Selasa, 19 Maret 2013

KPK 305.

 BRAYAT KANG RAHARJA


1. Kadya Adam Ian Kawa kang dedunung neng Pirdus,        

    ajrih asih mring Allah, ngabekti kanthi tulus

    tresnanya murni, gesangnya suci,        

    ru-kun setya wah raharja tansah tinunggil Rama        2X


2. Tiyang kang sesomahan kang dadya putreng Allah,

    ngudi ing kamursidan asih mring sagung titah,

    jujur ing lampah wah lembah manah,        

    arum jroning pirembagan kekah denya bebrayan.        2X


3. Tiyang kang sesomahan kang bekti mring Pangeran,

    bingah nggunggung Sang Rama sisah ngaub ing sihnya

    darma bektinya landhesan sabda; 

    dadya lantaraning berkah ing bebrayan ngakathah.  2X

Tidak ada komentar:

Posting Komentar