Rabu, 27 Maret 2013

KPK 198.

PAMUJI ING BUJANA SUCI

1. Dhuh nyawaku sira saosa puji mring Pangeran Allah Kang Maha suci
    sabatinku ngluhurna asmane dhuh nyawaku Yehuwah kamulyakna
    aja lali mring gunging kadarmannya elingana sawiji wijine

2. Pujinen kang ngapura dosanira kang marasken sagung lelaranira 
    nebus uripmu saking antaka kang ngerobi sira klawan kawlasan 
    wah maregi umurmu Ian kadarman myang ngenomke kakuwatanira

3. Yehuwah paring adil kang sanyata mring saliring wong kang kinaniaya 
    saklangkung dennya sung palimirma agung sabare Ian sih kadarmannya 
    datan salaminya nggenira duka wah bebendunya den sirep nulya.

4. Sepira dhuwure langit sing bumi samono sih kadarmane Pangeran 
    mring wong kang nyaosi pangabekti sepira dohe kulon saka wetan 
    samono nggenira ngedohken dosa wah panerak sing tyang kang pracaya

5. Kadya welasing bapa mring anaknya mangkono Allah dennya asih darma 
    mring wong kang nyaosi pangabekti mila slamanya yogya den pepuji 
    kamulyane den caritakna yekti mrih sagunging manungsa ngabekti

6. Pangeran Yehuwah ambeg welasan wah tansah ngegungken ing kasabaran 
    sih susetyane langgeng slawase wah enggal sirep duka bramantyane
    nging tansah ngluberken sih mring tyang dosa tyang kang lepat mesthi den apura.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar