Selasa, 19 Maret 2013

KPK 302.

TANGSUL SUHING NENINGKAHAN


1. Tangsul suhing pala  krama ingkang sestu santosa,

    nggih tresna ingkang sejati tulus sepi ing pamrih,

    kados tresnaning Sang Rama dhateng sagunging tyang dosa

    myang ngurbanken kang Putra.


2. Tresna mring somah Ian putra, pindha badan priyangga,

    sami silih angladosi, temah brayat nyawiji,

    lir pasamuwan kang bekti, wah mbangun turut mring Gusti,

    tegen ing gesang suci.


3. Gusti mesthi amberkahi, brayat kang sih sinihan,

    cecongkrahan den singkiri, tansah ngarah kraharjan,

    sami silih labet labuh, saiyeg nglawan pakewuh,

    tresnanya saya tuwuh.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar