Rabu, 03 Januari 2018

340. ING PAPRENTAHANING ALLAH

340. ING PAPRENTAHANING ALLAH
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

1. Ing paprentahaning Allah,
   sadaya nengsemken,
   Para titah samya rukun,
   nilar pasulayan;
 
Reff.
   Sumangga, gumregut makarya
   kagem Gusti dados cihna,
   mrih tentrem rahayu sejati
   binabar aneng donya.
 
2. Sami dene angantosi
   migatosaken liyan
   supeket ing pasrawungan
   bekti mring Pangeran. Reff.
 
3. Kadya singa lan menjangan
   sami gegojegan,
   mantun dennya memengsahan,
   mlegung sesarengan. Reff.
 
4. Sami memitran saestu,
   tresnanya satuhu,
   wit pangrehing Hyang Makwasa
   makarya lumintu. Reff.
 
5. Makaten kaanan donya
   yen kebekan sihnya,
   tan ana sedya miala
   lan panggawe cidra. Reff
 
6. Kadya dhasaring damodra
   sinasaban toya,
   wit karoban kawruh
   yekti tepang Hyang Makwasa. Reff.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar