Rabu, 28 Februari 2018

223. GUMEBYAR !

223. GUMEBYAR !
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ )

Gumebyar ! Gumebyar ! Lintang wetan sumunar.
Pra Pujanggasaking wetan madosi Putra kaswargan
ing kang sampun binabar.

2. Betlehem ! Betlehem ! Pujinen Ratu Salem !
   Linuhurna Hyang Makwasa !
   Tentrem - rahajeng neng bumi,
   manungsa sinarjonan !
 
3. Sangsara, sangsara rawuhe Sang Pamarta.
   Nging nggih niku kang pinuji
   ing golongan bala swarga.
   Nggih niku Gusti kula.
 
4. Dhuh Gusti, dhuh Gusti ! Kawula saos bekti.
   Ryadin m'nika, mugi kula
   wilulanga andedonga,
   sowan mring Sang Ginusti.
 

1 komentar: