   " Aparinga luber agung, maring umat sadarum !"
  
   Reff......
  
4. Lubering berkah sing Gusti, iku kang kita anti;
   atiku tansah binuka, dienggal kaparingna !
  
   Reff......
Share:

171. MANGGA SAOS PISUNGSUNG

171. MANGGA SAOS PISUNGSUNG
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ )

Mangga saos pisungsung mring Allah
Maagung krana gunging sihrahmat
kang luber tan kendhat

2. Misungsung kanthi loma cihnaning panuwun,
   de gesang tansah begja wit Allah kang nuntun.
  
3. Bandha, arta pethingan kang katur mring Gusti,
   bludaging kabingahan wit  berkah tan sepi.
  
4. Saos pisungsung kathah cacahnya tan timbang,
   lan gung berkahing Allah tan kenging winilang.
Share:

172. MANUNGSA NANEM WIJI

172. MANUNGSA NANEM WIJI
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ)

Manungsa nanem wiji taberi ngrimati,
nging tuwuh miwah suburnya Allah kang mberkhai.
Pangeran paring jawah lan sunaring surya,
temah mbiyet wohira kantha tan kinira.

Reff.
  Sagung kang prayogi nugrahaning Gusti.
  Mila sumangga memuji kanthi trusing ati.
 
2. Saliring kang cinipta agal wah alusa,
   ardi gung miwah samodra sarta manawasa,
   datan kalirwakaken wus tamtu rinimat.
   Tedha kula lumintu, mboten nate kendhat.
  
   Reff....
  
3. Atur panuwun kula konjuk mring Sang Rama
   de sampun paring nugraha sandhang miwah tedha
   datan saged winical krana kanthahira.
   Pujia Sang Rama Mamirah wah loma.
  
   Reff.....
Share:

173. MARA DHA ATURNA PISUNGSUNGMU

173. MARA DHA ATURNA PISUNGSUNGMU
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik kpj )

( bareng )
Mara dha aturna pisunggungmu ing papan kang piniji;
muga dadi keparenge Gusti; mingka pangabektimu
Kalawan ati bungah menuhi, ing papan kang piniji.
muga dadi keparenge Gusti; mundhut kembanging atimu.
Ngaturna klawan eklas ing ati, ing papan kang piniji;
muga dadi lanrenane Gusti; nampeni pangabektimu.

( solo )
Mangkya singkirna wassumelangmu, ginanti gunanti gumbiraning atimu;
rinengga niyat kang warni-warni, pindha puspita megar nglam-lami
Share:

174. MARA PADHA NGATURAKE

174. MARA PADHA NGATURAKE
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ )

Mara padha ngaturke kurban bandha pethingan,
mring Gusti kang katresnane agung tanpa wangenan !
Share:

175. NENG GUNUNG WAH NENG NGARE

175. NENG GUNUNG WAH NENG NGARE
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ  )

Neng gunung wah neng ngare, Gusti Allah ana.
Nyang ngendi paranku, mesthi ana uga.
Endi kang dadi dipta lan osiking ati,
kabeh mesthi kapirsaning Allah Hyang Widi.

2. Sang Rama aneng swarga mengku samubarang.
   Sing sapa kang kumandel mesthi tinulungan.
   Manuk ing awang-awang, Allah kang ngingoni.
   Suket lan thethukulan, wrata denpaesi.
  
3. Bumi dalasan swarga wengkone Pangeran.
   Jasad gedhe - cilika, Allah tan klimengan.
   Saliring kang tumitah sajagad warata
   tansah anelakake piwlas lan kwasanya.
  
4. Dhuh nyawaku den ayem, tansah kumandela.
   Neng kanan lan keringmu,  Rama Allah ana.
   Lamun kabotan susah, tininggal ing sanak,
   dalah yen dugeng janji, Allah mesthi celak.
Share:

176. PADHA SAOSA SOKUR

176. PADHA SAOSA SOKUR
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ )

Padha saosa puji sokur marang Allah Kang Mahaluhur;
wulang bab asamene suci, den gelarna aneng bumi.
Pangwasa nedisuwurna, aneng tengahe pra bangsa.

2. Padha saosana pamuji klawan masmur lan kidug suci.
   mukjijate caritakna marang sakehing manungsa.
   Padha luhurna asmanya klawan panabuhing gangsa.
  
3. Abungaha wong kang ngupaya pangayunane Kang Makwasa,
   padha anitik-niitika, mungguh kwasane Pangeran.
   Ngupayaa wedanane, elinga mring mukjijate.
  
4. Yehuwah ngengeti sabdane lan prasetyane mring abdine,
   kalawan bungah umate denirid dhateng tanahe;
   supaya anetepana lan ngestokna pranatannya.
Share:

177. PARA MANUK ORA TAU ANYEBAR

177. PARA MANUK ORA TAU ANYEBAR
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ )

Para manuk ora tau anyebar,
ngeneni utawa nandho andhungan,
ewa dene Ramanu ing Suwarga,
ngingoni pra manuk sadina- dina.

2. Lan maneh kembang kang ana ing bumi
   ya tan nyambut gawe lan ora ngantih;
   'wadene Sang Prabu agem-ageme',
   isih kongkulan kembang busanane.
  
3. Kang iku sabdane Gusti Panutan,
   " Sira, sekabatku aja sumelang
   mungguh ing panguripanira; sira
   dahat ngungkuli manuk lan puspa "
Share:

178 a,b,c. PASRAH SUMARAH MRING GUSTI

178 a. PASRAH SUMARAH MRING GUSTI
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ )

Pasrah sumarah mring Gusti, pangayoman kang sejati.
Uripmu tansah rinimat, wit Gusti gung ing sihrahmat.
Waspadakna makluk wrata, karoban ing sih lan piwlasnya,
wah saliring butuhira pinaringan ing sacukupnya.

2. Pasrahh - sumarah mring Gusti, mrih ayem-tentrem ing ati
   Bungah-susah, sugih-mlarat memuji Gusti tan kendhat.
   Udinen kratoning swarga wah sagunging kasampurnannya,
   temahan sira nyipati panganthi panunggiling Gusti.
  
3. Pasrah-sumarah mring Gusti, Parang Pangungsen sejati.
   Lamun tinempuh prahara, Gusti nyantosaken sira.
   Waspadakna mukjijatnya ing prakara gung wah prasaja.
   Kang wedi-asih lan setya winuwuhan berkah sing swarga.
  
  
178 b. PASARAH SUMARAH MRING GUSTI
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Pasrah -sumarah mring Gusti, pangayoman kang sejati.
Uripmu tansah rinimat, wit Gusti gung ing sihrahmat.
Waspadakna makluk wrata, karoban ing sih lan piwlasnya,
wah saliring butuh ira pinaringan ing sacukupnya.

178 c. PASARAH SUMARAH MRING GUSTI
( Kidung Pasamuwan Jawi )

Pasrah -sumarah mring Gusti, pangayoman kang sejati.
Uripmu tansah rinimat, wit Gusti gung ing sih rahmat.
Waspadakna makluk wrata, karoban ing sihlan piwlasnya,
wah saliring butuhira pinaringan ing sacukupnya. 
Share:

179. PISUNGSUNG KAGEM GUSTI

179. PISUNGSUNG KAGEM GUSTI
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ )

Pisungsung kagem Gusti, sinaosken klayan bingah;
tan owel miwah kepeksa, nging kanthi eklas ing manah.
Yen kumed kang sinebar, nggih kumed pangundhuhnya;
yen loma kang sinebar, nggih loma pangundhuhnya.

Reff.
  Kula sami memuji mring Allah Kang Mahamirah;
  srana penambut kardi, saged nampeni berkah.
  Kula mboten was sumelang ing sadhengah kabetahan,
  yen pitados mring Gusti, mesthi datan kekirangan.
 
 
2. Pisungsung kagem Gusti, tan namung bandha kadonyan;
   ugi raga-badan kita, dadosa korban kang gesang.
   Nindhakken karseng Allah, nggih ibadah sejati;
   tan kentir ombyaking jaman, nging manut pangrehe Gusti.
  
   Reff.....
Share:

180. PISUNGSUNG KONJUK MRING GUSTI

180. PISUNGSUNG KONJUK MRING GUSTI
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ )

Pisungsung konjuk mring Gusti datan mung prasedasan;
wit berkahnya siyang ratri lumintu tan wilangan.
Sawarnining kang pengaji kaaturna mring Pangeran.

2. Misungsung kang trus ing ati karenan ngarseng Gusti,
   dados srana peladosan tumraping pasamuwan;
   mbabarken kratoning Allah, rinaosken ing akathah.
  
3. Nulad randha miskin-papa kang loma misungsungnya
   sedaya kang den darbeni sinaosken mring gusti.
   Mangkono padha tindakna kanthi eklas trus ing driya.
Share:

181.PUJI SOKUR KONJUK GUSTI

181.PUJI SOKUR KONJUK GUSTI
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ)

Puji sokur konjuk Gusti, wit sihrahmat Paduka;
datan kendhat angasihi. cihnaning kawlasanta.
Sokur paring ingpakaryan, nadyan badamba ringkih;
sokur dene kadang mitra tansah anandukken sih.

2. Sokur, dene sesekaran, sedhep, endah ing warni
   sokur mega ngantariksa, miwah surya ndadari.
   Sokur krana bingah-sisah, Gusti tansah rumeksa;
   awit Paduka kang tansah nuntun lampah kawula.
  
3. Sokur,wit brayat kawula rukun samnya sinihan;
   sokur dene pasamuwan nuwuhken katentreman.
   Sokur, krana wancinira bingah utawi sisah;
   sokur di gesang kawula neng pamengkuning Allah.
Share:

182. PUJI SOKUR LAN PANGGUNGGUNG

182. PUJI SOKUR LAN PANGGUNGGUNG
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ )

Puji sokur lan panggungggung konjuk mring Hyang Maagung,
kang nitahken jagad raya wah ngreksa kanthi setya.
Makluk wratarinimatan krana sihing Pangeran.
Jagad tentrem lan raharja, lamun manut pangrehnya.

2. Surya, candra, lan pra lintang samnya nyunarken padhang.
   Peksi ngoceh mawurahan wah sato-kewan girang.
   Tetuwuhan ngumbar sekar sarta asung woh-wohan.
   Sadaya sami memuji mring Kang Makwasa.
  
3. Puji sokur lan panuwun konjuk Allah Mamulya,
   kang sampun paring pitulung mring pra manungsa dosa.
   Kang panggah sami pracaya mring Panebus sejati,
   saestu manggya raharja, mulya langgeng ing swargi
Share:

183. SAOSNA BADANMU

183. SAOSNA BADANMU
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Saosna badanmu minangka korban
kang urip lan suci konjuk mring Pangeran;
yeku pangibadahmu tulus satuhu,
wit kersaning Allah aneng uripmu.

2. Aywa madha rupa kalayan jagad.
   Salina budimu karana sih-rahmat,
   murih besa niteni karseng Makwasa;
   salir kang prayoga miwah sampurna.
Share:

184. SYUKUR AKANTHI TULUS

184. SYUKUR AKANTHI TULUS
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Sukur akanthi tulus. Sukur Kang Mahasuci.
Sukur rahmat kang agung, Panebus kita.
Sukur akanthi tulus. Sukur Kang Mahasuci.
Sukur rahmat kang agung, Panebus kita.
Mangkya kang ringkih dadya rosa;
kang miskin dadya sugih.
Sihe Gusti dadya nyata,yekti.
Mangya kang ringkih dadya rosa;
kang miskin dadya sugih.
Sihe Gusti dadya nyata yekti. Sukur !
Share:

185. SUMARAH MRING ALLAH

185. SUMARAH MRING ALLAH
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Sumarah mring Allah jiwa raga rineksa
astanya tansah begja.
Yen rinoban sisah manah datan lesah.
Sinung kakiyatan sing Pangeran,
sinung kakiyatan sing Pangeran.

2. Sumarah mring Allah jiwa - raga
   mbangun - turut Gusti trusing atai.
   Yen ginodha dosa binujuk duraka,
   kekah sarta setya ing pracaya  x 2
  
3. Sumarah mring Allah jiwa-raga
   rinoban ing berkah ayem nyata.
   Yen nyanggi momotan dalasan panandhang,
   mesthi den luwari dening Gusti x 2
  
4. Sumarah mring Allah jiwa - raga,
   rinimat, rineksa ing sih mirma.
   Yen ingarah pati wit bebener yekti,
   mantep dugeng janji Gusti nganthi x 2
  
5. Sumarah mring Allah jiwa-raga
   tinuntun ing sabda dugeng swarga.
   Yen wonten bilai wah miris ing ati,
   sinung lipur yekti sing Roh Suci x 2
Share:

186. URIP KANG SMESTHINE

186. URIP KANG SMESTHINE
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Urip kang samesthine, lamun tansah ngucapsokur,
Neng ngarsane Sang Kristus, tan pantes takabur.

Reff.
  Jroning susah lan bungah sadhengah kaanan,
  Aku angidung memuji sokur, yeku karsaNya !
 
2. Nadyan prahara nempuh sarta ombak anyempyuh,
   aku trus muji sokur, konjuk mring Gustiku.
  
   Reff....
  
3. Kanggo apa uripmu, lamun tanpa ngucap sokur ?
   Kristus dadya Panebus,pasrah kanthi tulus.
  
   Reff....
  
4. Dhuh Gusti rena nampi atur kawula,
   Roh Suci anunggila, nuntun ing samarga.
  
   Reff....
Share:

187. ANA SABAWA GUMRUBYUNG

187. ANA SABAWA GUMRUBYUNG
( Kidung Pasamuan Jawi / KPJ )

Ana sabawa gumrubyug, wit wong golongan kumrubut.
Gumrubug denya peplayon, " Apa baya, kang tinonton ?
Ana kang gupuh sumambung, " Yesus Nasarani kang langkung."
Ana kang gupuh sumambung," Yesus Nasarani kang langkung."

2. Yesus yeku Sang Pamarta, kang tumedhak saking swarga.
   Mundhi dhawuhhe Sang Rama, mitulungi wong cilaka.
   Kang pracaya trusing kalbu;mesthi denwelasi satuhu.
   Kang pracaya trusing kalbu; mesthi denwelasi satuhu.
  
3. Wong lara saka ngendia, kang marek samnya waluya.
   Wong picak agya anulu, kang lumpuh nulya lumaku.
   MUla payo ndherek Gusti, Sang Juruslamet kang sejati.
   Mula payo ndherek Gusti, Sang Juruslamet kang sejati.
Share:

188. BIYEN NGLIRWAKAKE

188. BIYEN NGLIRWAKAKE
( Kidung Pasamuan Jawi / KPJ / lirik KPJ )

Biyen nglirwakake sabdaning Gusti
mung karepe dhewe kang den turuti
samangke mratobat nyandhong sihrahmat
urip sumarah ing karsaning Allah.

Reff.
  Mula payo enggal dipadha gumregah !
  Mrih sajagad wrata ngluhurken Allah.
 
2. Biyen tansah melik bandha kadonyan,
   samangke ngupadi bandha kaswargan.
   Kanthi anoraga gondhelan Gusti,
   dadya tatag,kendel labuh sesami
  
   Reff.......
  
3. Biyen dhenen cidra, gawe cilaka,
   datan nggape mring hake wong liya.
   Mangkya setya remen ulah katresnan,
   ngajeni sesami jroning bebrayan
  
   Reff....
  
 Mrih sajagad wrata ngluhurken Allah.
Share:

189. GUSTI ALLAH PANGAYOM SETYA

189. GUSTI ALLAH PANGAYOM SETYA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ/ lirik KPJ )

Gusti Allah Pangayom Setya,
tansah ngrimati umatnya.
Lir pangon rumeksa mendanya.
Mula arum ngandikannya.
Ora bakal Aku tega, tan bakal nilar mring sira.

2. Mula kita mosik ing ati,
   Aku bakal ora wedi,
   awit Gusti Kang Mahasetya
   datan tega nilar kita.
   Manungsa bisane apa,
   katandhing Allah Makwasa.
  
3. Payo para sagunging titah
   padha ngabekti mring Allah.
   Datan bakal sira kagelan,
   Gusti paring katentreman.
   Pangeran tan bakal cidra,
   rumeksa ing salamanya.
Share:

190. GUSTI SANG JURU TAMAN

190. GUSTI SANG JURU TAMAN
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ/ lirik KPJ )

Gusti, Sang Juru Taman, rawuh ing tamannya;
langkung sekel ing dalih, mirsani sekarnya.
Sadaya sami alumwit dening kasatan;
pucuk ira tumungkul margi kepanasan,
pucuk ira tumungkul margi kepanasan.

2. " Kok eman puspaningsun, ora wurung mati;
   nggoningsun luru wadhah kanggo nyiram ngendi ? "
   Saweg nabda makaten Gusti amrangguli.
   wadhah grabah kang kothong,
   gumlethak ing siti  x 2
  
3. Sabdaya Juru Taman, " Kabeneran temen
   iki kok anan wadhah cilik nanging sedheng
   nadyan amung grabah nanging cepak nggone;
   lan rehne nuju kothong.
   Mara sun -agame x 2
Share:

191.GUSTI YESUS PANGEN SETYA

191.GUSTI YESUS PANGEN SETYA
( Kidung Pasamuwan Jawi/ KPJ / lirik kpj )

Gusti Yesus Pangen setya pindha parang santosa.
Sadaya ingkang pracaya dimensami ngayoma.

Reff.
  Gustiku makwasa, yeku Pangen kang setya.
  Gustiku kang kwasa pindha parang santosa.
 
2. Piandele kang ngabekti namung asmane Gusti.
   Jroning sangsara ginodha, panggah tatag ing driya.
  
   Reff.....
  
3. Asmane Sang Kristus Gusti mbereg dhemen leladi,
   mrih gesang tentrem ing donya tansah rinoban sihnya.
  
   Reff.....
  
4. Undhangna asmane Gusti ing salumahing bumi,
   amrih ingkang winartosan nampi sih-katentreman.
  
   Reff....
Share:

192. ISINING KABAR KABINGAHAN

192. ISINING KABAR KABINGAHAN
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ )

Isining kabar kabingahan winangsit ken dening Pangeran,
dadya srana paring piwulang margining kautaman.

Reff.
   Dimen tyang pitados tansah arumantos
   mbangun turut Gusti, nresnani sesami
  
2. Tyang lepat winelehken samya dening sabdaning Kang Makwasa;
   tyang dosa kang samnya mratobat anampeni sih -rahmat.
  
   Reff....
  
3. Tyang sisah pinaringan lipur yen nampi sabdeng Kang Maluhur.
   Tyang ringkih pinaringan kiyat, kasinungan sih-rahmat
  
   Reff......
  
Share:

193. KADI WANITA ANENG PINGGIR SUMUR

193. KADI WANITA ANENG PINGGIR SUMUR
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ )

Kadi wanita aneng pinggir sumur; ngono ngoronging nyawaku.
Aku krungu Gusti ngandika, " Padha ngombea banyuning urip ! "

Reff.
   Adhuh Gusti, kepareng paring jejampi ngorong ing wardaya
   wah tetedhan, murih tuwuking nyawa, kang njalari gesang enggal kula.
  
2. Tan winilang kang padha nganti-anti nikmating urip neng donya;
   nging sengsara bisa nandhingi Yesus Gusti, yeku Sang Pamarta.
  
   Reff.....
  
3. He, pra kanca, aja nuruti harda mung mburu barang kang nglaha.
   Balik padha sowana Gusti di padha kanthi tulusing driya.
  
   Reff....
Share:

194. KITAB SUCI KANG ADI

194. KITAB SUCI KANG ADI
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Kitab suci kang adi, sabdeng Gusti sejati
endah saklangkung endah nugraha saking Allah,
nugraha saking Allah.

2. Lembar sabda Paduka nuntun gesang kawula
   dadya pedhang menjila tameng saking bebaya,
   temeng saking bebaya.
  
3. Sabda lan Roh sung nglipur nuwuhken raos sokur.
   Jinugarken kang nglawan dadya pangewan-ewan,
   dadya pengewan-ewan.
  
4. Kitab Suci kang adi, sabdeng Gusti sokur
   ngreksa wiwit cilikku ngedohken siksa-pati,
   ngedohken siksa-pati.
Share:

195. KULA DATAN BADHE NRIMAH

195. KULA DATAN BADHE NRIMAH
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Kula datanbadhe nrimah, datan badhe rila,
pepadhang saking Yehuwah tinampik prajalma.
Tan badhe sabdeng Allah pikekah kawula
sinrahken dhateng mengsah kang ambekdaksiya.

2. Sabdeng Allah gung piguna mring sepuh-anema.
   Kang ringkih sinantosaken, lesah kiniyatken.
   Tyang kang wangkot ing manahnulya dados lembah;
   samnya dadya sembada wit sabdeng Kang Kwasa.
  
3. Ing manah kula sinerah sabdanipun Gusti,
   mrih kula kanthi urmat setya ing prajanji.
   Sanadyan ardi goyah, jagad badhe sirna,
   nging sabdaning Yehuwah langgeng ing tyas kula.
Share:

196. KULA PENGIN LIR GUSTI

196. KULA PENGIN LIR GUSTI
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Kula pengin lir Gusti, sumlondhoh ing ati,
tandang tanduk lan tembung mraati ngresepi.

Reff.
  O, lah, kawula sestu tan memperlan Gusti.
  Kula mugi winulang, nulad maring Gusti.
 
2. Kula pengin lir Gusti, sumarah lan pasrah,
   napa kang sunlampahi, nut kasraning Allah.
  
   Reff......
  
3. Kula pengin lir Gusti, melasi pra miskin,
   tetulung kang kribedan klawan trus ing batin
  
   Reff.....
  
4. Kula pengin lir Gusti, tresna maring mengsah,
   sanadyan denpoyoki tan sakit ing manah.
  
   Reff......
  
5. Kula pengin lir Gusti, tresna maringAllah,
   nindakna kasaenan, ulah mangibadah.
  
   Reff.....
Share:

197. KULA SAMPUN SIYAGA

197. KULA SAMPUN SIYAGA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Kula sampun siyaga, Gusti; sumadya nampeni sabdamulya.
Kula sujudmanembah Gusti, marak ngabyantara sapunika.
Mugi Gusti maringi berkah dhumateng kawula ing samangkya.
Kawula cumawis ing manah samekta ing gati.
Sabda Paduka datan ewah gingsir saking mula buka;
ugi sapunika wah salaminya. Sabda Paduka wonten gesang kula.
Manah kula sampun siyaga nampi sabda mulya.
Share:

198.LAMPAHINGGESANG PUNIKI

198.LAMPAHINGGESANG PUNIKI
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Lampahing gesang puniki tan kalising pepalang,
nanging astanipun Gusti nuntun maring pepadhang.
Kadya langit kalimputan mendhung kandel mega,
ing sasirnanira tamtu padhang njingglang sanyata

Reff.
  Bibar jawah mijil kluwung,mengku janji prasetya;
  sasisah ing sisah ngantya kluwunging sih Njeng Gusti.
 
2. Lamun prahara anrejang, peteng ndhedhet limengan,
   yakina trusing wardaya, dhatenging pitulungan.
   Rumentahing sihe Allah, cihnaning kawlsannya,
   awit Gusti angandika, " Aja sumlang ing driya !
  
   Reff.....
  
3. Aywa mangumiwah kwatir, nadyan peteng marginya,
   dipun mantep ing pracaya, setya ing janjinira.
   Gusti Ingkang Mahatresna, yeku tuking pitulung;
   nadyan sisah kumawasa, Gusti tansah anjangkung.
  
   Reff....
Share:

199. MARA SIRA RUNGOKNA

199. MARA SIRA RUNGOKNA
( Kidung Pasamuwan Jawi/ KPJ )

Mara sira rungokna swaranya.
Korithinothok cetha; tilingna !
Gusti kang arsa mlebu, mara enggal wengakna !
Ywa nganti gawe cuwa; wenganana !

2. Mara sira rungokna swaranya.
   Kori thinotok cetha; tilingna !
   Aja padha semaya, iku gawe sungkawa.
   Ingaturna pambagya; wenganana !
  
3. Mara sira rungokna swaranya.
   Kori tinothok cetha; tilingna !
   Kang Suci, Gusti rena, ngantos ngurbanken nyawa.
   Ingaturna pambagya; wenganana !
  
4. Mara sira rungokna swaranya.
   Kori thinothok cetha; tilingna !
   Yen kepengin anampi katresnan, kabungahan,
   kalayan katentreman; wenganana !
Share:

200. MUGI WRADIN INGUNDHANGNA

200. MUGI WRADIN INGUNDHANGNA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Mugi wradin ingundhangna sabdeng Allah mulya.
Wah mrasuka ing wardaya sabdeng Allah mulya.
Sabdeng gesang langgeng yogya kula anggep.
sabda mulya, sabda mulya, sabdeng Allah mulya.
Sabda mulya, sabda mulya, sabdeng Allah mulya.

2. Gusti nglairken mring kula, sabdeng Allah mulya;
   tiyang dosa winartosan sabdeng Allah mulya.
   Tyang trenyuh ing driya sami anilingna.
   Sabda mulya, sabda mulya, sabdeng Allah mulya.
   sabda mulya, sabda mulya, sabdeng Allah mulya.

3. Iba dennya mbingahken tyas, sabdeng Allah mulya;
   de nglairaken sih- piwlas sabdeng Allah mulya;
   nucekaken jalma, nuntun dhateng swarga.
   Sabda mulya, sabda mulya, sabdeng Allah mulya.
   Sabda mulya, sabda mulya, sabdeng Allah mulya.
Share:

201. MUNG SANG KRISTUS GUSTI

201. MUNG SANG KRISTUS GUSTI
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Mung Sang Kristus Gusti, Juru basuki.
Wit sih tresnanya mring manungsa,
ngantos korban sarira.
Mila tyang pracaya
sinungan waluya wah tentrem raharja.

2. Mung Sang Kristus Gusti, Jurubasuki
   Sabdanira kebak pangwasa
   mring sajagad warata.
   Tyang bekti wah setya
   ing gesangira, kebagjan kang pinanggya.

3. Mung Sang Kristus Gusti, Jurubasuki
   Pangreh wah panuntuning asta
   damel tentreming driya.
   Tyang ingkang pracaya
   gesangnya sumarah, tan rumaos semplah.
Share:

202. RAHAYU KANG UTAMA LAKUNE

202. RAHAYU KANG UTAMA LAKUNE
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )


Rahayu kang utama lakune ngambah dalaning prentahe Pangeran.
Rahayu kang netepi dhawuhe. Wong kang manut ing sapangrehe Gusti,
sarta tansah telaten netepi sakarsane klawan eklas ing ati.

2. Gusti mudi ngririd lampah amba
   manut mituruta prentahing Gusti.
   datan pegat salami- laminya.
   Kula kaparingana manah padhang,
   Dhawuh Paduka kula estokna
   klayan eklas lan dumolonging manah.

3. Dhuh Yehuwah, wicanten kawula,
   " Gusti punika panguman kawula,
   dene kawula namung sumedya
   badhe netepi sadhawuhing Gusti "
   Gusti mugi maringi sih-mirma
   de panyuwun kawula kanthi eklas.

Share:

203.RAHAYU KANG UTAMA LAKUNE

203.RAHAYU KANG UTAMA LAKUNE
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Rahayu kang utama lakune ngambah dalaning prentahe Pangeran.
Rahayu kang netepi dhawuhe; wong kang manut ing sapangrehe Gusti.
sarta tansah telatennetepi sakarsane klawan eklas ing ati.

2. Dhuh Gusti, punapa sarananya tyang nem-neman saged jujur ing lampah
   kejawi dipun reh, mituruta sapangandika lan prentahing Allah ?
   Kawula sampun Paduka uja nyaleweng nilar pepaken Paduka.

3. Gusti mugi ngirid lampah kula manut- mituruta prentah Paduka,
   datan pegat salami-laminya; kula kaparingana manah padhang.
   Dhawuh Paduka kula estokna klayan eklas lan gumolonging manah.

4. Sabda Paduka minangka dilah wonten ing ngajenging suku kawula,
   margi kula tansah den padhangi; dhuh Gusti, kawula sampun supaos.
   Kawula tansah badhe netepi prentah Paduka klayan trus ing batos
Share:

204. RANCANGANIRA DUDU RANGANGANINGSUN

204. RANCANGANIRA DUDU RANGANGANINGSUN
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

" Rancangan ira dudu rangananingsun; 
dalan ira uga dudu marginingsun.
Pindha dhuwuring langit angungkuli bumi.
Iya semono bedaning karepira lan kang sunesthi"

Reff.
  Yeku sabdaning Allah Padha tilingna,
  dimen dadya sarana tentreming urip ira !

2. Lir udan salju tumurun aneng bumi
   tan bakal bali munggah mring asalneki
   Nging nyiram, nelesi bumi lan tetuwuhan
   dadya sarana margining sandhang- pangan,
   kanggo manungsa.

Reff...
Share:

205. SABDENG ALLAH MAKARTI

205. SABDENG ALLAH MAKARTI
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Sabdeng Allah makarti wradin salumah bumi.
Kita kang tinimbalan tampi kawilujengan.

2. Sabdebg Allah Hyang Widi ngrimat sagung dumadi
   nuntun srana nimbali tumrap kang nyimpang margi.
  
3. Sabdeng Allah kang Suci lestari nguwaosi.
   ngantos jagad kang peteng nampi pepadhang langgeng.
  
4. Gusti nulya ngandika, " Menyanga tegalira,
   panenira andadi, kang derep tan nyukupi ! "
  
5. Panen Paduka Gusti, mbereg kula ngeneni
   temah jagad warata anampi sih Paduka.
Share:

206. SAIBA TAN DENNYA GUSTI

206. SAIBA TAN DENNYA GUSTI
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Saiba ta dennya Gusti ngasihi dhateng manungsa,
ngantos tedhak maring donya, nglampahi papa cintaka.

2. Malah nrimah densedani, tomboknyawa ngrembat dosa
   lan siksanira manungsa, sinuprih lumebeng swarga.
  
3. Saiba dennya ngasihi tyang durjana kang nalangsa,
   nadyan neng salib siniksa, mlebet Pirdus sanalika.
  
4. Saiba dennya ngasihi dhateng kula, dhateng ndika,
   de tinebus klayan rahnya, inguwalken saking siksa.
Share:

207. SANYATA PANENE WUS GUMELAR

207. SANYATA PANENE WUS GUMELAR
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Sanyata panene wus gumelar, mung sethithik kang padha nderepi.
O, kanca, mara den kanthi bingar, enggal padha rumagang ngeneni.

Reff.
  Gya tumandanga anderepi, kangelan edadi kabungahane.
  Gya rumaganga angeneni e mane sithik kang nindak ake.
 
2. Dhuh Pangeran kang kagungan panen,
   mugi Paduka karsa ndhawuhi.
   Kathah tiyang kang sami telaten,
   trampil, prigel, lan sengkut ngeneni.
  
   Reff.....
Share:

208. SIRA KANG MANDHEG - MANGU

208. SIRA KANG MANDHEG - MANGU
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Sira kang mandheg - mangu, Gusti nimbali.
Tiling nata, sabdanya; Gusti nimbali.
Padha mbangun turuta; tumemen ing pracaya;
gya rungokna sabdanya; Gusti nimbali.

Reff.
  Gusti dhawuh mring sira; padha enggal mareka;
  mara sami estokna; Gusti nimbali.

2. He, sira kang kesrakat, Gusti nimbali;
   karsa paring sih-rahmat; Gusti nimbali.
   Sihnya tetep tan kendhat, dosanira rinuwat.
   Mara ta, ndherek Gusti; Gusti nimbali
  
   Reff....
  
3. Lamun atimu susah; Gustinimbali.
   Mareka, temah bungah; Gusti nimbali.
   Sabdanya paring gesang, nuntun mring margi padhang,
   myang rahayuning budi; Gusti nimbali.
  
   Reff.....
  
4. Wong pracaya dibungah; Gusti nimbali,
   wit Gusti nunggil tansah; Gusti nimbali.
   Yen ketaman panggodha; dalah nandhang sangsara,
   mara tetep ngabekti; Gusti nimbali.
  
   Reff.....
Share:

209. TIYANG KANG PRACAYA

209. TIYANG KANG PRACAYA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Tiyang kang pracaya mring Gusti tan was sumelang ing ati.
Tatag tanggon nglawan panggodha awit Gusti kepareng ngreksa.

Reff.
  Amung ana telung prakara kang utama ing urip kita:
  pracaya, panganti-anti, dalasan katresnan.
  Amung ana telung prakara kang utama ing urip kita:
  pracaya, panganti-anti; de kang pinunjul yeku katresnan.

2. Panganti sumbering kakwatan, nyirnakken uwas lan wedi.
   sumingkir salir karuwetan lamun Gusti kang dipun anti.
  
   Reff....
  
3. Gedhe - gedhening sih- sutresna, yen rilangurbanken nyawa
   kanggo nglabuhi marang mitra; yeku dhawuhe Gustinira.
  
   Reff....


==============================================
Share:

210. WONG NYENYEBAR ESUK LAN SORE

210. WONG NYENYEBAR ESUK LAN SORE
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Wong nyenyebar esuk lan sore, wah nyenyebar rina lan wengi.
Nyebar wit anom kongsi tuwa nyebar nganti tumekeng janji.

Reff.
 Lah kang ingundhuh apa ?  x 2
 Nyebara rina, nyebara wengi,
 sekeng arosaa, ya nyebara.
 Apa sebar ane wong neng donya,
 mesthi ingundhuh ing akeratnya.

2. Ana kang sinebar neng ratan, ana uga kang neng padhasan,
   Ana maneh kang aneng eri,
   mung salong kang tibeng leleran.
  
   Reff.......




============================================
Share:

211.YEHUWAH PANGENKU

211.YEHUWAH PANGENKU
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Yehuwah Pangenku, aku rinimat;
wah denplegungaken neng pasuket,
den giring mring toya ngenggon kang tentrem

2. Nadyan ngambah jurang telenging pati,
   kula tan sumelang, Gusti nganthi kula.
   Kakwatan Paduka, anglipur kawula.
  
3. Saestu kabegjan miwah kadarman,
   ngiring lampah kula, slami kula gesang.
   Kula badhe manggen ing Kraton Swarga.


================================
Share:

212. AKU MBOK CARITANANA

212. AKU MBOK CARITANANA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Aku mbok caritanana bab Yesus Sang Pamarta;
pepadhanging wong sabumi, Putreng Allah Masuci.
Ya jatining kauripan, langgeng tan winatesan.
Margane tumekeng swarga, Imam Agung sampurna.
Juru Pangon kang utama, wah pangruwatmanungsa.

2. Aku mbok caritanana bab Yesus Sang Pamarta;
   yeku Sang Kristus Masuci, Gustining para gusti,
   Ratuning salir pra ratu, ya Sang Guru satuhu.
   Sabdeng Allah kang manjalma, wah putraning Manungsa.
   Jumeneng cempening Allah, Abdining Sang Yehuwah.
  
3. Aku mbok caritanana bab  Yesus Sang Pamarta;
   Panutaning wong percaya, Ratu Adil sanyata.
   Sang Alfa lan Omega, pangreh jagad lan swarga.
   Mustakaning pasamuwan, kang paring kauripan.
   Hakim ing wekasan, kang ngasta pangadilan.



=========================================
Share:

213. ALLAH NGESORKEN SRIRA

213. ALLAH NGESORKEN SRIRA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Allah ngesorken srira, wit nglabuhi jalma.
Manungsa tan keduga ngandelken dhirinya.
Mung karana tresna, gesang tentrem raharja.
Tyang dosa pinurih tobat,
cinadhang sihrahmat.

2. Allah tedhak ing donya, wit gunging sih-trsna;
   ngrukunaken manungsa klayan sariranya.
   Mila tyang pracaya sami manggih raharja;
   kang sami olah katresnan sinihan Pangeran.
  
3. Allah ngurbanken srira, wit gunging sih-rahmat.
   Nimbali tiyang dosa, mrih samnya mratobat.
   Swawi sami seba, nyadhong sih-palimirma,
   nebihi dredah- sulaya, ngudi rukun samya.



==================================
Share:

214. ANENG PAMAKANAN

214. ANENG PAMAKANAN
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Aneng pamakanan, iku dunungnya;
ginedhong ing kain, sestu prasaja.
Lelintang ing langit padhang nelahi,
de Yesus Gustiku sare kepati

2. Raja-kaya nywara, kang nendra wungu,
   nadyan piniyarsa nging tan ngreridhu
   Samangkya atiku sstu rahayu,
   wit Gusti, mitraku nentremken kalbu.
  
3. Dhuh Yesus, Sang Putra, mugi Paduka
   lestantun ing kula kanthi sih- tresna.
   Pra umat samnya binerkahana,
   tinuntun nggenira lumebeng swarga.



==============================
Share:

215.ANENG SALUMAHING BUMI

215.ANENG SALUMAHING BUMI
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Aneng salumahing bumi srungumandhang pamuji.
Aneng ngare miwah ardi, kidunging bala swargi,

Reff.
  Gloria in excelsis Deo ! Gloria in excelsis Deo !
 
2. Pra pangon ing ara-ara, memuji manembrama,
   kagem Raja kang wus prapta, ngumandhang suka-rena
  
   Reff.......
  
3. Wus miyos Juru-basuki, yeku isining puji,
   panggunggung kalayan urmat,mring Gusti Ratu jagad,
  
   Reff........
  
4. Payo kita samnya muji sareng lan bala swargi
   srana kidunging pamuji, kanthi tulusing ati,
  
   Reff.......



====================================
Share:

216.BETLEHEM ING EFRATA

216.BETLEHEM ING EFRATA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Betlehem ing Efrata, sanyata prasaja,
kang cilik ing Yehuda nging pinilih Gusti.
Ya aneng kandhang kewannya, miyos ing Sang Pamarta.
Allah sung waluya, tan mawang manungsa.

2. Pra pangon wong kang ringkih, asor, melas-asih,
   winartanan mlaekat marganing sih-rahmat;
   de kang sinungan waluya, mung kang nlangsani dosa.
   Allah Mahaasih mbelani wong ringkih.
  
3. Pra pujangga king wetan asung pakurmatan,
   wit tinuntun lintange, Gustining pra Gusti.
   Mula pra pujangga kang sowan mring Gusti.


========================================
Share:

217. dALU SANTI

217. dALU SANTI
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Dalu santi, abyor cahyeng kartika; dalu suci miyosing Pamarta.
Jagad raya kang risak wit duraka den pulihken pindha Pirdus mulya.
Pra manungsa kang sangsara wit dosa, linuwaran mrih tentrem raharja.

Reff.
  Swawi sujud saos bekti mrih tentrem raharja.
  Dalu santi, Panebus wus manjalma;
  dalu suci, daku, dalu santi.
 
2. Dalu santi, lintang panjer sung cahya; dalu suci, rawuhing Sang Putra.
   Bayi suci rinengga kaapesan, karsa mbikak korining kaswargan;
   angrukunken Allah klayan manungsa, wah sung gesang sejati, sampurna.
  
   Reff.....
  
3. Dalu santi, putra tedhak neng donya; dalu suci, mlaekat sung puja.
   Kang Mamulya karsa ngesorken srira, ngrembat dosa mrih jagad slameta.
   Dayaning pati mangkya ingasorken, pra manungsa sinung gesang langgeng.
  
   Reff...


=======================================================
Share:

218.DALU SUCI

218.DALU SUCI
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Dalu suci tidhem sami, Njeng Gusti Pamarta
tedhak manjalma krana kita
miyos  wonten kandhang Betlehem
Gusti ning dumadi, Gustining dumadi.

2. Bayi suci, kang Ginusti, nebusi tyang dosa,
   nilar kamulyane ing swarga,
   sumeleh ing rumput kang nistha;
   nladhani mring kita, nladhani mring kita
  
3. Dalu suci, tidhem sami, Njeng Gusti angasta,
   katentremane jagad-raya,
   kados prasetyane Kang Rama.
   Mila linuhurna, mila linuhurna.
  
4. Dalu suci, tidhem sami, Njeng Gusti angasta,
   pirukuning tyang dosa sami
   cinadhang prasetyan kang baka.
   Amin, linuhurna ! Amin, linuhurna !


=====================================
Share:

219.DAWEG TA KANCA KULA

219.DAWEG TA KANCA KULA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Daweg ta kanca kula sami
memuji Allah ing dinten puniki,
kula dipun paringi bingah linuwih !
Bingah linuwih !

2. Surak - suraka, kanca !
   Sami suka - suka,
   mangangge kang sae,
   sampun kirang sekare
   kang endah- endah !  x 2
  
3. Swawi angalembana
   Allah Kang Mawilasa,
   sanadyan Maagung,
   karsa miyarsakaken
   pamuji kula. x 2
  
4. Anggunggung kawlasane
   tuwin kamirahane,
   punika etuke
   sakehing peparinge,
   lan bingah kula. x 2
  
5. Dene panyuwun kula:
   Karibedan sedaya
   mugi densinggahna,
   darapon lestantuna
   bebingahkula. x 2

=====================
Share:

220. DINTEN NATAL DINETEN ADI

220. DINTEN NATAL DINETEN ADI
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Dinten Natal dinten adi, dinten kabingahan yekti.
Nglipur tiyang nandhang sisah, ngiyataken tiyang semplah.
Ingkang kesaput pepeteng tinuntun mring padhang langgeng.

2. Dinten Natal dinten mulya, dinten kang mbingahaken driya,
   ngengeti tiyang siniya, nulungi tiyang kang papa,
   ngrukunken kang sami dredah, ngraosken berkahing Allah.
  
3. Dinten Natal dinten suci, wiyos Sang Kristus Gusti.
   Sumangga sumyak memuji, sung panggunggung pangabekti,
   wah ngundhangken sih-rahmatnya, sarana tumindak nyata.


==========================================
Share:

221.DUK BUMI KINEMULAN RATRI

221.DUK BUMI KINEMULAN RATRI
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Duk bumi kenemulan ratri, pra pangen neng ara ara,
kalawan setya tuhu samianjagi panthaning menda.
Dyan amireng mlaekat muji, ngumandhang aneng akasa;
pra pangen sami dinawuhan nglari Putra Ka swargan.

2. Prapteng Betlehem, dyan kumlepyur tempuk cahya tigasami;
   sajuga king lintang ing luhur, kadwinya saking Sang Bayi
   Pyur ! Tempuk cahya kang katiga; cahyeng mripat kang asuka.
   Dyan pra pangen tumungkul sami sujud menembah Gusti
  
3. Maria dahat bingah ing driya nampi gunging kanugrahan;
   klayan Yusuf aneng sisahnya, ngusap mring Bayi kaswargan.
   Pra pangen masrahken mendanya mring pangreksaning mlaekat,
   tan tega nilar Sang Pamarta, mila tansah sung hurmat.
  
4. Dhuh Sang Bayi saking ngaluhur, rawuh nandhang papa nistha.
   Gusti mugi nuntun kawula angambah margi Paduka.
   Lah Paduka ngasta wisesa, anglungsur para pangwasa.
   Nadyan agung tresnaning Gusti, donya datan nampeni.

==============================================
Share:

222. DUMELING KAPYARSA

222. DUMELING KAPYARSA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Dumeling kapyarsa saba wasung warti,
supados sami sadhiya, rawuhnya Njeng Gusti.

Reff.
  Gusti paringa manah kang suci,
  kenging kangge ngurmati rawuhnya Njeng Gusti.
 
2. Kabingahan amba saestu nglangkungi,
   jalaran rawuhing Gusti, jagad den resiki.
  
   Reff .....
  
3. Kasucening manah, karesikaning tyas,
   dede saking labet amba, kejawi mung sihnya.
  
   Reff.......

====
Share:

========******========
* Selamat datang di Blog Restsindo.
** Terima kasih telah berkunjung.
*** Tulis saran dan kritik melalui kolom komentar
========********========

Popular Posts

Info Terbaru

DOWNLOAD KJ LENGKAP DAN KPJ LENGKAP UNTUK EASYWORSHIP

Sesuai dengan janji kami pada postingan sebelumnya, dimana kami akan menyediakan Index Kidung Pujian baik Kidung Jemaat (KJ) maupun Index K...

Blog Archive

Follow

FOREX To Day
 
 Update tiap 5 menit    < Restsindo >