Senin, 25 Maret 2013

KPK 247.

PAMUJI ING JUMAT AGUNG

1. Ing dinten adi puniki  kula muji mring Gusti 
    kang dados juru basuki karsa ngurbanken dhiri
    sinalib dumugeng seda nyangnggi bebendu ning dosa 
    mrih tyang pracaya  waluya, rinukunken klayan Allah, 
    nggih dinadosken PutraNya cinadhang kraton swarga.

2. Ing dinten riyadi niki kula nggunggung mring Gusti,
    kang gung tresnanya mring jalma ngantos nombokken nyawa, 
    kang nimbali pra pracaya nderek tunggil ing sedanya 
    nampik kepincuting dosa tansah ngudi gesang suci, 
    mbangun turut dhateng Gusti mrih asih trusing ati.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar