• Logo Restsindo

    Bentuk dan warna dari logo restsindo, logo tersebut adalah hak milik kami.

  • Rohani

    Hasil olah rasa dan pergumulan kami tentang hidup dan kehidupan

  • Bisnis

    Analisa Pasar Uang dalam Forex, analisa teknikal dan analisa fundamental.

  • Kritikan

    Kritikan memang pedas, tapi jangan lupa kita perlu kritik yang membangun. Kritik yang disampaikan pada waktu dan tempat yang tepat lebih bermanfaat.

Anda dapat mendownload Lirik KJ LENGKAP DAN KPJ LENGKAP UNTUK EASYWORSHIP ( Klik disini )

61. SAESTU KEDUWUNG

61. SAESTU KEDUWUNG
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ )

Saestu keduwung kula, dene kirang setya.
Kadhawuhan kinen tresna dhateng Allah wah sesami,
nging tan ana bukti Aduh Gusti, nyuwun suci

2. Saèstu keduwung kula, dé gesang mung nglaha.
Kèlu pangwasaning dosa, mung nguja sengseming driya,
lampah tan prayogi. Adhuh Gusti, nyuwun suci.

3. Saèstu keduwung kula, dé ndlarung ing dosa.
Nadyan rinoban sih-rahmat, nging datan énggal mratobat,
mangkotaken ati. Adhuh Gusti, nyuwun suci.

4. Saèstu keduwung kula, nglirwakken kwajiban
mrih tuwuhing pasamuwan miwah gesanging bebrayan,
tentreming dumadi. Adhuh Gusti, nyuwun suci.

5. Saèstu keduwung kula, lamun dugèng janji,
gesang kula tan sembada, nilar citraning Sang Rama,
mesthi dèn bendoni. Adhuh Gusti, nyuwun suci.
Share:

62. SIHING ALLAH KANG MAHATRESNA

62. SIHING ALLAH KANG MAHATRESNA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik KPJ )

Sihing Allah Kang Maha tresna sung gesang nyata mring kula.
Yeku sih kang ngeram eramna mring kula tyang kebak dosa.
Mila kula tansah muji tan kendhat rinten lan ratri

2. Yèn Allah nganggep dosa kula
wah lepat klèntuning lampah,
kawula nemahi antaka
wit gesang mung awon tansah.
Nging Gusti lubèr sih-rahmat
kula pepuji tan kendhat.

3. Mring salir tyang, nggih sanak-kadang,
mesthi kawula tedahna
margi kang anjog ing pepadhang,
yéku sih-rahmat sanyata.
Punika sokur kawula
mring Gusti Kang Mahatresna.
Share:

63. TYANG NAJIS NDLARUNG ING DOSA

63. TYANG NAJIS NDLARUNG ING DOSA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik kpj )

Tyang najis ndlarung ing dosa,
tinampik mring swarga.
Allah tan sudi mirsani
sabarang kang nistha.

Reff.
  Nyuwun suci, adhuh Gusti,
  nyuwun suci, nyuwun suci
 
2. Tyang najis datan tinampi ngarsané Hyang Widi.
Adhuh Gusti, mugi karsa mbirat dosa kula.

Reff......

3. Tyang najis ndlarung ing dosa, pinagas ing sihnya.
Dé kang yekti asung bekti, tinunggil ing Gusti.

Reff.....

4 Tyang najis badhé sangsara, cinadhangan nraka.
Kang mratobat badhé begja, cinadhangan swarga.

Reff......
Share:

64. WONG DOSA REMPU ATIMU

64. WONG DOSA REMPU ATIMU
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik kpj )

Wong dosa rempu atimu, nlangsanana dosamu.
Mbok ya ngungsia mring Gusti,
mesthi kinarya suci.

Reff.
  Gusti nimbali sira,
  rungoknata sabdanya,
  pasraha jiwa raga.
 
2. Hé, wong kang ilang kesasar, saparanmu kapirsan.
Gusti nglari lan nimbali, bakal karsa nulungi.

Reff.....

3. Gusti kwasa, mahamirah nresnani sagung jalma.
Mula dèn énggal mareka, mesthi tan nampik sira.

Reff......

4. Sira kaancam ukuman laknat wit dosanira,
nuli énggal umareka, tinebus ing rah adya.

Reff.....
Share:

65. AKU TAN NGRETI MENGKONE

65. AKU TAN NGRETI MENGKONE
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ / lirik kpj )

Aku tan ngreti mengkone,
mung saderma mlaku.
Dudu surya kang dakantu,
jer iku bakal sirna.
Mengkone aku tan kwatir,
wit Gusti wus prasetya.
Lakuku kinanthi Yesus,
mula tentrem uripku

Reff.
  Bab akeh aku tan ngerti,
  kang bakal dakalami,
  nging aku yakin sayekti,
  tasah kinanthi Gusti.
 
2. Sangsaya cetha lakuku, pindha sukma sumengka.
Kepara ènthèng sangganku, kadya méga lir slaka.
Suryané padhang sampurna, tanpa tangis ngrubéda;
wasana kluwungé prapta ardi ngantos akasa.

Reff....

3. Aku tan ngreti mbésuké, bisa nandhang sangsara.
nging kang paring pangan glathik lan ngayomi uripku.
Wektu rumpil pandumanku, bisa urubing latu,
nging Gusti anèng sisihku, wah nebus srana rahé.

Reff.....
Share:

========******========
* Selamat datang di Blog Restsindo.
** Terima kasih telah berkunjung.
*** Tulis saran dan kritik melalui kolom komentar
========********========

Popular Posts

Info Terbaru

DOWNLOAD KJ LENGKAP DAN KPJ LENGKAP UNTUK EASYWORSHIP

Sesuai dengan janji kami pada postingan sebelumnya, dimana kami akan menyediakan Index Kidung Pujian baik Kidung Jemaat (KJ) maupun Index K...

Broker Indonesia

Follow

FOREX To Day
 
 Update tiap 5 menit    < Restsindo >