Rabu, 03 April 2013

KPK 112.


MUGI MBERKAHI KULA

1. Adhuh Gusti kula  sestu ngorong berkah Paduka
   yeku kang ngayemken kalbu  mugi mberkahi kula
   nggih kula, nggih kula mugi mberkahi kula

2. Mugi sampun anglangkungi dhateng kula dhuh Rama
   mrih kula luwar sing pati mugi mlasi mring kula
   nggih kula, nggih kula mugi mlasi mring kula.

3. Sampun anglangkungi kula dhuh Pamarta kang setya
   mrih kula unggul sing dosa mugi nimbali kula
   nggih kula, nggih kula, mugi nimbali kula.

4. Dhuh Roh Suci, mugi sampun anglangkungi mring kula
   mrih gesang anyar lestantun mugi madhangi kula
   nggih kula, nggih kula, mugi madhangi kula.

5. Dhuh Pangen, sampun alangkung ngengetana mring kula
   mrih kula tansah raharja mugi mberkahi kula
   nggih, kula, nggih kula, mugi mberkahi kula.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar