Anda dapat mendownload Lirik KJ LENGKAP DAN KPJ LENGKAP UNTUK EASYWORSHIP ( Klik disini )

KPK 300.

 KARAHAYONING TYANG GEGRIYA


1. Arahayu sagunging tyang gegriya

    ingkang tan-sah rumaket mring Gusti,        

    mung Gusti, dadya tuking basukinya

    klayan bingah prentahnya pinundhi        

    sekakapti anilingken sabdanya,

    angabekti Allah klayan eklas,        

    rinten ndalu angluhurken asmanya

    myang sumuyud kalayan trus ing tyas.


2. Arahayu sagunging tyang semahan,

    ingkang nunggil tresnanya mring Gusti,

    runtang runtung denira sih sinihan,

    klayan, saekapraya Ian budi,

    tansah migatosken sabdaning Allah,

    sarta memuji ngluhurken Gusti,

    mantep ing pitados kang trusing manah,

    saha setya dumugi ing janji.


3. Arahayu sagung tyang neningkahan,

    kang tan nglirwakken prentahing Gusti,

    nggulawenthah brayat klayan kasetyan,

    mrih sami tulus ing pangabekti,

    saha tansah sami sareng ndedonga,

    sabiyantu ing bot repotira,

    anebihi bebaya cecongkrahan,

    lestantun sami manggih kraharjan.


4. Arahayu sagung tyang bebrayatan,

    kang tansah saos sokur mring Gusti,

    nadyan bingah utawi nandhang sisah,

    nggih namung Gusti kang den bekteni,

    tansah nggatosken dhawuhing Hyang Widi,

    dados dilah wah sareming bumi,

    nandukken sih katresnan mring sesami,

    mrih salumahing bumi basuki.

Share:

Tidak ada komentar:

Posting Komentar


========******========
* Selamat datang di Blog Restsindo.
** Terima kasih telah berkunjung.
*** Tulis saran dan kritik melalui kolom komentar
========********========

Popular Posts

Info Terbaru

DOWNLOAD KJ LENGKAP DAN KPJ LENGKAP UNTUK EASYWORSHIP

Sesuai dengan janji kami pada postingan sebelumnya, dimana kami akan menyediakan Index Kidung Pujian baik Kidung Jemaat (KJ) maupun Index K...

Follow

FOREX To Day
 
 Update tiap 5 menit    < Restsindo >