• Logo Restsindo

    Bentuk dan warna dari logo restsindo, logo tersebut adalah hak milik kami.

  • Rohani

    Hasil olah rasa dan pergumulan kami tentang hidup dan kehidupan

  • Bisnis

    Analisa Pasar Uang dalam Forex, analisa teknikal dan analisa fundamental.

  • Kritikan

    Kritikan memang pedas, tapi jangan lupa kita perlu kritik yang membangun. Kritik yang disampaikan pada waktu dan tempat yang tepat lebih bermanfaat.

Anda dapat mendownload Lirik KJ LENGKAP DAN KPJ LENGKAP UNTUK EASYWORSHIP ( Klik disini )

223. GUMEBYAR !

223. GUMEBYAR !
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Gumebyar ! Gumebyar ! Lintang wetan sumunar.
Pra Pujanggasaking wetan madosi Putra kaswargan
ing kang sampun binabar.

2. Betlehem ! Betlehem ! Pujinen Ratu Salem !
   Linuhurna Hyang Makwasa !
   Tentrem - rahajeng neng bumi,
   manungsa sinarjonan !
 
3. Sangsara, sangsara rawuhe Sang Pamarta.
   Nging nggih niku kang pinuji
   ing golongan bala swarga.
   Nggih niku Gusti kula.
 
4. Dhuh Gusti, dhuh Gusti ! Kawula saos bekti.
   Ryadin m'nika, mugi kula
   wilulanga andedonga,
   sowan mring Sang Ginusti.
 
Share:

224. GUSTI, RAMA ING SWARGA

224. GUSTI, RAMA ING SWARGA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Gusti, Rama ing swarga kawula nglenggana,
de kadya Zakharia, tan mantep pracaya
maring dhawuhing Allah denya paring berkah.

2. Gusti Yesus Sang Kristus, kanthi manah tulus,
   kadya Yusuf lan Maria sumarah mring Allah
   Mugi Natal punika ngekahna pracaya
 
3. Putreng Allah sejati, kawula memuji
   sesarengan malaekat memuja tan kendhat.
   Mugi Natal punika babaring sih- tresna.
Share:

225.HALELUYA ! YESUS KRISTUS

225.HALELUYA ! YESUS KRISTUS
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Haleluya ! Yesus Kristus ngrawuhi manungsa.
Padhanging kamulyanipun kawuryan neng donya.

2. Haleluya ! Rawuhipun awit welasipun
   mring para umat sadarum, amrih gesangipun.
  
3. Haleluya ! Yesus Kristus dados Juru Slamet,
   Panuntun kang setya tuhu Ratu Langgeng.
  
4. Haleluya ! Haleluya ! Putranipun Allah
   sampun miyos ing Betlehem. Pinujia tansah !
Share:

226. HOSIANA, GUSTIKU

226. HOSIANA, GUSTIKU
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Hosiana, Gustiku rawuh saking ngaluhur.
Hosiana, Gustiku rawuh saking ngaluhur.
Pra manungsa sajagad den paringi sih rahmat,
gedhe cilik ywa kliwatan. Payo muji Pangeran.

2. Hosiana, Gustiku rawuh saking ngaluhur.
   Hosiana, Gustiku rawuh saking ngaluhur.
   Pra manungsa sadonya samya amanembrama;
   samangkya sajagad bingah, wit katresnaning Allah.
  
3. Hosiana, Gustiku rawuh saking ngaluhur.
   Hosiana, Gustiku rawuh saking ngaluhur.
   Pra manungsa sabumi samya atur pamuji;
   samangkya samya ngabekti maring Sang Kristus Gusti.
Share:

227. IBA ENDAH CAHYENG RATRI

227. IBA ENDAH CAHYENG RATRI
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Iba endah cahyeng ratri kang nyunari jagad rat;
duk praduta swarga prapti ngundhang aken sih rahmat.
Raharja, prajalma kang sinungan kawaluyan,
lantaran Sang Pamarta, lantaran Sang Pamarta.

2. Puji konjuk Hyang Maluhur kang melasi mring jalma;
   nglepataken saking ukum, mitulungi raharja.
   Pra jalma sayogya ndherek muji Hyang Masuci,
   langgeng ing salaminya, langgeng ing salaminya.
Share:

========******========
* Selamat datang di Blog Restsindo.
** Terima kasih telah berkunjung.
*** Tulis saran dan kritik melalui kolom komentar
========********========

Popular Posts

Info Terbaru

DOWNLOAD KJ LENGKAP DAN KPJ LENGKAP UNTUK EASYWORSHIP

Sesuai dengan janji kami pada postingan sebelumnya, dimana kami akan menyediakan Index Kidung Pujian baik Kidung Jemaat (KJ) maupun Index K...

Broker Indonesia

Follow

FOREX To Day
 
 Update tiap 5 menit    < Restsindo >