Selasa, 19 Maret 2013

KPK 294.


 KABABARING ROH SUCI

1. Dhuh Roh suci Rohing katresnan nuntuna mring kula slaminya
    mbabarken sih tresnaning Allah mrih jagad tentrem wah raharja
    ngrukunken tyang kang memengsahan nuntun mring pitobat tyang dosa
    nggegesang tyang semplah ing manah dhuh Gusti nuntuna mring kula.

2. Dhuh Roh Suci Roh kasunyatan nunggila mring kula slaminya
    mbabarken bebenering Allah mrih tobating tyang ambeg siya
    labuh labet sepi ing pamrih nglawan panindhes kalayan sih
    tan ajrih pepalang rubeda dhuh Gusti nunggila mring kula.

3. Dhuh Roh Suci Roh kaadilan nganthia mring kula slaminya
    ambabarken adiling Allah wit dayaning pati wus kalah
    ngluwari tyang binanda dosa nguculi jireting duraka
    ngayomi tyang ringkih wah papa dhuh Gusti nganthia mring kula.

4. Dhuh Roh Suci nggih witing berkah nglantinga mring kula slaminya
    ambabarken Kratoning Allah sumrambah sajagad warata
    jagad pulih dadya lir Pirdus wah tyang ngabekti kanthi tulus
    rukun Ian Allah myang pepadha dhuh Gusti nglantinga mring kula.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar