Jumat, 22 Maret 2013

KPK 274.

KALUWARAN

1. Luwar, luwar,luwar saking siksa, puja, puja, konjuk Sang Pamarta.
    samangke kita merdika wus kawon pangrehing dosa wit Sang Kristus wungu nyata
Reff :
sigra, sigra den wartakna wrata kabar adya nggih kratoning swarga.
Allah nylametken manungsa, pra pracaya tentrem begja.

2. Luwar, luwar, luwar saking siksa, puja, puja, konjuk Sang Pamarta 
    kita sami tyang pracaya nyegah hawa nepsu dosa nunggil Gusti ing sedaya 
Reff :
sigra, sigra den wartakna wrata kabar adya nggih kratoning swarga.
Allah nylametken manungsa, pra pracaya tentrem begja.

3. Luwar, luwar, luwar sing naraka puja, puja konjuk Sang Pamarta 
    mangkya kita gesang yekti tan winengku dening pati wit nunggil wunguning Gusti
Reff :
sigra, sigra den wartakna wrata kabar adya nggih kratoning swarga.
Allah nylametken manungsa, pra pracaya tentrem begja.
4. Luwar,luwar,luwar sing naraka puja, puja konjuk Sang Pamarta 
    kita umat kang piniji mikul salib saben ari ngambah margi gesang suci
Reff :
sigra, sigra den wartakna wrata kabar adya nggih kratoning swarga.
Allah nylametken manungsa, pra pracaya tentrem begja.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar