Rabu, 20 Maret 2013

KPK 291.

WIT KWASANING SANG ROH SUCI

1. Sang Roh Suci sung daya  ngasorken panggodha
    manah semplah wit sisah sestu dados bingah
    tyang rinoban pepeteng sinung padhang langgeng
    mila ayem ing driya tentrem rarja
Reff :
wit kwasaning Sang Roh Suci, gesang yekti
tansah begja kalis sing rehing pati.

2. Sang Roh Suci sung kwasa ngasoraken dosa
    tyang mursal sarta mblunthah mratobat mring Allah 
    gesang mursid sayekti nresnani sesami 
    sarta remen leladi trusing ati 
Reff :
wit kwasaning Sang Roh Suci, gesang yekti
tansah begja kalis sing rehing pati.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar