Senin, 01 April 2013

KPK 125.

PASRAH SUMARAHA

1. Aja sumelang bab uripmu, ywa cilik ing kal-bu
   yen pepeteng nglimputi ati ngayoma mring Gusti
Refr: Allah yeku Rama ngreksa sira salaminya
      Pasrah sumaraha mrih tentrem raharja.

2. Lamun tininggal sanak kadang ywa semplah ing driya
   yen kamukten kamulyan ilang mantepa pracaya,
Refr: Allah yeku Rama ngreksa sira salaminya
      Pasrah sumaraha mrih tentrem raharja.

3. Lamun tinempuh kacingkrangan prayitna mring dosa 
   yen kena lelara panandhang waspada mring godha,
Refr: Allah yeku Rama ngreksa sira salaminya
      Pasrah sumaraha mrih tentrem raharja.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar