• Logo Restsindo

    Bentuk dan warna dari logo restsindo, logo tersebut adalah hak milik kami.

  • Rohani

    Hasil olah rasa dan pergumulan kami tentang hidup dan kehidupan

  • Bisnis

    Analisa Pasar Uang dalam Forex, analisa teknikal dan analisa fundamental.

  • Kritikan

    Kritikan memang pedas, tapi jangan lupa kita perlu kritik yang membangun. Kritik yang disampaikan pada waktu dan tempat yang tepat lebih bermanfaat.

Anda dapat mendownload Lirik KJ LENGKAP DAN KPJ LENGKAP UNTUK EASYWORSHIP ( Klik disini )

004. DHUH NYAWAKU, SIRA SAOSA PUJI

4. DHUH NYAWAKU, SIRA SAOSA PUJI
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPj / lirik KPJ )

Dhuh nyawaku, sira saosa puji mring Pangeran Allah Kang Maha Suci.
Sa batinku ngluhurka asmane. Dhuh nyawaku, Yehuwah kamulyakna.
Aja lali sagunging kadarmannya. Elingana sawiji wijine.

2. Pujinen kang ngapura dosanira, kang marasken sagung lelaranira
nebus uripmu saking antaka; kang angerobi sira lan kawlasan
kang maregi umurmu lan kadarman, wah ngenomaké kekwatanira

3. Sepira langit angungkuli bumi, semono gunging sihé Kang Masuci,
mring wong kang nyaosi pangabekti. Sepira dohé kulon saking timur,
iya semono dènnya dosaningsun ingedohken saking awak amba’.
Share:

005. DHUH PANGERAN

005. DHUH PANGERAN
( Kidung Pasamuwan jawi / KPJ / lirik kpj )

Dhuh pangeran Ingkang Maha Suci,
kula sami marek tetunggilan.
Salir bangsa salumahing bumi
amemuji asmane Pangeran.

2. Gusti tresna mring kula sadaya,
saking kilèn rniwah saking wétan,
sami nunggil klayan Sang Pamarta,
Yesus  Kristus kang dados Panutan.

Share:

006. GUSTI KANG MURBENG DUMADI

006. GUSTI KANG MURBENG DUMADI
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik kpj )

Gusti kang murbeng dumadi,
kawula sami sowan ngaturaken pangabekti
ingkang yekti. Ngunjukaken puja puji,
panuwun lan panyuwun anampeni, sabdeng Gusti.
Share:

007. GUSTI, KAWULA SOWAN

007. GUSTI, KAWULA SOWAN
( Kidung Pasamuwan jawi / KPJ / lirik KPJ )

Gusti, kawula sowan atur pangabekti,
pasrah nyawa lan badan kanthi trusing ati.
Mugi Paduka tampi, wah paring kadarman,
dimen kula lestantun wonten ing kraharjan.

2. Kawula sèstu ngudi manut rèhing Gusti,
nanging ringkihing budi tansah memalangi.
Dhuh Gusti, mugi rawuh, mulunga ing asta,
dadya gondhèlan bakuh, kula tan suwala.

3. Kula sèstu pracaya tan ngandelken dhiri,
namung karsa Paduka kang kula lampahi.
Karahayon sejati pangajap kawula,
sedya ngambah ing margi pitedah Paduka.

Amin.
Share:

008. HALELUYA

008. HALELUYA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik kpj )

Haleluya pangeran aneng papan pamujan,
pinuji asmanya, dalah aneng akasa
Wit Gusti Allah Makwasa, kamulyannya Maadi,
ngungkul isamudaya,  munggweng swarga lan ing bumi

2. Linuhurna Hyang Agung klayan sagunging kidung,
binarung salir gangsa wah kang mijilken swara.
Geguritan wah beksannya makluk kang darbé nyawa,
ngluhurna Hyang Makwasa sru ngidungna Haléluya!
Share:

========******========
* Selamat datang di Blog Restsindo.
** Terima kasih telah berkunjung.
*** Tulis saran dan kritik melalui kolom komentar
========********========

Popular Posts

Info Terbaru

DOWNLOAD KJ LENGKAP DAN KPJ LENGKAP UNTUK EASYWORSHIP

Sesuai dengan janji kami pada postingan sebelumnya, dimana kami akan menyediakan Index Kidung Pujian baik Kidung Jemaat (KJ) maupun Index K...

Broker Indonesia

Follow

FOREX To Day
 
 Update tiap 5 menit    < Restsindo >