Rabu, 30 Agustus 2017

365. MANAH KULA BINGAR

365. MANAH KULA BINGAR
( Kidung Pasamuwan Jawi )

Manah kula bingar lir pendah paksi,
ingkang ngenggareng garneng epang ing wit.
Tansah wira wiri, colat colote,
sarwi ambadhungi ing pangidunge.

2. Swarane barungan laras sayektos,
   mawi asauran gantos - gumantos
   rame awurahan mabur - mabure,
   lan embyak - embyakan ing kekejere.
 
3. Apik busanane kathah pasrene,
   manca warna lare radin klimise.
   Resik mulus tansah, langkung tlatose,
   nggone abebingah ing padusane.
 
4. Allah kang ngrimati pra peksi samya,
   inggih anopeni mring jasad kula.
   Kula nggih bebingah sarwi ngrerepi,
   sakeca ing manah ngungkuli peksi.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar