Jumat, 22 Maret 2013

KPK 275.

PUNAPA DOSANIPUN GUSTI YESUS

1. Dhuh Yesus Gusti, punapa dosanta, nadyan Ma-suci nging sinalib seda ?
    krana sih tresna Paduka mring kula, Gusti toh nyawa.

2. Dhuh Ratuning rat, punapa sebabnya makuthanta ri sinami durjana ? 
    mrih salir umat rinoban sih rahmat.luwar sing laknat.

3. Dhuh Imam Agung margine punapa sriranta suwung dados kurban nyata ? 
    mrih sagung titah dados putreng Allah luber ing berkah.

4. Dhuh Nabi Yekti napa ndika klentu ? de katrap pati krana seksi palsu
    wit nebus jalma sing kwasaning dosa mrih gesang nyata.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar