Selasa, 19 Maret 2013

KPK 310.

GREJA PRASASAT BAITA


1. Greja prasasat baita neng tengah samodra

   Kristus kang dadya panutan enering lampahnya

   nadyan tan sepi bebaya ombak Ian prahara

   mesthi tulus kang sinedya gisiking sampurna

   angger tansah tan suwala mring sagung pangrehnya

   temah sembada widada kalis sing rubeda

Reff :

Ayo di sedya tulung tinulung tunggal sedya karya aneng Sang Pamarta        

ngantos salaminya.


2. Greja prasasat baita neng tengah samodra,

   Kristus kang dadya panutan enering lampahnya,

   manuta pandoming lampah nggih sabdaning Allah,

   nyingkirana watu karang sengseming kadonyan,

   mrih tan nemahi cilaka kerem ing samodra,

   temahan tan bisa dadi seksinipun Gusti,

Reff :

Ayo di sedya tulung tinulung tunggal sedya karya aneng Sang Pamarta        

ngantos salaminya.


3. Greja prasasat baita neng tengah samodra,

   Kristus kang dadya panutan enering lampahnya,

   samangsa prahara nempuh iman kudu kukuh,

   samangsa pedhut sumrambah aja gampang semplah,

   nadyan ombak mbilaeni aja cilik ati,

   wit Kristus pyambak kang nganthi mrih greja lestari

Reff :

Ayo di sedya tulung tinulung tunggal sedya karya aneng Sang Pamarta        

ngantos salaminya.


4. Greja prasasat baita neng tengah samodra,

   Kristus kang dadya panutan enering lampahnya,

   yen tan padha tunggal ati nemahi bilai,

   baita lepas kendhali tininggal perdondi,

   wit sayektine bebaya neng tengah samudra,

   uga king jroning baita mula diwaspada,

Reff :

Ayo di sedya tulung tinulung tunggal sedya karya aneng Sang Pamarta        

ngantos salaminya.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar