Kamis, 18 Januari 2018

305. IBA KASAENANING GUSTI

305. IBA KASAENANING GUSTI
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Iba kasaenaning Gusti,
andhawahaken bujana
mring para abdine; kasuprih
mentepipun pracaya,
punapa malih rukun ira,
de pitungkasing Pangeran
dhateng para sakabatipun
kinen sami sihsinihan

2. Mila kula gadhah panyuwun, kang mugi - mugi wontena
   sih jumurunging Gusti pyambak, nggen kula sami bujana;
   supados sestu andadosna tetepipun ing pracaya
   saha indhaking tersna kula mring pra sadherek sadaya.
  
3. Gusti, nggen kula niti priksa kawontenaning tyas kula
   saestu sageda pinanggih, kang dados klepatan kula;
   saha denakeni tumunten, mboten kula pitambuhi;
   aluwung nyuwuna apunten, kang sarta tobat ing Gusti.
  
4. Punapa kula ngenget-enget dhateng pisakit Paduka,
   mangka mboten purun neangsa ngrumaosi lepat kula ?
   Punapa sanes dosa kula kang denrembat dening Gusti
   mila sawarnining piawon sageda kula singkiri ?

Tidak ada komentar:

Posting Komentar