• Logo Restsindo

    Bentuk dan warna dari logo restsindo, logo tersebut adalah hak milik kami.

  • Rohani

    Hasil olah rasa dan pergumulan kami tentang hidup dan kehidupan

  • Bisnis

    Analisa Pasar Uang dalam Forex, analisa teknikal dan analisa fundamental.

  • Kritikan

    Kritikan memang pedas, tapi jangan lupa kita perlu kritik yang membangun. Kritik yang disampaikan pada waktu dan tempat yang tepat lebih bermanfaat.

Anda dapat mendownload Lirik KJ LENGKAP DAN KPJ LENGKAP UNTUK EASYWORSHIP ( Klik disini )

440.KAWULA TINUNTUNA

Lirik Kidung Pasamuwan Jawi ( KPJ )


440.KAWULA TINUNTUNA

Kawula tinuntuna pasrah nyawa mring Paduka;
tyang kasasar lampahnya, wit krana dosanya.
Awis ingkang angopeni sarta sami preduli;
kawula kaparengna nyebar Injil suci
Share:

441. KITA SAMI TINIMBALAN

Lirik Kidung Pasamuwan Jawi ( KPJ )


441. KITA SAMI TINIMBALAN

Kita sami tinimbalan, supados ndherek ngladosi
pakaryane Gusti Yesus dhateng sesami.
Amartos aken kabar bingah, nggih Injil ing karahayon
dhatheng  salir para bangsa, neng alam donya.

Reff. Tiyang pitados kedah wonten pandamel kang nyata !
      Klayang eklas mitulungi tyang kang sinangsara;
      sanadyan kita pinangkanya saking maneka bangsa,
      nging sesarengan nindakaken pakaryan kang mulya
Share:

442. KULA KAPARENGNA CAKET GUSTI

Lirik Kidung Pasamuwan Jawi ( KPJ )

442. KULA KAPARENGNA CAKET GUSTI

1. Kula kaparengna caket Gusti
   mrih tentrem ing driya siyang ratri
   Kasetyan Paduka nganthi a slaminya,
   tansah amba barna kamulyan swarga.

2. Nadyan kaoncatan ing pepadhang
   awit ngraosaken gung panandhang,
   sestu tansah panggah nggen kula dondhelan,
   lamun Gusti nganthi, sung pitulungan.

3. Mlaekat gya prapti, nglipur kula
   sarana pamuji, mrih lejara.
   Kula sukarena, gya nyaket Paduka,
   celak dhampar mulya, Kratoning Swarga.
Share:

443. LAMUN SIRA SANGSARA

Lirik Kidung Pasamuwan Jawi ( KPJ )


443. LAMUN SIRA SANGSARA

1. Lamun sira sangsara kranarehing dosa,
   yogya pasrah mring Gusti, murih dipun luwari.

Reff. Sang Kristus Maasih mring tyang kang ringkih.
      Den enggal ngayom a dimen tentrem ing gesang ira.

2. Yen sira kamomotan, kabotan sesanggan,
   yogya ngugsi mring Gusti mesthi denpitulungi. Reff

3. Lamun sira siningkang, rinoban panandhang,
   rumaketa Gustimu ! Tamtu paring rahayu. Reff

4. Yen sira kasusahan miwah karupekan,
   mareka mring Sang Kristus, yeku Juru Panebus. Reff
Share:

444. MARGI SIH PADUKA

Lirik Kidung Pasamuwan Jawi ( KPJ )


444. MARGI SIH PADUKA

1. Margi sih Paduka, dhuh Gusti Pamarta,
   tiyang dosa kaluwaran saking paukuman.

Reff. Iba adinira, utusan Paduka,
      kang ngundhangken wartos bingah,
      sih rahmate Allah.

2. Margi Roh Paduka, dhuh Gusti Pamarta,
   kathaha tyang kang nampeni pawartos basuki Reff.

3. Wit pangreh Paduka, dhuh Gusti Pamarta,
   tyang kang pitados mring Gusti sageda nyawiji Reff
Share:

445. MUGI GUSTI KARSA ANGUTUS

Lirik Kidung Pasamuwan Jawi ( KPJ )


445. MUGI GUSTI KARSA ANGUTUS

1. Mugi Gusti karsa angutus utusan
   kados duk kinanipun,
   ing kang ngemban sabdaning Allah
   lan martosken sih piwelasipun,
   supados tyang salumahing bumi
   sami nampia Injil ing Gusti.

2. Mugi Gusti ngutus pra abdi sembada
   setya miwah taberi
   nyebarken pawartos basuki
   gumelar ing salumahing bumi,
   supados tyang sami pitadosa,
   temah ngraosken tentrem raharja

3. Mugi Gusti madhangi manah kang peteng
   wit pamengkuning dosa,
   temahan pra tiyang kang wangkot
   lan kang kawengku ing gugon-tuhon*
   mratobata, pitados mring Gusti
   klayan bingah, asmane pinuji.

* gugon-tuhon = takhayul
Share:

446. NALIKA NGAMBAH MARGI KANG SEPI

Lirik Kidung Pasamuwan Jawi ( KPJ )


446. NALIKA NGAMBAH MARGI KANG SEPI

1. Nalika ngambah margi kang sepi,
   giris uwas manah kula.
   Sampun nilar kawula dhuh Gusti,
   mugi tansah angamping ampingi.

Reff. Mlampah pyambak datan kedugi
      Gusti mugi anganthi
      Mrih gesang maedahi sesami
      wah mulyakaken asmane Gusti

2. Kawula kesandhung ngantos dhawah,
   karana karaos sayah
   Gya kula rangkul salibe Gusti,
   wit sihnya kula manggih basuki Reff

3. Lamun thatit kilat sesamberan,
   peteng ndhedhet lelimengan.
   Manah kula  kekes tan kantenan,
   nanging Gusti paring pitulungan. Reff
Share:

447. PRA ABDINING GUSTI

Lirik Kidung Pasamuwan Jawi ( KPJ )

447. PRA ABDINING GUSTI

1. Pra abdining Gusti, padha prayitna
   ing perang rohani. Ywa kongsi lena,
   ngrasuka kayekten wah kaadilan,
   sanadyan tumiba ing kasangsaran.

Reff. Yekti Iblis culika lan julig maeka *
      Di tengen ndendonga, Gusti kang ngreksa.

2. Pra putraning Allah, padha den panggah
   setya dadi seksi Injiling Allah.
   Nyanggemi dhawuhnya kang trus ing ati,
   manteb ing pracaya tumekeng janji. Reff

3. Pra wong kang pracaya, di tunggal sedya,
   nyirik pasulayan, mbangun katresnan.
   sangkul - sinangkula bit repotira,
   amrih roh piala sirep dayanya. Reff

* maeka = ngakali, menipu dengan penuh muslihat
Share:

448. PRA PRAJURITE GUSTI

Lirik Kidung Pasamuwan Jawi ( KPJ )

448. PRA PRAJURITE GUSTI

1. Pra prajurit e Gusti kang samnya di nuta,
   aywa padha suwala nyebar kabar adya,
   ye ku kabaring sih rahmat tedhak saka swarga
   Kang sinungken pra umat pinurih pracaya.

Reff. Payo, maju, ja giris atimu,
      marga Gusti nganthi salakumu !
      Payo, maju, undhangna samangkya,
      murih kang mblasar, nggetuni, mratobat agya.

2. Sajroning prang, sabukan kayekten, ja lali,
   kaadilan dadia kere mitayani.
   Trumpahmu cumadhanga Injiling raharja,
   denundhangna warata saindhenging donya. Reff

3. Nganggo tameng pracaya, dadia panangkis,
   marang solah gelare culikaning iblis.
   Pedhang roh yeku sabda, sayogya tinampi,
   tetopang karahayon, yeku kang ngayomi. Reff
Share:

449. SIRA SUMYAKA

Lirik Kidung Pasamuwan Jawi ( KPJ )

449. SIRA SUMYAKA

1. Sira sumyaka, dhuh nyawaku,
   nggunggunga sih e Pangeran,
   wus ngirid lakuning bangsaku,
   dalah paring pitulungan.
   Mring para utusan setya
   kang ngundhangken kabar adya
   Haleluya ! Haleluya !

2. Sapa kang nampa timbalannya,
   ngemban ayahan kaswargan,
   mesthi bakal padha tan nyana
   mring sakehing kaelokan,
   nadyan marganya rekasa,
   iku tinampa prayoga.
   Haleluya ! Haleluya !

3. Sira sumyaka, dhuh nyawaku,
   nggonira nggunggung Yehuwah,
   dak puja slawasing uripku,
   de agung sihe mring abdi,
   ing rina dalasan ratri.
   Haleluya ! Haleluya !
Share:

========******========
* Selamat datang di Blog Restsindo.
** Terima kasih telah berkunjung.
*** Tulis saran dan kritik melalui kolom komentar
========********========

Popular Posts

Info Terbaru

DOWNLOAD KJ LENGKAP DAN KPJ LENGKAP UNTUK EASYWORSHIP

Sesuai dengan janji kami pada postingan sebelumnya, dimana kami akan menyediakan Index Kidung Pujian baik Kidung Jemaat (KJ) maupun Index K...

Follow

FOREX To Day
 
 Update tiap 5 menit    < Restsindo >