Senin, 25 Maret 2013

KPK 248.

SANGSARANING GUSTI

1. Saiba sangsaraning Gusti anyanggi bebendu
    nadyan tan dosa nging sinami lir durjana satru
    ingukum kisas nggegirisi  tan kendat siniya
    jinemalan lajeng kasalib anemahi seda.

2. Sanadyan Gusti tanpa dosa nglampahi pinenthang, 
    nggenNya ngrembat dosaning jagad tumanduk salir tyang, 
    nggenipun masrahaken nyawa dhasar dipun sedya, 
    karsanya nebus tiyang kathah nggih kula sadaya.

3. Gusti sinalib ambabarken sihe Allah Rama 
    ingkang Putra den tegakaken mrih kraharjan kula, 
    saiba sih piwlase Allah dhateng tiyang dosa, 
    sami pinaringan apura lantaran kang Putra.

4. Sinalibing Gusti ngosikken tyas kula sadaya, 
    ngraosaken labuh labetnya anombokken nyawa, 
    sestu kula rumaos begja tampi katresnannya, 
    prayogi yen kula wangsuli pitados wah bekti.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar